Nalika Bocah Wiwit Mbantah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sekar Arum - Dibaca: 20 kali

Nduwe anak sing manut marang ibu lan ramane, mbokmenwa pancen maremake. Ngongkon mrana, bocahe lunga mrana. Dipenggak amrih aja ngono, ya manut ora tumindak kaya ngono. Ibune lan ramane ora kober rumangsa mangkel, ora nganti perlu nesu-nesu. Ananging yen ana bocah sing nduweni panemu beda, yen dituturi mbantah, apa ateges bakale bubrah?

Sejatine, saben bocah nduweni pradatan sing beda-beda nalika ngadhepi wongtuwa lan sakupenge. Ana sing wis pacakane anteng lan manut, ana sing rada seneng usreg dhewe lan tansah kepengin ngerti werna-werna, ana sing polahe akeh lan seneng bebarengan kancane, lsp. Semono uga nalika bocah banjur nindakake bab sing kanggone wongtuwane ora pener lan dilokake. Tanggepane ya ora padha.

 

Meneng Ngrungokake

Ana bocah yen dituturi wongtuwane ndhingkluk, meneng, ngrungokake. Semono uga yen ta nganti diseneni, kaya ngapa wae tetembungan lan swarane wongtuwane, ya mung ditampa. Bocah modhel ngene iki ya isih ana rong jinis. Sing siji, ngrungokake tenanan lan ngrumangsani salahe. Dene sijine, mung amarga wedi, utawa malah wegah nyuwara, saengga macak anteng wae nalika diseneni. Nanging sejatine sakabehe pituture ibu lan ramane mung mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen, lan kosok baleen

 

Ngrungokake lan Nggatekake

Bocah sing gelem ngrungokake lan ngatekake temenan pituture wongtuwane, bakale ngresepake apa sing diwedharake ibu lan ramane. Ukara mbaka ukara digatekake tenan, nganti mudheng gegyutane karo punjering perkara. Yen sing diandharake ibu lan ramane iku selaras karo apa sing wis katindakake, lumrahe bocah bakal ngakoni sanadyan mung batine. Sabanjure, bakale nabet ing ati lan pikirane, yen tumindake kuwi mau ora becik. Dene prayogane, sing ditindakake ya kaya sing diandharake wongtuwane.

Beda maneh yen si bocah rumangsa apa kang dituturake wongtuwane ora trep karo perkara sing kelakon. Bocah bisa rumangsa ditutuh kamangka ora tumindak kaya mangkono. Utawa, nduweni pamikiran lan alesan tinamtu saengga nindakake bab kasebut.

 

Nggatekake lan Tumidak

Bocah sing kulina nggatekake pituture ibu lan ramane kaya sing kababar ing ndhuwur iku, ana rong macem. Siji, sing nggatekake lan banjur tumindak selaras karo bab sing dipahami. Yen dhawuhe wongtuwane bener, ya banjur ngakoni salah lan njaluk palilah kanggo ndandani tumindake. Lha yen sing dituturake ibu lan ramane rinasa ora trep, ya banjur semaur, ngandhakake kedadeyan sejatine miturut dheweke. Utawa, alesan lan pamikirane, dene si bocah nindakake bab kasebut.

Ana maneh modhel bocah sing nggatekake sakabehe ukara saka ibu lan ramane nalika dituturi, ananging ora tumindak apa-apa. Ngrumangsani salah, ngakoni ing batine, nanging banjur wis ngono wae. Yen kudu ndandani olehe tumindak kliru, ora wani. Dene sing rumangsa pituture wongtuwane ora trep, ya tetep meneng wae, jalaran wedi utawa wegah ndedawa perkara. Sidane kedadeyan iku mung nandhes ing ati lan pikirane, rasa ora mareme ya diulu dhewe.

 

Bocah Wiwit Mbantah

Saka maneka modhel bocah kaya ing ndhuwur, putra putri pajenengan klebu sing endi? Yen anak luwih saka siji, lan beda banget sapari polahe, ya lumrah wae. Lha, kepriye yen nduwe bocah sing maune manut, banjur wiwit kerep mbantah nalika dituturi?

Nalika anak isih bayi, butuh pokoke pancen isih nyusu, memangan, sandhangan anget, swasana seger, lan dikekudang wongtuwane. Tambah umure, tansaya gedhe anggane, tumangkar uga pamikirane. Sing maune manut memangan apa sing dicepakake ibu lan ramane, malih dadi kepengin icip-icip werna-werna. Diwuruki yen pedhes, meksa nyolong-nyolong ndulit. Sidane kepedhesen nangis jerit-jerit. Dikulinakake ngerti barang kena dipangan karo sing ora, suwe-suwe rasa kepengin ngertine ora mekakat, mbelek pitik ya didilat.

Lha nalika tumindak ora pener, kaya ta kerah karo kancane, nganti njiwit utawa ngeplak, banjur diseneni, ora kuwawa maneh meneng, pilih semaur. Bab iki bisa njalari ibu lan ramane ora lega atine. Bocah cilik diipuk-ipuk, tambah gedhe dikandhani kok malah mbantah.

Prayogane ibu lan rama aja langsung katut melu emosi. Sebisa-bisane emosine dikendhaleni, aja nganti banjur nyuwara sing luwih sero. Yen ta nganti rada nggereng, tetembungane ya sing trep, aja kasar.

Unjal ambegan bisa dadi salah sijine cara kanggo ngendhaleni emosi. Ya nalika unjal ambegan iku, sinambi ngrumangsani, yen ta kabeh iku proses tumangkare bocah. Sing maune manut jalaran ngerti iki kuwi ya mung saka ibu lan ramane, dadi rada ngeyelan jalaran wis ngerti luwih akeh bab lan kahanan.

Sabanjure, ibu lan rama bisa ngajak bocah rembugan. Wangsulane bocah nalika dituturi mau, mengku karep apa. Kepriye larah-larahe, lan apa sing dadi alesane nindakake bab kasebut. Mesthi wae iki katindakake nalika ya wong tuwa ya anake wis padha lereme.

Yen wis luwih cetha kepriye perkarane, banjur diudhari mbaka siji. Umume bisa kanthi dijlentrehake saka wiwitan (kronologis). Yen pancen sing dadi jalarane tumindake bocah iku bisa tinampa nalar, ya banjur dibacutake ngrembug bab sabanjure. Nanging yen pancen ora trep, ya kudu kanthi teges dielingake. Swasana sing lerem, tetembungan sing alus, sanadyan teges, lumrahe luwih bisa ditampa dening bocah.

Sing ora kena lali, yaiku ngrembug bab pamrayoga. Bisa wujud conto tumindak sing bener (yen bocah pancen kliru), utawa tumindak sing luwih prayoga (yen tumindake bocah ora trep ananging kanthi alesan sing klebu nalar). Kanthi dirembug bebarengan, solusi kasebut bakale dadi “pasarujukan”. Ora mung saderma pituture wongtuwa, ananging bab pener sing dimangerteni dhewe kanthi temen dening bocah. (lie)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik