Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 86 kali

Katon Ana Urub Geni ing  Dhuwur Maejan

Mula buka anane program TV Bo­lang Bocah Petualang saka Padukuhan Bolang, bawah Desa Girikarto, Kecama­tan Panggang. Tujuwane kanggo ngenal­ke para bocah marang potensi budaya sarta wisata ngenggon. Tekan dinane ki­yi si Bolang wis njajah desa milang kori tekan wewengkon Papua.

“Kacariyos tembung si Bolang pancen asal­ipun saking mriki Mas,” mangkono pratelane Sukirjo (47) kapala Padukuhan Bolang ing daleme.

Esuk iku masyarakat Padukuhan Bo­lang nembe gotong royong masang talud cedhak paran dunung uwit Bulu sing tu­wuh ing tengah protelon dalan dusun. Tujuwane amrih kahanan padukuhan lu­wih edi. Awit diliwati dening kendaraan wisatawan nalika nuju Pante Gesing.

“Menika dana bantuwan saking per­seorangan Mas,” ujare Sukirjo

Anggone gawe talud dicepetke. So­ale wis nyedhaki dina riyaya Idul Fitri. Sa­najan dina riyaya, nanging ing dina iku dalan dusun bakal mundhak rame diliwati kendaraan wisatawan. Kadidene taun sing kawuri. Kahanane pante Ge­sing bakal luwih rame katimbang dina prei biyasane.

Katandhing padukuhan liyane, wila­yah padukuhan Bolang kagolong amba. Nganti wewengkon Pante Gesing. Pante sing wiwit jaman kuna wis dikenal mi­nangka paran dunung masyarakat Bo­lang golek pangupa boga golek iwak se­gara. Terus dikemonah, mbarengi ma­june pariwisata ing sakdawane pesisir kidul Gunung Kidul.

Sakliyane pante, padukuhan Bolang duwe potensi wisata alam, budaya sarta pasujarahan. Mung wae durung antuk kadigaten serius saka masyarakat. Sak an­tarane yaiku patilasan majapahitan wujud pasareyan sing dumunung ing si­sih kulon Padukuhan. Kapernah sisih lor dalan kabupaten.

“Ingkang sumare ten mriku kasebat Mbah Raja Gambira mas,” Sukirjo ne­rangke.

Paran dunung pasareyan Mbah Raja Gambira kapernah ana ing wewengkon pasareyan sisih lor kulon, cedhak pondasi watu padhas putih. Ing sisih lore tuwuh grumbul wit pring apus. Katandhing sak­durunge, jaman saikine katon luwih pa­dhang sarta lodhang. Wewangunan cung­kup sing maune ngebali pasareyan dibongkar sakabehe.

“Supados nggampilaken manawi won­ten sripah,” imbuhe Sukirjo.

Miturut dongeng simbahe Sukirjo, kahanan pasareyane Mbah Raja wiwit jaman kuna ora kacungkup. Mligi tine­ngeran maejan siji thok thil. Mundhi dha­wuh pesene Mbah Raja sing kawariske run tumurun. Nanging sawatara wektu kepungkur maejane wis dianyarke ngang­go watu.

“Manawi jaman kinanipun wujud ba­lok kayu,” Sukirjo nerangke.

Sengaja diganti, soale maejane kayu wis rusak dipangan rayap sing muncul ing titiwanci tartamtu. Sanajan kayune atos, merga digawe saka galihing kayu jati, nanging suwening-awuse meksa bolong-bolong mungsuh capite rayap sing dikenal landhep.

Katandhing karo maejan liyane, ke­para maejane Mbah Raja kalah apik. Ka­ton prasaja. Upama ora ana sing ndo­ngeng, bakal ora ana sing ngerti, yen mae­jane iku wujud tapak tilas piyayi Majapahit. sanajan mangkono, nanging nggembol carita sing kaya-kaya durung ditemoke ana ing maejan liyane.

“Nuju malem Selasa Kliwon wanci son­ten, sok ketingal wonten urub geni ing nginggil maejane Mbah Raja,” ujare Sukirjo mantep.

Kadadeyan sing pungkasan dumadi ing pungkasan sasi April kepungkur. Ka­carita nom-noman sing nembe ngurusi kandhang pitik sing dumunung ing se­brang dalan pasareyan, ngerti-ngerti we­ruh ana geni muncul ing awing-awang. Maune dikira ana wong obong-obong uwuh.

Kanggo mbuktekake, nom-noman iku ban­jur mlaku nyedhak. Pranyata ora ka­ton ana wong kumliwer ngobong uwuh. Bareng ditamate tibake muncul ing ndhu­wur maejane Mbah Raja. Nom-noman iku banjur kandha marang kancane. Wasana kabar iku banjur nyebar ana ing masyarakat.

“Wujudipun geni menika boten mesthi sami Mas,” imbuhe Sukirjo

Wujude geni sing asring diweruhi yaiku sarupa keris jangkung. Lurus, na­nging ing cedhak pucuke menggak menggok sarupa ilat geni. Lumayan gedhe sarta katon cetha. Merga titi wancine katon mba­rengi karo angslupe sang bagaskara.

