Mule Metri Masyarakat Blitar
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 20 kali

Kanggo mrantasi maneka bab kang dumadi ing alam pepadhang, wong Jawa kudu nduweni nilai kang suci, sarta sangkan paran (paling pungkasan). Mula wong Jawa banjur nduweni kapitayan yen kabeh manungsa iku asale saka Gusti Allah lan bakale uga bali marang Gusti Allah.

Bab iki wis dijlentrehake, tuladhane ing konsep sangkan paraning hurip, sangkan paraning dumadi, mulih menyang (ana) ngarsaning (Gusti) Pengeran, sangkan paraning manungsa, dumadine manungsa, Gusti Kang Murbeng Dumadi, Gusti Kang Akarya Jagad, Gusti Kang Akarya Agesang, warangka manjing curiga (curiga manjing warangka), aja lali marang asale, mulih mula mulanira, urip iku saka Pangeran, bali marang Pengeran, Gusti Allah mboten sare, nggih kersaning Allah ndilalah kersaning Allah lan kawruh (ngelmu, wikan) sangkan paran utawa pangawikan sangkan paran kang wigati banget lan utama tumrape wong Jawa.

Sangkan paraning hurip ngemu teges yen Gusti Allah dadi asal-usul lan arah tujuan urip wong (manungsa) Jawa. Sangkan paraning dumadi uga ateges Gusti Allah dadi asal-usule lan arah-tujuane, malah sumbu kahanane wong Jawa. Mulih menyang (ana) ngarsaning (Gusti) Pengeran tegese bali marang Gusti Junjungan Umat. Sangkan paraning manungsa ngemu teges yen Gusti Allah dadi asal-usule lan arah baline manungsa. Dumadine manungsa tegese Gusti Allah dadi papan dumadine manungsa, Gusti Kang Murbeng Dumadi tegese Gusti Allah minangka siji-sijine kang nguasai kedadeyan. Gusti Kang Akarya Jagad tegese Gusti Allah kang nyipta donya lan isine. Gusti Kang Akarya Agesang tegese Gusti Allah kang nyipta lan nguasai panguripan. Warangka manjing curiga (curiga manjing warangka) tegese bungkus ketemune isi (isi ketemu bungkus) kang dimaksud makluk ketemu Khalik (Khalik ketemu makluk). Aja lali marang asale tegese aja lali asale manungsa saka Gusti Allah. Mulih mula mulanira tegese manungsa bali menyang asal-usule primordiale kang ora liya yaiku Gusti Allah. Bali menyang Pengeran tegese saben manungsa mesthi bali marang Gusti Allah. Gusti Allah mboten sare tegese Gusti Allah tansah rawuh ana ngendi wae, nggih kersaning Allah tegese kang dialami kabeh manungsa iku wis dikersakake Gusti Allah. Ndilalah kersaning Allah tegese pancen kabeh iku wis dikersakne Gusti Allah. Kawruh (ngelmu, wikan) sangkan paran utawa pangawikan sangkan paran tegese kawruh asal-usule lan arah baline manungsa.

Konsep-konsep iki nuduhake yen manungsa iku tansah cecaketan karo Gusti Allah. Mula saka iku, wong Jawa banjur ora bisa ninggalake Gusti Allah. Minangka bukti yen ora bisa ninggalake Gusti Allah yen nindakake ritual ing upacara adat mesthi nganggo sesajen kang werdine mesthi magepokan karo Gusti Allah. Tuladhane kaya upacara adat Mule Metri kang dileksanakake dening warga Masyarakat Blitar.

Upacara adat Mule Metri yaiku upacara mulyakake arwah leluhur amrih ora nganggu. Upacara iki dianakke dening masyarakat kang isih nglestarekake tradhisi Jawa. Mula asale saka tembung mule kang tegese “mulyakake arwah para leluhur” lan metri “mageri”. Mula metri sabenere minangka rerangken slametan kang dileksanakake kanggo nyenyuwun keslametan lan lumakune sawijining kajadan.

Upacara iki dileksanakake dening warga ing laladan Kabupaten Blitar sadurunge miwiti sawijining kajadan kanthi tujuan kanggo nyenyuwun keslametan amrih kajadan bisa lumaku kanthi lancar lan aman. Upacara iki biasane dileksanakake sedina utawa rong ndina sadurunge pelaksanaan kajadan.

Tujuan upacara adat Mule Metri yaiku: (1) minangka panyuwunan marang Gusti Kang Akarya Jagad lan kekuatan-kekuatan adikodrati liya kang dipercaya bisa sabiyantu warga kang bakal ngleksanakake kajadan, lan (2) minangka sarana kumpul lan musyawarah kanggo ngrampungake maneka urusan kang ana sambung rapete karo kajadan kang bakal dileksanakake.

Ubarampe sesaji arupa buceng brok, buceng kuat, sega golong, jenang sengkala dumadi saka jenang putih/sepuh, kembang setaman, ketan kolak apem lan jadah. Para peserta yen bisa nganggo busana Jawa, lan lumakune upacara kairing gamelan Jawa. Busana Jawa kang dimaksud yaiku blangkon, iket sirah, jarit, sabuk cindhe, epek-timang, lan keris. Lha tumrap wanita nganggo sanggul, bayak lan jarit. Wondene yen ora bisa ya ora apa-apa, ning sing wigati ubarampene komplit. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik