Kedadeyan Sanga ing Al-Furqan Ngukuhake Iman (tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 150 kali

9). Fenomena Kaum Duraka

Maha Agung Allah, Dzat Kang Maha Ku­wasa, Manawa jasad Fir’aun dibledhes­ake (ditenggelamkan) dening Allah ana ing segara. Wusana Allah kepareng nyelamet­ake marang jasad mau, ing pangangkah supaya bisoa dadi piwulang (pelajaran) tumraping manungsa. Hiya iku piwulang marang wong-wong kang ingkar sarta ma­rang wong-wong kang padha ora gelem tobat marang Allah. Trep karo dhawuhe Allah,mangkene maksude:

Lan Ingsun wus  nyabrangake bani Isra’il ana ing segara. Dumada­kan banjur  dilacak dening Fir’aun sawadya balane, dhasar aniaya lan dhemen memungsuhan (duwe sedya seneng mateni). Bareng Fir’aun wus meh kelem ana ing banyu, dheweke banjur ngucap: Kawula sapunika pi­ta­dos, manawi saestunipun mboten wonten Pangeran  ingkang sinembah, kajawi inkang dipun imanaken dening bani Isra’il, sarta kawula kalebet ing golonganipun tetiyang Islam  (suma­rah, pasrah).” (Q.S. Yunus (10):90). Pangandikane

 Allah: “Saiki sira wus sumurup sik­sa, lagi gelem iman, mangka saduru­nge sira tansah duraka, mula sira iku dadi golongane  wong kang padha gawe rusak ’’ (Q.S. Yunus (10): 91).

“Dina iki Ingsun nylametake ba­danira Fir’aun (Ingsun uncalake ma­rang dharatan), supaya kunarpanira dadi tepa palupi tumrap wong-wong  ing sapungkurira, nanging satemene akeh-akehe manungsa iku padha nglir­wakake marang ayat-ayat Ing­sun.” (Q.S. Yunus (10):92).

Ana ing sawatara literature  diteranga­ke, manawa Fir’aun iku mati klelep (di­tenggelamkan), sarta dislametake jasade Fir’aun mau, minangka dadi pituduh (pi­wulang) tumraping pawongan sak pung­kure. Miturut Al-Qur’an, jasade Fir’aun mau bakal dadi piwulang tumraping pawongan sak pungkure, iku ndarbeni makna, mana­wa ing mbesuke jasad Fir’aun (di mummi) bakal dadi obyek panaliten sarta kajian ilmiyah.

Kajaba fenomena kang katur ing ndhu­wur, ing ngisor iki bakal diaturake fenome­na Kaum Aad. Kasebut ana ing Al-Qur’an, manawa kaum Aad  iku wus pinaringan urip  sing makmur, jibar-jibur. Paribasane ora kurang brambang lan bawang, ora ku­rang sawiji apa. Nanging kaum Aad mau malah nindakake pakarti kang haram, sa­mubarang kang dilarang (diharamkan). Uga padha ora gelem tobat marang Allah (tobat nasuha). Wusana banjur disiksa. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude:

“Apa sira ora ndeleng kepriye ang­gone Allah Pangeranira numpes sirna kaum Aad?  Yaiku wong kang dedu­nung ing negara Iram (jenenge nega­ra kaum Aad) kang nduwene (ndar­beni) bangunan-bangunan dhuwur.” (Q.S. Fajar (89):6-8).