“Miturut san­jange para sepuh, geni menika nggam­barake daya linuwih ga­dhahane Mbah Raja,” Sukirjo ne­rangke.

Ana ing donya­ne daya-daya su­pranatural, dike­nal minangka da­ya prabawa sing bakal katon mancar saka sak randuning raga. Nanging ana ing donyane spiritual, geni dadi lambang daya kekuwatan bisa ngresiki sarta njaga kahanane ati, amrih tansah bersih, sukci. Adoh saka saliring rereged.

Bab iku nuduhake menawa Mbah Raja kagolong pawongan sing gentur tapane. Nganti bisa njaga kahananing ati. Be­basan kaca wirangi, saking resike, nganti kaya paesan jati. Bisa mantulake cahya alus sing asale saka alam kalanggengan. Banjur dipancarke ana ing alam kanya­tahan.

Ana saweneh papan sing kocap dadi papan Mbah Raja manguntapa. Wujude dudu guwa utawa ing pinggir kali. Na­nging ana perengan gumuk cilik ing Du­sung Tanjungsari. Saka pasareyan arahe ngidul ngulon. Adohe watara 300 meter. Tinengeran uwit asem pinacak suji ing ngisore.

“Tiyang mriki mastani paseban,” ujare Sukirjo.

Tembung paseban mengku surasa papan kanggo seba utawa sowan. Ka­lumrah kanggo ngarani papan seba para kawula marang Gustine. Nanging ing ke­ne tembung seba kanggo mbasake na­lika saweneh pawongan sowan ing ngar­sane Gusti Kang akarya Jagat ing alam pasamaden.

Ngelingake marang tembang ilir-ilir yasan eyang Sunan Kalijaga. Nggambar­ke kahananing suksma jati nalika arep sowan ana ing ngarsa Gusti Kang Akarya Jagat. Mula kalumrah menawa ana ing duwe panemu menawa paseban iku ana gathukane karo lelakone Sunan Kalijaga.

“Ing titi wanci tartamtu kangge wilu­je­ngan sarta kangge bucal panjang ilang,” imbuhe Sukirjo.

Kalumrah kanggo wilujengan nuju mangsa labuh. Nalika kadang tani arep miwiti tandur. Masyarakat padha kumpul ing paseban kakanthi nggawa uba rampe sesaji, utamane panjang ilang. Sajrone atur pandonga, nyuwun ing ngarsa Gusti Kang Akarya Jagat amrih anggone nenandur kalis saka saliring ama sarta asile bisa luwih apik.

Kahananing ati Mbah Raja sing apik sarta tansah resik mahanani solah ba­wane tansah ngatonake kabecikan sarta kebak ing  kabagyan. Pasuryane tansah suka gambira sanajan urip ana ing pa­ran. Mahanani kahanane ati banjur katon kadidene bolong. Mula kalumrah mena­wa piyayi Majapahit sing jaman sugenge ora krama iku banjur duwe asma jejuluk Raja Gambira.

“Manawi asma aslinipun sinten, de­reng mangertos,” ujare Sukirjo.

Manut pangrasane pangripta, asma asline yaiku Raden Harya Balang. Putra Sinuhun Brawijaya pungkasan nomer 66. Kagungan asma timur Raden Jaka Balang. Saka tembung balang sarta ka­hanan ati sing wis bolong iku dadi mula buka anane tembung bolang. Ing wuri bakda Mbah Raja seda, banjur kanggo aran Padukuhan Bolang.

“Manawi papan sepisanan nalika Mbah Raja sowan mriki winastan Dusun Trukan,” Sukirjo nerangake.

Kanggo ngurmati sarta amrih lestari, papan patilasan sing ana gathukane karo lelakone Mbah Raja ing mengkone bakal karukti amrih katon luwih edi. Semono uga dongenge Mbah Raja bakal digawe baku. Amrih anak putu ora kelangan lacak. n

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Apa gunane kasuksesan yen bab kuwi ora mupangati tumrap kita, keluarga lan wong liya.

Klik

Omah Teko

Kaya apa omah impenmu? Apa sing gaya Eropa kanthi maneka saka ing njerone? Utawa pengin sing gaya minimalis nanging tetep nyaman? Kanthi ndeleng maneka inspirasi ing majalah utawa internet, para maos bisa nggathukake maneka desain saengga muncul gaya omah kang unik lan beda saka sing liyane. Salah sijine yakuwi kaya omah kang modhel teko iki? Mbokmenawa kanthi model teko iki para maos bisa nemokake ‘kehangatan’ ing njerone. (d/ist)***

Pethilan

Korupsi proyek mesjid, bupati Solok Kidul resmi ‘tersangka’

Koruptor Indonesia pancen kendel mesisan keblinger!

Prioritas masyarakat jroning blanja ritel nggeser

Dhuwite dicelengi nggo mudhik

Wong cacah 5 kang dinuga teroris dirangket ing Bekasi

Aja lena…