Sastra Mantra Kanggo Pepeling (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 78 kali

Apa sesambungane dalan karo kali? Jaman biyen kali dienggo dalan. Mula kali disebut ‘benga­wan’ saka tembung ‘panghawan’ sing tegese dalan gedhe. Kali dadi srana kang­go nempuh papan kang adoh (sa­rana transportasi). Saka rejane kali mi­nangka dalan mula pemukiman jaman semono akeh-akehe manggon ana ping­gire kali. Bukti lamun kali kanggo sarana lalu lintas saka akehe tilas perahu kayu utawa wesi kang kependhem ing dha­sare Bengawan Solo. Salah siji perahu gedhe tinggalane Sunan Paku Buwana X kang kanggo lelayaran ing Bengawan Solo yaiku perahu Rajamala kang can­thike isih sumimpen ing sajrone museum Kraton Kasunanan kuwi.

Yen biyen kali kanggo dalan, dina iki kahanane suwalike. Dalan-dalan malah padha dadi kali. Udan deres sedhela wae wis dumadi banjir. Kali wis ora kuwawa ngemot banyu. Gorong-gorong kang dibe­ton, dalanan sing wis diplester lan diaspal, mahanani banyu udan bingung anggone golek dalan bali ing alam. Banyu mula banjur nuwuhake kasangsarane bebrayan. Durung maneh uwuh, larah, lan limbah kang kabeh dibuwang ana sumber banyu njalari lingkungan dadi jenes. Ora wurung kahanan iku nuwuh­ake bencana, pageblug, utawa kasang­saran tumrap bebrayan.

Kanggo nuwuhake kesadharan be­brayan wigatine njaga sumber lan papan banyu kayadene tuk, sumur, kali, tlaga, bendungan, segara, sapanunggalane mula kudu ana pambudidaya saka war­ga. Kampanye kali bersih, njaga resike lingkungan, lan pepeling wigatine njaga sumber banyu lan lingkungan resik wis asring kita prangguli saben dina. Wis ora kurang-kurang pambudidayane peme­rin­tah, LSM, lan uga bebrayan nge­lingake mungguh pentinge njaga sumber banyu sing resik. Pambudidaya sing grengseng iku ora muspra. Mudhak dina saya tuwuh lan wimbuh kesadharane bebrayan njaga ling­kungan.

Sateruse banjur tu­wuh pitakon apa sastra uga bisa digunakake kanggo nuwuhake kesa­dharan njaga lingkungan utamane sumber ba­nyu? Nadyan isih ana ing lingkup sing winates, pambudidaya nggunak­ake sastra kanggo nu­wuhake kesadharan wi­gatine njaga resike sum­ber banyu wis ditin­dak­ake dening komunitas sastrawan Jawa ing la­ladan Yogyakarta kang kaimpun ing Lembaga Kebudayaan Jawa (LKJ) Sekar Pangawikan kang dedunung ing Perumnas Minomartani, Ngaglik, Sle­man. Bebadan iki dipandhegani dening Bapa R. Bambang Nursinggih, S.Sn.

Banjur kepiye carane LKJ-Sekar Pa­ngawikang nggunakake sastra kanggo nuwuhake kesadharan pentinge njaga kali? Komunitas iki nepungake Sastra Mantra. Wondene sastra mantra iku sa­teruse diwujudake dadi ritual kang mem­per karo performance art lan dijenengi Merti Kali. Mbok menawa tembung ‘merti desa’ wis sumrambah, nanging ‘merti kali’ isih klebu barang anyar.

Penulis entuk kalodhangan ngadani wawancara karo Bapa R. Bambang Nursinggih, S.Sn. ngenani Merti Kali ing acara Temu Karya Sastra ana Hotel De Laxton Yogya awal Nopember 2018. Kanthi renaning driya Panjenengane ker­sa paring andharan ngenani tumanduke ritual Merti Kali. Transkrip wawancara diowahi saperlune kanggo keperluan majalah PS. Rangkuman wawancara iku kaya ing ngisor iki:

“Menapa ancas utawi tujuwanipun Merti Kali menika?”

“Merti Kali iku kanggo ndunungake bebrayan mungguh pigunane kali, sum­ber banyu utawa tuk, samodra, tlaga, sendhang, sapanunggalane. Kudu tan­sah dieling lamun banyu iku minangka sumber panguripaning titah klebu ma­nungsa, kewan lan tetuwuhan. Kejaba kuwi banyu bisa minangka sarana deda­gangan lan lelayaran utawa sarana tran­s­portasi kang murah tumrap dhaerah utawa wilayah kang duwe kali, tlaga, utawa segara. Papan-papan banyu kaya­dene sendhang, tlaga, utawa gisik bisa kanggo ngenggar-enggar ati lan uga leledhang. Papan-papan mau banjur bisa ditanjakake kanggo papan pariwisata.”

“Kados pundi prayoginipun amrih warga bebrayan gadhah kesadharan bab wigatosipun sumber toya kangge bebrayan agung?”

“Sumber-sumber utawa papan ba­nyu iku kudu dipetri utawa diopeni kanthi bener lan becik amrih bisa lestari. Dipetri tegese kareksa kanthi becik. Carane? Ora nggunakake banyu kanthi boros. Ora mbuwang wuh utawa larahan lan limbah ing papan banyu supaya ora ngrusak utawa nggangu ekosistem. Yen sumber banyu lestari, panguripan iwak lan tetuwuhan kang piguna kanggo urip lan kasarasane manungsa ora bakal rusak utawa cures. Yen sumber lan papan banyu ora dipetri bisa nuwuhake lelara, kasangsaran, utawa pageblug. Mula aku sakanca ngajak ayo padha tansah eling yen njaga banyu iku wigati banget.”

“Menapa darunanipun dene ritual Merti Kali kedah katindakaken tiyang kathah saha dados tingalan tiyang ka­thah?”

Merti Kali kanthi ritual sing ditin­dakake wong akeh lan uga ditonton wong akeh. Iku duwe karep supaya ora nu­wuhake pradondi lan panduga kang ora-ora bab merti kali, merti sendhang lan merti-merti papan kang wigati liyane. Yen sesidheman bisa wae nuwuhake cubriya. Iki dudu ritual ‘terlarang’ ka­yadene wong golek pesugihan. Ritual iki mujudake olah sastra Jawa. Sing wigati ujube kudu cetha lan pangrapale mantra utawa donga uga kudu cetha amrih dingerteni dening bebrayan agung kanthi ngrakit sastra. Sastra kuwi bisa mi­nangka mantra utawa srana ndedonga waton ditindakake kanthi tenanan lan tumemen. Sastra iku aja mung minangka tontonan nanging uga dadi tuntunan.”

“Kuncinipun wonten tembung ton­tonan lan tuntunan, nggih Bapa?”

“Bener. Sastra ora mung kanggo ton­tonan nanging kudu menehi tuntutan kangge keslametane bebrayan.”

“Menapa amargi menika lajeng ritual kalawau kasebat Sastra Mantra, Bapa?”

“Ora kleru. Amarga Merti Kali iku nggabungake antarane sastra, tembang lan uga mantra, mula banjur disebut ‘Sastra Mantra’.”

“Merti Kali niku mesthi gadhah landhasan filosofis. Lajeng kados pundi lelandhesan filosofis Merti Kali menika?”

“Pancen wong tumindak iku kudu ana lelandhesane. Dene Merti Kali mesthi uga ana landhesan filosofine. Merti Kali ndu­weni landhesan lamun uripe titah manungsa iku kaperang rong alam yaiku alam padhang lan alam ghoib. Kanggo nyambung uripe, manungsa tansah gumantung ing kuwasane Gusti kang Maha Kuwasa lan alam sing dipanggoni. Amrih slamet, titah iku kudu bisa njaga sesambungane marang Gusti Kang Akarya Gesang lan bisa njaga srawung tumprap sasama. Kejaba kuwi kudu bisa maca kahanan alam kang bisa gawe harja. Mula alam mau ya kudu dipepetri aja dilawan utawa dirusak, supaya uripe salaras satemah adhem ayem tentrem.

