Greja Ganjuran Dipepaki mawa Candhi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 20 kali

Sumebare agama Kristen ing Nus­wantara, sasuwene iki dimangerteni be­barengan klawan Walanda ngejegi Nus­wantara. Zaman biyen, kanggo kepen­tingane Landa, ing maneka papan padha dibangun pabrik gula. Semono uga ing Ngayogyakarta.

Nalika zaman jaya-jayane, ing Nga­yogyakarta sing ora pati jembar iki, ana 17 pabrik gula. Saka 17 pabrik gula kase­but, ing Bantul dhewe ana pabrik gula 7, yaiku pabrik gula Padhokan, Gesikan, Jebugan, Barongan, Pundong, Kedhaton Pleret, lan Gondhang Lipura Ganjuran.

Ngenani pabrik gula Gondhang Lipura iki, pranyata ana gandheng cenenge klawan madege Greja Ganjuran ing taun 1924.  Pabrik gula Gondhang Lipura kuwi duweke kulawarga Schmutzer sing ketu­runan Walanda, yaiku Joseph Schmutzer lan Julius Schmutzer. Ya ing sebageyan lemah pabrik gula iki Gereja Ganjuran madeg. 

Kulawarga Schmutzer dudu pastur. Dibiyantu J Yh Van Oyen, arsitek saka Wa­landa, Schmutzer mbangun greja mi­nangka wujud sosial marang warga sakiwa tengen pabrik, mligine kanggo karyawan pabrik gula.

“Cikal bakal umat Katolik ing Greja Ganjuran, ya para karyawan pabrik gula kasebut,” ujare Windu Hadi Kuntoro, salah sijining pengurus Greja Ganjuran.

Greja Ganjuran anggone ngres­mek­ake tanggal 16 April 1924. Miturut Win­du, nalika madeg pisanan, Greja Gan­juran mung nglayani 25 jamaat. Lu­ma­kuning wektu, saiki sing dilayani wis nyedhaki 10.000 jamaat. Greja Gan­juran sing mapan ing Ganjuran, Bam­bang­lipuro, Bantul iki klebu greja paling tuwa ing Bantul.

Ing taun 1927, kulawarga Schmutzer ngompliti kompleks greja iki kanthi mbangun candhi cilik sing dhuwure 10 meter. Candhi corak Hindu iki niru Candi Prambanan, dibangun minangka rasa syukur kulawarga Schmutzer marang rezeki sing diasilake saka pabrik gula. Candhi iki diresmekake tanggal 11 Februari 1930 de­ning Uskup Batavia Antonius van Vel­sen.

Kayadene can-dhi-candhi umume, Candhi Ganjuran uga rinengga ukiran kembang teratai lan ana ceruke. Me­nawa ing ceruk candhi umume ana pa­tung Budha, Hindu, utawa Lingga Yoni, ing ceruk Candhi Ganjuran iki ana pa­tunge Yesus sing lagi lungguh. Patung Yesus iki praupane Jawa, me­nganggo sandhangan adat Jawa, lan rambute kaya pendhita Hindu nganggo makutha ing sirahe.

Patung Yesus iki diukir kanthi motif bathik. Watu sing digawe patung dijupuk saka watu ing perenging Gunung Merapi. Lawang mlebu candhi arahe madhep ngidul, sak trep klawan budaya Jawa. Kahanan kasebut temtu ndudut ati.

Candhi iki satemene diwenehi jeneng Candi Hati Kudus Yesus. Mung wae, mbok menawa jeneng ing dhuwur kedawan, kanggo luwih gampange, masyarakat banjur njenengi candhi kasebut Candhi Ganjuran, amarga mapan ing laladan Ganjuran. Wiwit taun 1995, kompleks Can­dhi Ganjuran luwih dikompliti maneh, yaiku ditambahi 15 relief ing tembok-tembok kompleks.