Miturut para ahli Purbakala Kutha Iram, iku wus ana 2.000  taun sak durunge Nabi Isa a.s. miyos (lair). Iki ateges sak durunge  Al-Qur’an diturunake. Al-Qur’an wus nyathet, kamangka kutha iku wus ki­nubur (dikubur) ing bumi, sak durunge di­bongkar nalika abad 20. Para ahli ilmu, nga­­nakake obsevasi (panalitian) kanthi migunakake satelit. Asile, kutha Iram kang dununge antara Oman lan Yaman. Iku wus didheteksi dening Nikolas Clapp bebare­ngan karo tim (kelompoke) kang asung pam­biyantu nalika taun 1990.  Foto satelit iku bisa nembus swasana bumi ing ngisore  (gundukan) wedhi. Papan iku kawong karan kutha Ubar. Tim Nicolas Clapp  ban­jur ndhudhuk  lemah iku nganti jerone ku­rang luwih 12 meter. Ing kono ditemokake sawijining kutha kang kebak menara -menara sing dadi wates.  Menara-menara cacahe ana 8 sing dibangun mawa cagak-cagak kukuh sarta lux. Kanthi mangkono bisa dimangerteni, manawa Allah iku bener Maha Agung, Maha Kuwasa kanthi dhawuh-dhawuhE ana ing Al-Qur’an, ma­na­wa informasi Al-Qur’an iku bener-be­ner dudu karangane Muhammad s.a.w., nanging tumurun saka ngarsaning Allah, Dzat kang Maha Kuwasa.

Ing wusana, sawuse kita nyimak pirang-pirang keterangan kang wus katur ing ndhuwur,  lelandhesan karo syar’i lan sains, bias dimangerteni tumraping pawongan kang bener-bener gelem migunakake piki­rane, akale lan nuranine, bakal tuwuh ke­yakinan (kapitayan) kang  mantep kedade­yan sanga (nawa fenomena) kang ki­nandhut ana ing Al-Qur’anul Karim iku, ka­beh ora uwal saka kodrat lan iradate Allah Kang Hamurbeng Dumadi, Jagad Raya dalah sak isine iki.

 Mikirake lan ngrasakake sanjeroning atine, Nawa-fenomena kang wus katur ing ndhuwur mau, nuli tuwuh kapitayan iman kang ngresep nunjem ana ing telenging ati, imane dadi kukuh bakuh. Mungguhing Ulul Albab (wong-wong kang padha gelem migunakake akale) sawuse mangerteni lan memahami fenomena kaya kang katur ing ndhuwur, banjur njungkel pasuryane, mun­juk sumungkem sujud marang Allah Dzat Kang Maha Agung. (Q.S.Isra’) (17):109). Ora rinasa tirta  wening metu saka pojok pandulune nelesi pipi lan papan sujude. “Sayyidul istighfar”, yaiku (panyuwunan pangapura kang agung) diucapake nrithil binarung karo mingsek-mingsek tangise . Subhaanallah… Allahu Akbar… Astaghfi­rullahal-Adzim  Cathetan. Sayyidul is­tigh­far (bisa dipriksani ana ing Kitab Ha­dits Shaheh Bukhari. Maknane mangkene; Saka Sadad bin Aus saka Nabi s.a.w: “Sok sapa wonge sing maca (sayyidul is­tighfar) kanthi kebak kapitayan (ke­yakinan) ing wektu sore, saengga yen dheweke katimbalan (meninggal dunia) ing wektu bengine, dheweke bakal pinaringan ganjaran mlebu su­warga. Lan soksapa wonge sing maca (sayyidul istighfar) klanthi kebak ka­pi­tayan  ing wektu esuk, saengga yen dheweke katimbalan ing dina iku uga, dheweke bakal pinaringan gan­jaran mlebu suwarga. (HR: Bukhari).

Matan haditse (lafalnya): “Allahumma anta rabbi, laa ilaaha illa anta khalaq­tanii, wa anaa  ‘abduka, wa anaa ‘ala ‘ahdika  wa wa’dika, maa istato’tu. Wa auu’dzubika min syarri maa sha­na’tu, Abuu’u laka binikmatika ‘alay­ya, wa abuu’u bi dzanbii, faghfirlii fa innahu laa yaghfiru dzunuuba illa anta Ya Arhamaar Rahimiin.” di waos ka­ping telu. (HR. Bukhari).

Nuwun!

(Saka maneka werna sumber)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)