Sega, tekane dina iki, isih mujudake
sumber karbohidrat kang paling akeh di-konsumsi dening masyarakat Indonesia.
Sanadyan ana pohung, jagung, sagu, uwi, uga kenthang kang bisa dadi pilihan,
nanging sajake ilate sakehing wong wis kadhung kulina marang sega.
Mula ora mokal yen banjur ana maneka kreasi olahan
sega. Kejaba mung diliwet (saiki malah dimangsak nganggo magic com),
ana sing aran sega bakar. Sega kang wis mateng diwungkus godhong lan dibakar
sauntara. Ing Sunda, ana kanga ran nasi timbel. Yaiku sega kang pulen, lan ing
kahanan anget diwungkus godhong gedhang. Nalika dicawisake, hmmm, gandha
sedhep nambahi rasa luwe.
Ing
kalodhangan iki ana olahan nasi timbel cacah loro. Lelorone kaimbuhan kreasine
dhewe-dhewe. Dene menu liyane, ora kalah sedhep lan nikmat. (nn)