 

Arsitektur Campur-campur

Menawa kita mlebu ing kompleks Greja Ganjuran, kita bakal nemoni pla­taran sing jembar. Ana wewangunan greja sing madeg gagah. Greja kanthi arsitektur joglo lan ornamen ukiran Jawa kasebut greja anyar. Sebab, greja sing lawas ambruk nalika lindhu gedhe nemahi Bantul taun 2006 kepungkur. Candi Ganjuran dhewe, mapan udakara 100 meter ing sisih lor wetan bangunan greja iki.

Arsitektur ing kompleks Greja Gan­juran iki campur-campur, yaiku arsitektur Eropa, Jawa, lan Hindu-Buddha. Yen disawang saka dhuwur, ar­sitektur Eropa katon cetha, yaiku saka bangunan sing bentuke salib. Payon greja sing ben­tuk tajug, uga rinengga salib gedhe.

Arsitektur Jawa katon saka bangunan greja sing carike joglo, dikompliti ukiran Jawa, klebu uga nanasan ing cagak-cagak greja, sarta ukiran sing sinebut wajikan. Anggone gawe, pendhapa gereja diurusi langsung dening Keraton Ngayogyakarta. Keraton nekakake tu­kang ukir pinilih kanggo gawe ukiran-ukiran kayu sing meh padha klawan bangunan ing Keraton Ngayogyakarta. Aura Hindu-Buddha krasa banget ing bangunan candhi. Dudu sesawangan biasa meruhi greja lan candhi mapan dadi siji sak kompleks.

Kenthele swasana Jawa sansaya kra­sa nalika pengurus Candhi Ganjuran iki uga ngadhopsi budaya Keraton, yaitu gre­beg. Setaun pisan, ing candhi iki di­adani upacara grebeg agung, wujude yaiku ngarak lan ngrayah gunungan.

Adicara grebeg iki temtu ndudut ati umat supaya padha teka, mligine karana adat Jawa sing wis ngoyot, yaiku ngalap berkah. Biasane, umat sing teka ora mung sakiwa tengen Ngayog­yakarta wae, ananging uga saka maneka papan.

 

Tirta Perwi­ta­sari

Ing taun 1998, ora kanyana di­temokake tuk ing cedhak candi. Banyu saka tuk kuwi bening be­nget lan bisa langsung diunjuk. Embuh karana apa, sauwise didongani ing candhi, banyu saka tuk kasebut dipercaya ana khasiate, kayata bisa dadi tamba lelara.

Tuk iki sabanjure diwenehi jeneng Tirta Perwitasari. Tirta artine banyu, dene Perwitasari yaiku pawongan sing pisanan ngrasakake khasiate banyu kasebut. Tirta Perwitasari klebu salah sijining sarana sing paling digoleki pe­ziarah. Banyu kuwi dijupuk para pe­ziarah, diwadhahi, digawa bali kanggo maneka keperluan, kayata kanggo nam­bani lelara sing ora mari-mari, kanggo njaga katentreman, lan sapanunggalane.

Wiwit ditemokake banyu sing ana khasiate kuwi, Candi Ganjuran banjur dadi papan ziarah. Saben dinane, atusan peziarah lunga teka padha nyenyuwun, padha ndonga ing ngarep candhi iki.

Plataran ngarep candhi dadi papan favorit kanggo ndonga, amarga jembar  lan eyup. Wit-wit pinus ing sakiwa tengen candhi, ndadekake plataran kuwi katon adhem lan eyup.

Salah sijining peziarah, Wiyarto, ngandhakake, ziarah kuwi siji sing diarah. Yen wis niat ngadhep Gusti, ya kudu madhep lan mantep. Ora oleh menga-mengo.

“Aku ora njaluk apa-apa. Aku teka lan ndonga ing kene, mung njaluk supaya atine sumeleh, pikiran tenang. Pokoke njaluk tentrem,” akune Wiyarto.

Sesasi pisan Wiyarto bisa dipesthek­ake ziarah ing Candhi Ganjuran. Ana ketenteraman sing dirasakake. Kompleks Candhi Ganjuran pancen asri lan resik. Wit-wit gedhe sing tuwuh, rasane nga­yomi sapa wae sing teka ing papan iki.

(Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik