Atlet senam ritmik
Nabila Evandestiera kasil nggondhol medhali emas lan medhali perak ing
kajuwaran ing Berlin mentas iki. Nabila dadi siji-sijine atlet saka sanjabane
Eropa kang melu ing olah raga asli Eropa ksb.
Keplok rame dikantheni
menthangake gendera abang putih saka suporter Indonesia ngramekake suwasana ing
gedung Olympiapark ing Berlin, Jerman. Rasa seneng lan mongkog warga Indonesia
ing Jerman iku kedadeyan sawise Nabila Evandestiera bisa oleh medhali emas lan
medhali perak ing kajuwaran 4th Diadem Cup Rhythmic Gymnastics.
Ora mung kasil dadi
juara, Nabila uga ngukirake jenenge merga dadi siji-sijine atlet senam ritmik
saka sanjabane Eropa kang tampil lan juara ing kajuwaran kang dianakake tanggal
24-25 November 2018 ksb. Ora gampang dadi juara ing cabang olah raga kang
dikembangake ing Eropa sajege abad ka-18 iku.
“Terus terang tumrap
kita iki ora gampang. Ngungguli para pesaing saka Eropa ing olah raga kang
asline saka dheweke mujudake prestasi luar biasa kang patut disyukuri. Kita
mongkog pranyata kita bisa” ujare Eko Pudjihariyanto, Ketua Umum Persani DKI
Jakarta kang ngancani Nabila.
Mesin diplomasi
Indonesia
Saka nem kategori kang
dilombakake, Nabila oleh medhali emas kanggo kelas Senior kategori Ball
ApparatusRhythmic Gymnastics lan medhali perak kanggo kelas Senior kategori
Clubs Apparatus Rhythmic Gymnastics. Nabila kasil ngalahake lawan-lawane
saka Bulgaria, Latvia, Rusia, Jerman, Spanyol, Republik Ceko lan Cyprus. Malah
kanggo Jerman dhewe, wakil sawenehing negara bagian uga dadi saingane Nabila,
ing antarane tuan rumah Berlin.
Prestasi Nabila uga
oleh apresiasi nalika dheweke lan tim pesenam Indonesia disugata ing Kedutaan
Besar Republik Indonesia ing Berlin. Nabila dianggep aweh pangarep-arep anyar
yen Indonesia bisa dadi icon juara senam ritmik, senajan cabang olah
raga iki asale saka Eropa.
“Aku melu seneng lan
matur suwun marang Nabila. Kowe kanthi konkrit wis dadi bagian saka mesin
diplomasi. Kasuksesanmu iki, mbiyantu misi KBRI luwih ngenalake Indonesia
minangka bangsa kang duwe prestasi marang masyarakat Eropa utamane Jerman”
ujare Duta Besar RI kanggo Jerman, Arif Havas Oegroseno.
Ing SEA Games 2017 kepungkur, Nabila menangake medhali
perunggu loro lumantar nomer senam ritmik Hoop Apparatus lan Ball Apparatus.
Saikine, lumantar prestasine, Nabila lan pesenam Indonesia liyane wis diundang
maneh menyang kejuaraan senam ritmik Diadem Cup Rhythmic Gymnastics taun
ngarep ing negara Landa. (d/ist)***
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.