Barjo Gempal ora sida nerusake lakune.
Dheweke banjur nyedhaki wong sing nganggo rompi ireng kuwi. Ing cedhake wong
kuwi ana pit motor sing diparkir. Barjo Gempal nggatekake pit montor kuwi. Ing
slebor mburi ana tulisane ‘kalem lur, jaga jarak!’. Padha karo ciri-cirine pit
montor sing dicritakne Jini wingenane kae.
Wong rompian ireng mlebu
warung sate. Barjo Gempal melu mlebu warung, lungguh cedhak. Wong rompinan
ireng pesen sate rong porsi. Barjo Gempal pesen wedang jeruk, dheweke ora
seneng mangan daging. Marga pekewuh, wusanane Barjo Gempal uga pesen sate,
nanging diwungkus.
“Daginge boten sah
dilolos saking sunduke,” tembunge Barjo Gempal.
“Nggih, Mas,”
wangsulane bakul sate.
“Mriki aman-aman mawon
nggih, Dhe. Mboten enten obong-obongan kados Manyaran dhek wingi-wingi nika,”
tembunge Barjo Gempal mancing rembugan karo bakul sate.
“Aman-aman mawon, Mas.
Njenengan Manyaran ta? Kula nggih krungu kabar tirose mrika enten kios
kobongan.”
“Leres enten kobongan.
Nanging kadose diobong. Tiyange sing ngobong ciri-cirine nggih pun dingertosi.
Kantun nengga mawon, mugi-mugi enggal kecepeng.”
“Ooo, warunge Jini
nggih, Mas?” pitakone salah sijine wong sing jajan ing warung sate kuwi.
“Inggih. Kok priksa,
Pak?”
“Kula nggih Manyaran.”
“Manyaran pundi?”
“Punduhsari. Hla
njenengan pidalem Manyaran sisih pundi?” wong kuwi genti takon.
“Kula Makarang. Celak
Umbul Naga.”
“Wow, inggih. Mbaleni
kios sing kobongan niku wau, Mas. Yen diobong kok ya tegel banget sing ngobong
niku? Kebangeten. Gek karepe napa? Upami saingan mbok nggih sing lumrah
mawon. Cetha yen rejeki niku sampun wonten sing ngatur.”
“Pikiran kados ngaten
niku rak yen sing ngobong tiyang waras, Dhe. Genah yen waras mboten bakal
tumindak kados ngaten. Malah gur diwolak-walik ya, Dhe?” guyone bakul sate.
“Muga-muga wae ya gek
enggal kecekel. Ben entuk ukuman murwat karo tumindake. Mesakake sing duwe
kios. Mbudidaya golek pangan apik-apik kok dirusuhi.”
“Inggih. Kamangka Mbak
Jini nika nggih mung nyewa, sanes kiose piyambak.”
“Jarene anake sing isih
cilik meh kedrawasan, ana njero kios ora bisa metu. Untung wae ana sing
nylametke. Leres ngaten nggih, Mas?”
“Inggih.”
“Sinten Mas sing
nulungi niku? Tirose mantan napi, leres
Mas?”
“Tirose mekaten.”
“Niku
nedahaken menawi…………..
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.