Wayang Kulit Yogyakarta, Bentuk lan Critane (1):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 86 kali

Pangrembakane Wayang Kulit ing Yogyakarta

Babagan kagunan wayang purwa pancen wis asring kaserat ing hudyana utawa kalawarti. Becik kaungak saka sejarah lan critane, makna simbolik lan filosofine, sarta ing garapan wayange nalikane wayang kasebut kagelar ing pakeliran. Sanadyan mangkono, nanging bawarasa bab wayang purwa tekan saprene tetela tetep durung bisa rampung kanthi maremake. Pendhak-pendhak isih asring diprangguli bab-bab anyar kang disawang mupangati lan pantes disatitek­ake sarta dikaji kanthi luwih jero maneh. Dadi bisa dikandhakake yen wayang kulit purwa iku wiwit jaman awal madege tekan saprene isih terus ngalami pame­karan sanajan ora sacara mirunggan lan gedhen­gedhenan.

Mungguh sejarah pamekare wayang purwa tansaya katon trawaca ing jaman Kasultanan Demak. Pangrembakane wa­yang kulit purwa uga tansaya endah lan pantes nalika tumapaking jaman Mataram. Sabanjure ing jaman Kartasura wayang terus disampurnakake kanthi katambahan jinis wayang kayon utawa gapuran. Ing jaman panguwasane raja-raja Surakarta, wayang tansaya antuk kawigaten mirung­gan lan disampurnakake kanthi becik. Ing jaman Sunan Paku Buwana II, III lan IV (taun 1745­-1820 M) wis ginawe wujude wayang kanthi pepak lan dumadi saka mapirang-pirang kothak. Wayang kulit purwa uga  ngrem­baka ing laladan Jawa Tengah ka­lebu Yogyakarta (Mataram) lan Jawa Timur kale­bu Madura. Uga ing dhaerah liyane kang wis kapra­ba­wan ajaran aga­ma Islam.

Dene ing Su­rakarta kang wek­tu kuwi minangka punjering pama­rentahan lan ka­budayan Jawa, uga nate urip ma­neka warna jinis wayang saliyane wayang purwa. Kayata kang disebut wayang madya, wayang gedhog, wayang krucil, wayang klithik, wayang dupara, wayang menak, wayang golek, lsp. Nanging saka maneka warna jinis wayang kasebut, mung wayang purwa kang disawang paling kondhang lan ngrembaka kanthi becik tekan saiki. Wujuding sunggingan, ukiran (tatahan), sarta gegambaran “wanda” wayang purwa, uga disawang katon ba­nget mranani lan becik mutune. Ing antarane kayata kang disebut wayang Kyai Pramukanya, Kyai Jimat, Kyai Kadung lan Kyai Dewa Kathong. Sawise Kasultanan Ngayogyakarta madeg ing taun 1756 M, Sultan Hamengku Buwana I uga nganggit wayang Arjuna kaparingan nama Kangjeng Kyai Jatiningrum.

 

Riwayate Wayang Kulit Purwa IngYogyakarta

Mungguh wayang kulit purwa gagrag Ngayogyakarta iku manut awal sejarahe wiwit muncul lan ngrembaka nalika du­madi Perang Mangkubumen ing antarane taun 1746-1755 M, sarta mujudake genre (ragam) budaya minangka kaskayane kabudayan wayang ing Indonesia. Pang­rembakane wayang kulit purwa gagrag Ngayogyakarta iku kaperbawan marang wayang kulit purwa jaman Mataram lan Kartasura. Wektu kuwi Pangeran Mangku­bumi (pamburine asma Sultan Hamengku Buwana I) kendhang saka praja Surakarta kadherekake para abdi lan prajurite. Ing antarane para abdi iku ana sawenehing dhalang kang nama Ki Jayaprana lan putrane kang aran Jaka Penatas. Nalika dumadi paprangan ing Kedu lan Bagelen, Ki Jayaprana lan Jaka Penatas manggon ing omahe sawenehing warga ing desa Danaraja (dhaerah Wonosobo, Jawa Tengah) kang aran Ki Atak. Ing sela-selaning wektu, Ki Jayaprana tetela kober muruki bab carane natah wayang marang Ki Atak. Sabanjure Jaka Penatas rabi karo Sutiyah (anake wadon Ki Atak) lan patutan anak lanang dijenengi Bagus Riwong.

Sawise dumadi bedhamen prajanjen Giyanti ing taun 1755 lan Kraton Ngayog­yakarta Hadiningrat madeg, Ki Jayaprana lan Jaka Panatas mbacutake kalungguhan minangka dhalang sarta panyungging wayang ing Kasultanan Ngayogyakarta. Mungguh wayang kulit garapane Ki Ja­yaprana iku yen dicandra akeh nggam­barake marang paraga wayang kang obah (njoged) kang katelah andhadhap. Dene wayang garapane Jaka Penatas akeh nggambarake paraga wayang kang nga­deg (jejer). Dhalang sakloron iku padha-padha migunakake sungging wayang kanthi warna gradasi (pepakan). Nanging Ki Jayaprana katon luwih mecungul ing babagan tatah cecegan (titik-­titik) sing disebut drenjeman .

Sabanjure ing desa Danareja, Wono­sobo, Bagus Riwong (anake Jaka Penatas) kang wis ngancik dhiwasa tetela uga se­neng natah lan nyungging wayang. Bagus Riwong diajak Ki Atak menyang Kraton Ngayogyakarta sumusul bapake iya Jaka Penatas. Bagus Riwong lan Ki Atak padha nggawa wayang garapane dhewe-dhewe. Wayang garapane Ki Atak kanthi dedeg kang semu cendhek nanging gagah, lan sabanjure kawentar minangka wayang ku­lit gagrag Kedu. Dene garapane Bagus Riwong katelah wayang prayung lan ing ngrembaka ing tlatah Banyumas. Jinis wayang kulit sakloron iku umume katam­bahan ing wujud sungging bludiran utawa kembangan. Sabanjure Bagus Riwong dipek mantu dhalang saka Kulon Praga nama Ki Paku Waja lan dijodhokake karo anake wadon kang aran Rara Suprih. Ora let suwe Rara Suprih ngandhut lan nglairake anak lanang dijenengi Jaka Grenteng. Bareng wis gedhe Grenteng uga baud gawe wayang kanthi ciri-ciri mirung­gan, yaiku panggarapan wayang kang luwih nengenake sunggingan sorot kang lumrah disebut sungging tlacapan.

Para tokoh dhalang lan panggarap wayang kaya dene Ki Jayaprana, Jaka Pe­na­tas, Bagus Riwong, Ki Paku Waja, Grenteng lan abdi dalem liyane ing Kraton Ngayogyakarta iku nuli amemangun wu­juding wayang kulit gagrag Ngayogyakarta, kanthi nglairake panemu ing babagan tatah lan sungging. Gathuking panemu ing garapan sungging lan tatah wayang iku wiwit dirintis Ki Jayaprana lan Jaka Penatas sarowang engga nganti jaman sugenge abdidalem Raden Bekel Prayitna Wiguna (mBah Bundhu) lan tekan saprene isih diterusake Mas Lurah Perwita Wiguna (Mas Sagio) abdidalem Kraton Ngayogya­karta kang dununge ing dhusun Gendheng, Bangunjiwa, Kasihan, Bantul. Para abdi­dalem dhalang lan pengrajin wayang iku kanthi tumemen nguri-uri, ngresaya sarta memangun wujude karakter lan wanda wayang kulit gaya Yogyakarta. Satemah wewangunan wayang kulit gaya Yogyakar­ta iku kasawang katon saya sampurna lan luwes, kaya kang saiki bisa kapirsanan ing pagelaran wayang purwa ing Ngayogya­karta.

Cathetan kanthi versi liya bab riwayate wayang kulit purwa gagrag Ngayogyakarta uga disenggol ing kalawarti lawas Majalah Panjang Mas. Ing majalah kasebut dian­dharake yen abdi dalem kang ndherek Pangeran Mangkubumi andon lana ing jaman Perang Mangkubumen iku sawiji­ning dhalang aran Ki Cermaganda kang kondhang diceluk Dhalang Kandhang Wesi lan anake lanang kang aran Paku Waja. Iya dhalang loro iku kang sabanjure me­mangun bentuke wayang lan padhalangan ing Ngayogyakarta. Kajaba iku, wayang kulit purwa gagrag Ngayogyakarta (Mataraman) tinggalan jaman kuna, uga tetep kaperdi kanthi becik. Kayata kang disebut Wayang Purwa Gagrag Kraton Ngayogyakarta, Wayang Purwa Gagrag Ngayogyakarta Tejakusuman, Wayang Purwa Gagrag Ngayogyakarta Kyai Inten Taun 1840 Dening Ki Gunakerti, utawa Wayang Purwa Gagrag Pakualaman.

 

Serat Purwakandha minangka baboning crita.

Mungguh baboning crita wayang pur­wa iku umume njupuk saka crita Maha­barata lan Ramayana. Nanging wayang kulit gagrag Ngayogyakarta ora nganggo dhasar kitab Mahabarata lan Ramayana kang asli kajaba wayang crita Mahabarata lan Ramayana kang wis ginubah dening para pujangga kraton ing Ngayogyakarta. Ing kene isine lakon wayang Yogyakarta kasebut kaprabawan dening alam pikiran, suwasana sosial, pulitik lan kabudayan Jawa ing Ngayogyakarta ing wektu kuwi. Satemah critane semu geseh karo buku pakem kang asli lan owah dadi kaya dene crita dhaerah. Salah sijine kang minangka gocekan yaiku Serat Purwakandha kang kaserat dening pujangga kraton Ngayog­yakarta awit dhawuh dalem Kangjeng Sultan Hamengku Buwana V ing tanggal 29 Oktober 1847 engga tumekane ram­pung ing dina Ahad Kliwon 30 Juli 1848. Serat Purwakandha nuli katetepake mi­nangka baboning crita tumrap padhala­ngan wayang purwa gagrag Ngayog­yakarta.

