Wayang Kulit Yogyakarta, Bentuk lan Critane (10/Tamat):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 350 kali

Pangrembakane Padhalangan Gagrag Ngayogyakarta

Miturut riwayate pangrembakane padhalangan wayang purwa gagrag Ngayogyakarta iku ora uwal karo lelakone dhalang kang misuwur ing Mataram, yaiku Kyai Panjang Mas utawa Kyai Mulya Le­bdajiwa sarta Nyai Panjang Mas, garwane. Kekarone mujudake abdidalem dhalang kang wasis lan wibawa ing jaman papren­tahan Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Mataram (Taun 1613-1645). Jaman kuwi bisa dikandhakake minangka awal pang­rembakane tradhisi padhalangan gaya Mataraman. Kyai Panjang Mas disebut-sebut nggawa prabawa gedhe marang tradhisi padhalangan ing Kraton Mataram. Dene Nyai Panjang Mas disa­wang ndu­weni prabawa becik marang tradhisi pa­dhala­ngan kerakyatan mu­nghuhing kawula Mataram.

Sawise Perjanjen Palihan Negari ing Giyanti taun 1755, Kraton Mataram kape­rang loro, dadi Kraton Surakarta lan Kraton Ngayogyakarta. Sabanjure Sunan Pakubu­wana III kang lenggah ing Kraton Surakarta kagungan karsa ngripta wujuding padha­langan gayabaru, katelah padhalangan gagrag Surakarta. Dene Sultan Hamengku Buwana I ing Ngayogyakarta tetep ngles­tarekake tradhisi padhalangan gaya Ma­taraman kang sabanjure katelah padha­langan gagrag Ngayogyakarta (priksanana buku “Sejarah Pedala­ngan” dening Prof Dr Soetamo DEA dkk, ISI Surakarta, 2007).

Riwayat pangrem­bakane padhalangan gagrag Yogyakarta sa­banjure dipepaki dening suwarnane padhala­ngan gaya Kraton Nga­yogyakarta, kayata pa­dhalangan gagrag Ka­sultanan Ngayogy­a­karta, padhalangan ga­grag Kadipaten Pakua­laman, sarta padhala­ngan gaya Kerakyatan kaya kang akeh ginelar ing kutha lan padesan ing Yogyakarta lan sakiwa-tengene. Pa­dhalangan gagrag Kasultanan Ngayogya­karta iku kasil kabentuk lan ngrembaka sawise madege Pasinaon Padhalangan Kra­ton Ngayogyakarta Hadiningrat “Habirandha” sing dikepyakake ing dina Ahad Wage, 26 Juli 1925 (5 Muharam Taun Be 1856) dening Sri Sultan Hamengku Buwana VIII.

“Habirandha” iku cekakan saka tem­bung ‘hamurwani biwara rancangan dha­lang’. Tembung iki ngemu teges ‘Kori pam­buka kanggo ngrantam, memangun lan nggegulang marang suwarnane pa­dha­langan gagrag Ngayogyakarta’. Pasinaon Padhalangan Habirandha kasil ngrantam wujuding pakem Padhalangan Gagrag Kraton Ngayogyakarta minangka pandom tumrap para dhalang mudha. Pasinaon Pedhalangan Habirandha uga paring sesu­rupan bab kawruh padhala­ngan, sejarah padhalangan, bab sulukan, lan pakeliran. Para pengurus Habirandha kang sapisanan dumadi: RM Riya Gandaatmadja (ketua), KRT Djajadipura (sekretaris), R. Rudjita (bendahara), sarta GPH Tedjakusuma lan BPH Suryaningrat (bagian umum).

Ing antarane taun 1970-1980 Habiran­dha kasil nyithak sakehing para dhalang sarta ngrembakakake padhalangan gagrag Ngayogyakarta engga tekan wilayah Kedu lan Banyumas (kayata Magelang, Temang­gung, Purworejo, Wonosobo, Kebumen). Dene kang minangka guru pamulang ing antarane Ki Hadi Djata, Ki Dadap Mantep, Ki Cermasujarwa, Ki Sugi Cerma Sarjana, Ki Timbul Hadiprayitna, Ki Cermasubama, Ki Sangkana Tjiptawardaya, lan Ki Bekel Cermagupita (Ki Basirun). Para Siswa Habi­randha dumadi saka maneka warna profesi, wiwit buruh, sopir becak, ingga guru lan dosen. Para siswa Habirandha iku sacara umum ora tepung marang we­watesan umur, tingkat pendhidhikan, sarta status sosial.

Kajaba ana Padhalangan Gaya Kasul­tanan (Habirandha), ing Jaman samana uga akeh para dhalang ing Ngayogyakarta (saka njaba Kraton) kang duweni ‘gaya pa­dhalangan’ mirunggan. Tegese, para dhalang kasebut anggone ndhalang ora migunakake Gaya Padhalangan Kasulta­nan/Kraton Ngayogyakarta kanthi jebles lan sairib, nanging ngetut lan niru carane para dhalang sepuh nalika ndhalang ing wewengkone dhewe-dhewe (umume ing karang pradesan). Gaya pedhalangan kasebut sabanjure katelah Padhalangan Ngayogyakarta Gaya Kerakyatan.

Miturut Ki Trisna Santosa (putrane dhalang kondhang Ki Widiprayitna saka Sentolo, Kulon Progo), Padhalangan Gaya Kerakyatan iku dhisik-dhisike kaperang dadi ‘patang gaya’. Yaiku padhalangan Gaya Kulon Nagari (wewengkon Kabupaten Kulon Praga), Gaya Lor Nagari (Kabupaten Sleman), Gaya Wetan Nagari (Kabupaten Gunung Kidul), lan Gaya Kidul Nagari (Kabupaten Bantul). Pembagean gaya padhalangan kasebut sejatine mung adhedhasar wilayah kabupaten kang ana ing Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) bae. Sabab ora ana ciri-ciri mirung­gan kanggo mbedakake warnane gaya pedhalangan kasebut ing pendhak-pendhak dhaerah. Mung ana pabedan sathithik kang asring minangka titenan, kayata padhalangan gaya Kidul Nagari (Bantul) katon luwih kawistara ing babagan garapan karawitan. Kajaba iku, wujuding padhalangan Gaya Kerakyatan iku rinasa kagelar kanthi luwih mardika, luwes, lan ora kaku. Apa maneh yen katandhing karo Padhalangan Kasultanan kang banget kukuhe marang pakem padhalangan.

Mungguh sing kagolong padhalangan gaya Kulon Nagari, kayata Kulon Praga, Bagelen, lan Purworejo. Para dhalange kaya ta Ki Cerma Mindi, Gita Sukra, Hadi­guna Kimin (Brosot), Ki Widiprayitna, Ki Su­parman (Sentolo), Ki Hadisugita (Wa­tes), Ki Sutarka (Purworejo). Dene sing ke­go­long padhalangan gaya Lor Nagari, kayata ing Sleman, Godean, Prambanan, Brebah, Magelang, Temanggung. Para dhalange kayata Ki Cermacarita (Sempon), Ki Cermawaruna, Ki Sugita, Ki Sugati (Sle­man), Ki Radya Harsana (Muntilan), lll. Padhalangan gaya Wetan Nagari (Gunung Kidul) para dhalange kaya ta Ki Gita Su­taryana (Logandeng), Ki Turidi, Ki Cer­madhewan, Ki Cermasuharto. Mungguh padhalangan gaya Kidul Nagari (Bantul) para dhalange ing antarane Ki Sugi Cer­mosarjono, Ki Timbul Hadiprayitno, Ki Gunardi. Kajaba iku ana dhalang gaya ke­rakyatan kang manggon kutha Yogyakarta, kaya ta Ki Suparman Cermo Wiyoto, Ki Gu­na­taryana, Ki Cermasudjarwo, Ki Su­yatin, Ki Subarno, Ki Gandamargana, Ki Cermadiwara, Ki Gandasudarsa.

Ing jaman samana umum kelakon, ana dhalang Kasultanan kang cara pandhala­nge migunakake gaya campuran, yaiku padhalangan gaya kerakyatan kang dicarub karo padhalangan gaya Kasul­tanan. Saka panjinglenge para pengamat pedhalangan gaya pedhalangan kang dilakoni Ki Suparman Cermawiyata, Ki Tim­bul Hadiprayitna, utawa Ki Sugi Cer­masarjana iku mujudake padhalangan gaya campuran. Dene dhalang gaya Kasultanan kang mugen (manut pakem) kaya kang dilakoni Ki Hadi Djatha, Ki Dha­dhap Mantep, Ki Sangkana Tjiptawardaya, lan Ki Cermagupita. Mungguh dhalang kang kawentar minangka dhalang gaya Kerakyatan yaiku Ki Hadi Sugita saka Toyan, Wates, Kulon Praga.

Bareng karo lumakuning mangsakala, wewatesan antarane padhalangan Kasul­tanan lan padhalangan Kerakyatan saya suwe dadi saya ora cetha. Sesebutan becik kanggo dhalang Kasultanan, dhalang Kulon Nagari, dhalang Lor Nagari, dhalang We­tan Nagari, utawa dhalang Kidul Nagari, wis ora dadi kawigaten mirunggan tumrap para dhalang lan pandhemen pakeliran ing Yogyakarta. Pasinaon Padhalangan Hab­irandha Ngayogyakarta pancen isih urip, nanging para gurune ora mesthi empu dhalang saka Kraton Ngayogyakarta, nanging akeh-akehe dumadi para dhalang lan pengajar ing Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta Jurusan Pedalangan, uta­wa para dhalang kang lenggah minangka abdi dalem ing Kraton Ngayogyakarta.

Nanging bab iki ora ateges jejeging Pa­dhalangan Gagrag Ngayogyakarta iku dadi mandheg (stagnan), miyur utawa lempoh. Wayang purwa gagrag Ngayogyakarta tetep dipepetri lan urip ngrembaka. Para dhalang sepuh ora sithik kang kasil ndhe­dher kadher dhalang mudha. Dene para dhalang mudha uga ora setithik kang bisa eksis ing jagading pedhalangan. Kayata Ki Seno Nugroho (dhalang kondhang pu­trane suwargi Ki Suparman Cermawiyata), Ki Kasidi (dhalang lan dosen ISI Yogyakarta putrane Ki Timbul Cerma Manggala), Ki Edi Indartono, Ki Wisnu Gitasaputra, Ki Edi Suwondo, Ki Bayu (putrane dhalang kem­bar Ki Sugita lan Ki Sugati saka Sleman), Ki Sutono, Ki Wisnu (putrane dhalang Ki Hadisugita). Uga para dhalang liyane kaya ta Ki Rusmadi, Ki Anom Sucandra (Wa­tes), Ki Hadisutikna (Tegalsari, Sle­man), Ki Sutejo, Ki Udreka, Ki Sigit Sapu­tra, Ki Suron (Bantul), Ki Gandasuhama, Ki Gandung Jatmika, Ki Sugiyana (Sle­man), Ki Agus Wiranta, Ki Cerma Suteja, Ki Par­jaya, Ki Catur ‘Benyek’ Kuncara, Ki Guntara, Ki Suharno, Ki Cerma Gundala (Yogya­karta), lan isih akeh liyane.

Eksistensi padhalangan gagrag Nga­yogyakarta uga ditengeri dening gumyake acara giyaran (rekaman) wayangkulit ing RRI Yogyakarta lan radhio-radhio swasta ing Jawa Tengah lan DIY dening dhalang Ki Hadisugito, Ki Timbul Cerma Manggala, lan Ki Suparman (sadurunge taun 1980). Kajaba iku, pendhak sesasi pisan diadani pagelaran wayang kulit sawengi natas ing kagungan dalem Gedhung Sasana Hinggil Alun-alun Kidul kanthi dhalang sacara lir gumanti. Dene kanggo nguri-uri pangrem­bakane padhalangan ing Ngayogyakarta para dhalang kang kagabung ing Pagu­yuban Dhalang Mudha “Sukra Kasih” Yog­yakarta, sacara lir gumanti tansah antuk kesempatan sesasi sepisan kanggo mba­bar pagelaran wayang purwa ing Pen­dhapa Dinas Kebudayaan DIY, Jl. Cendana Yogyakarta kajaba iku ing wektu-wektu tartamtu ing Dalem Yudaningratan (dale­me GBPH. Yudaningrat), Rumah Budaya Tembi, Musium Sanabudaya, lan sakehing bebadhan lan pawiyatan ing Yogyakarta.

 

Dudutan.

1. Wayang kulit purwa ing Indonesia dikenal duweni maneka gaya (gagrag, langgam). Ing antarane: Wayang gaya Cirebon (katelah Wayang Cirebonan), gaya Kedhu (saiki mung ana ing dhaerah Wonosobo), Wayang Pesisiran (isih kagolong ngrembaka ing Semarang, Lasem, Tegal, Pekalongan), Wayang Jawa Timuran (isih ana ing Mojokerto, Malang, Sidoarjo), Wayang gaya Madura (isih ana ing Madura?), sarta Wayang purwa gaya Surakarta lan Yogyakarta (ngrembaka ing Jawa lan dhaerah liyane).

2. Wayang kulit purwa ing pendhak dhaerah iku bisa dibedakake kanthi ma­neka tenger (titikan) ing wilayahe dhewe-dhewe. Upamane ing crita lan bentuk wayange sarta carane nggelar/mbaba wayang kasebut. Saengga pendhak wa­yang kulit iku duweni karakteristik dhewe-dhewe kayata:

- Ana wayang kang nyungulake warna (sungging) kang seger lan sumringah.

- Ana wayang kanthi isen-isen tatahan kang ngrawit, saengga panggarape mbutuhake katumemenan kayata wayang kulit gaya Surakarta.

- Ana wayang kang nyungulake tatahan kang ngremit kanthi gempuran kang alus lan lembut, satemah mbutuhake wektu lan kawigaten mirunggan. Kayata wayang kulit gaya Yogyakarta.

- Ana uga wayang kulit kang luwih miga­tekake bab karakter cakrik, porem, utawa wanda wayang, nalikane wayang iku digelar. Dene bab sungingan lan tatahan ora pati digatekake.

3. Wayang kulit gaya Yogyakarta du­weni pabedan (kaluwihan, keunikan) kang durung akeh dimangerteni kalangan umum. Saengga perlu luwih diwartakake, satemah bisa dirasakake ing wewengkon kang luwih bawera.

4. Keunikane Wayang kulit gaya Yogyakarta uga bisa dititeni (ditengeri) saka wujud lan bentuk wayange. Upamane wayang Bathara Yamadipati kang umume tampil ing pakeliran kanthi wujud raseksa, nganggo jubah, lan seneng slengekan sarta guyonan. Nanging tumrap wayang kulit gaya Yogyakarta toko Yamadipati tampil kanthi wujud kang cocog karo tugas lan wewenange minangka dewa ‘tukang njabut nyawa’. Saengga wujude katon kereng, wengis lan serem.

5. Isih akeh keunikan liyane tumrap wayang kulit gaya Yogyakarta. Kayata wujude wayang Bathara Guru kang tangan papat lan sing loro bisa diobahake, wayang Anoman kanthi mripat dobel, Petruk nganggo sepatu kanthi sikil njejak bumi, blegere wayang Antasena, lsp.

(Cuthel)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang MITUHU mring GUSTI ALLAH, dudu ateges ora ana KEKURANGANE maneh.

Klik

ADOL KASET LAWAS

Ondi Turiyat, 78, ngramut koleksi kaset-kasete kang didol ing Jalan Cihapit, kutha Bandung. Sajege 1980-an, pensiunan PT. KAI iki pancen ngumpulake maneka kaset pita kanthi maneka jinis genre musik. Total koleksine ana 2.000-nan kaset pita. Pak Ondi banjur ngedol kaset-kaset mau kanthi rega Rp 5 ewu nganti Rp 100 ewu saben kaset, gumantung tingkat langkane. (d/ist)***

Pethilan

Presiden dhawuh susunan kabinet wis rampung

Sinyal, partai isih oleh nglobi ma­neh

Ayomi situs kanthi data kang akurat

Data ana, sertifikat duweke negara sing ora ana

Surya Paloh ngaku duwe pandulu kang padha karo Prabowo

Padha-padha ndulu duwe kalo­dhangan