“Lajeng kula pengin mengertos lam­pah-lampahipun Merti Kali. Saged dipun gambaraken kados pundi ritual Merti Kali menika, Bapa?”

“Tuladha urut-urutane ritual Merti Kali kaya kang katindakake ana Kali Klegung sawetera wektu kepungkur. Sing sepisan, sinambi mlaku baris tumuju papan kang wis dicawisake, kapiyarsa pamaose kekidungan. Tembange Pangkur lan Dhandhanggula. Sawise sigeg banjur diterusake kanthi maca geguritan, ngu­mandhangake tembang Dhandhanggula, gurit, suluk terus maca mantra. Diselingi tembang Dhandhanggula katerusake maca mantra maneh. Sawise iku di­wacakake donga pamateke mantram pamerti kali. Ritual diterusake kanthi maca Caraka Balik lan Rajah Kalacakra.”

“Menapa taksih wonten malih lam­pahing ritual Bapa?”

“Ritual durung rampung nadyan wis tekan pamaose Caraka Balik lan Rajah Kalacakra. Wondene ritual iku katerusake kanthi ganti posisi, paraga mudhun ing kali. Nalika wus ana paraga kang nyegur ing kali banjur diterusake maca mantra-mantra, tembang Sinom, lan mantra maneh. Bubar iku banjur katem­bangake Pangkur kanggo ngiringi njupuk banyu saka ‘Sendhang Panguripan’. Sawise iku kapiyarsakake tembang As­maradana banjur kawaos donga rahayu utawa donga penutup.”

“Saged kaparingan conto mantra pandonga, Bapa?”

“Iki contone: “Poma di poma, warga Kali Klegung, Turi, Kabupaten Sleman, minangka warga Indonesia kang wis mardika, nadyan beda trah, beda tanah, nusa lan kapitayan pangemonahe kali, kedhung sendhang kang wicaksana tan becik tumindak ngayawara. Aja sungkan gandheng konca myang Pamerti Budaya, Winasis lan Pamarentah nggempur satru-satru kang namur mitra, nedya ngangkah rakyat dredah, Indonesia bubrah, ayo golong gilig nggebeng sesanti: Memayu Hayuning Pribadi, Hayuning Budi lan Tekad, Hayuning Bebrayan, Hayunina Buwana. Sing pungkasan iki diwaca bebarengan utawa koor.”

“Ingkang pungkasan mangga Bapa paring pepemut dhateng bebrayan sedaya?”

“Tumrap warga bebrayan muga kawuningan yen ritual Merti Kali utawa ritual liyane iku sing ana gegayutana njaga resike lingkungan iku mung kang­go sarana atur pepeling. Sinebut pe­peling awit pancen pigunane mung kanggo ngelingake mbok menawa lagi padha kalimput. Mula ayo padha nu­wuhake kesadharan njaga lingkungan amrih rahayu, slamet, widodo, basuki, nir baya nir sukerta kalis ing sambikala. Resik kaline, sehat rakyate, makmur-negarane.”  (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ati kang atos gampang nemoni dalan buntu.

Klik

BANGUNAN MODEL DHUWIT

Dhuwit pancen mujudake alat tukar kang penting kanggo masyarakat dunia. Saking pentinge nganti-nganti dadi inspirasi pembangunan sawijining gedhung ing Kaunas, Lithuania. Desain bangunan tingkat iki katon nyolok kanthi desain dhuwit minangka wujud fasad njaba bangunan ksb. (d/ist)***

Pethilan

Banyu Tarum Barat saya reget

Kan wis wiwit ndhisik?!

Pulisi kangelan ngluru sing nindakake teror obong-obong montor ing Semarang

Mumpung Imlek, coba njaluk tulung ahli Feng Shui…

Ngawekani golput, kudu intens ngenalake surat suwara cacah lima

Sing akeh mengko dudu golput, na­nging golyeng, golongan puyeng