Tekan saiki wis akeh kababar buku-buku padhalangan gagrag Ngayogyakarta, kayata Serat Purwakandha jarwan Slamet Riyadi sakanca (Proyek Pengembangan Bahasa dan Sastra Daerah, Dedikbud RI, Jakarta 1984/1985), Serat Purwakandha Jilid I & II alih aksara dening Suyamto (Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta, 1987), Buku Pedhalangan Ngayogyakarta Gegaran Pamulangan Habirandha kara­ngan RM Mujanatistomo sakanca, Ca­thetan Kagungan Dalem Ringgit Suwargen paniti serat MB Cermagupita lan MB Cermawicara (KHP Kridamardawa Tahun 1994), Wayang Kulit Gagrag Yogyakarta dening Sagio lan Samsugi. Uga buku “Wayang Kulit Gaya Yogyakarta, Bentuk dan Ceritanya” dening Sunarto lan Sagio.

 

Ciri-cirine Wayang Kulit Gaya Yogyakarta

Cakrik lan wewangunan wayang kulit gaya Yogyakarta iku pranyata ora bisa katitik kanthi gampang, sabab winates marang ciri-cirine bleger lan awak-awak tumrap wayang kulit kasebut kang ora pendhak pawongan bisa mangerteni ciri-ciri wayang kasebut. Mula kanggo niteni wujude wayang kulit gaya Yogyakarta perlu digatekake lan dimangerteni manawa:

1. Wayang Yogyakarta iku bentuke nggambarake wayang kang “obah” (lu­maku). Bab iki dititeni saka adeg-adeg sikil kang jumangkah jembar, luwih-luwih wayang gagahan kang adeging tapak sikil sisih mburi katon semu jinjit (miring). Bab iku kanggo aweh gegambaran yen wayang Yogyakarta katon luwih gagah, gumreget (dhinamis) lan ekspresif. Dene wayang putren nggambarake marang ringgit tan­cep (mandheg), bab iki ditengeri saka wujuding wiron nyamping (jarit) kang sumeleh mangarep, kang disebut “nggradha”.

2. Wayang Yogyakarta uga ana kang digarap kanthi bleger dhepah (lemu lan cendhek). Wujude sirah katon luwih gedhe, penere awak condhong mangarep, lan adeging sikil ginawe luwih cendhek katimbang satemene. Bab iki ana sambung rapete karo pigunane wayang nalika ginelar yaiku katancebake ing gedebog pisang kanthi posisi semu renggang. Dadi yen kasawang saka mburi kelir lan kasorot sunaring blencong, ing perangan sikil iku kaya-kaya mundhak dawa, saengga katon imbang karo perangan awak liyane.

3. Wayang Yogyakarta duweni wewa­ngunan tangan kang luwih dawa nganti nyenggol sikil. Dene bau (pundhak) kang sisih mburi uga katon luwih dawa. Bab iki uga ana gandheng-cenenge karo pikolehe wayang nalika bakal ginelar. Sebab nalika wayang iku nedheng nyembah mbutuhake ukuran tangan kang bisa nyenggol pucuk irung. Saengga ukuran awak kang ketug sikil iku laras karo ukuran dawane tangan.

4. Wayang Yogyakarta yen digatekake kanthi temen, umume migunakake ukiran (tatahan) inten-intenan. Mligine ing ricikan uncal wacana, sumping, turida lan ing perangan busana liyane. Nanging bab iki ora dadi perkara mirunggan kanggo mbedakake antarane para tokoh wayang siji lan sijine kang terkadang ora migunak­ake tatahan inten-intenan. Luwih-luwih tumrap jinis wayang kang mbutuhake kapangan (cakrik) kang becik sanajan mung kanthi tatahan kang agal (kasar).

5. Wayang Yogyakarta iku yen dititik saka sunggingane, racak-racak migunak­ake sunging tlacapan utawa sungging pajutelu walikan lancip (kaya tumpal ing motif bathik) kang ing jaman biyen disebut sungging sorotan. Sungging tlacapan iku pigunane kanggo muwuhi rerenggan pe­rangan sembulihan ukuran gedhe (kacata konca), dene sembulihan ukuran cilik (lamba) kanthi sungging sawutan (lancip-­lancip kaya sungging tlacapan, nanging ukurane luwih cilik). Mungguh unsur sungging wayang gaya Yogyakarta kang cilik-cilik iku mujudake sunggingan mligi, saengga ora bakal ditemokake ing sung­ging wayang gaya liyane. Ing sungging cindhen ing wayang Yogyakarta ditengeri kanthi ules telung warna (abang, ireng, putih), dene ing sungging bludiran mung winates kanggo perangan tinamtu bae (kayata tali praba). Mungguh ing sungging ulat-ulatan mung mawa sungging templek kang ora ditatah utawa dibludrir. Kayata warna abang tumrap praen ireng, dene perangan alis terkadang disungging warna emas. Sabanjure ing sungging drenjeman, wayang Yogyakarta mung migunakake warna ireng bae.

6. Wayang kulit Yogyakarta ing pera­ngan lemahan (siten-siten), luwih-luwih ing sambungan dhudhukan antarane sikil ngarep lan sikil mburi, racake dipulas kanthi sunggingan warna abang. (Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor