Tataran Uriping Manungsa Iku, Pindha Lakuning Rodha (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 116 kali

b). Milolo, iku tegese mbombong (asung pangalembana), nggedhekake atine. Lha tumraping Ustadz/ustadzah utawa wong tuwa diajap bisoa mbom-bong utawa aweh pangalembana marang putra-putrine (anak didike), supaya daya potensi (kreatifitase) ora kethul (mandheg). Bombongan lan aweh pangalembana iku ora kok njlomprongake marang bocah-bocah/anak-anak. Nanging hiya mangkono iku fenomena kajiwane bocah-bocah/anak-anak sarta banget mbutuhake kawigaten (mbombong sarta panga-lembana). Sing bener. Lha tumraping ustadz, ustadzah utawa wong tuwa, sawuse mbombong utawa aweh pangalembana marang bocah-bocah/anak-anak, perlu nuduhake, manawa apa kang ditindakake iku kurang bener, kudu dituduhake kesalahane, sapaya diowahi (diperbaiki).

c). Polidarma, teges asung tuladha. Ing babagan iki para guru utawa wong tuwa supaya aweh tuladha (conto) kang becik, pindha filsafah kepemimpina Ki Hajar Dewantara, yaiku ing ngarsa asung tuladha, ing madya mangun karsa lan ing wuri tut wuri handayani.

d). Polimarma, tegese aweh pangapura. Prayoga banget tumraping Ustadz, Ustadzah sarta para wong tuwa paring pangapura marang putra-putrine, yen padha nindakake kesalahan, kanthi pangajap aja nganti nindakake kesalahan kaya kang wus kepungkur.

 

3. Tataran Pupuh Asmaradana

Sing dimaksud Asmaradana, yaiku swasana sing nggambarake mahabbah (langen asmara) antarane priya lan wanita, wiwit jaman Nabi Adam nganti saiki. Para leluhur kita uga ndarbeni kawigaten ing babagan asmaradana tumraping manungsa kang wus diwasa (balig), wus kataman rasa seneng marang lawan jinis, malah ndarbeni pepenginan bisoa urip bebarengan, urip bebrayan. Miturut Budayawan M.H.Ainun Najib, lha sing dimaksud tataran asmaradana iki, ndarbeni makna kapadan (identik) karo makna-ne ayat “Arrahmanir rahiim” (Q.S. Al-Fatihah).

Dinuga tataran asmaradana tum-raping pawongan/kanoman watara umur 21-30 taun. Lanang utawa wa-don ing tataran umur kasebut, wiwit mbutuhake katresnan (kasih sayang)) seje jinis. Umur sak mono iku pancen wus pantes tumraping pawongan la-nang la wadon, nindakake palakrama (nikah). Kaya dene tuladha saka Ra-sulullah nalika krama karo Siti Khadi-jah watara yuswa 25 taun. Ing tataran umur welasan taun (17 taun), sawiji-ning pawongan wus wiwit ngenal (mangerteni) mahabbah (cinta) kang awal (cinta pertama) utawa sing ka-wong karan cinta monyet. Lagi watara umur 25 taun mungguhing pawongan lanang lan umur 22 taun tumraping pawongan wadon, pawongan mau wus ngancik diwasa. Sing sak benere napaki masa perkawinan.

Asmara (mahabbah, percintaan) yen diarahake trep karo tuntunan Aga-ma (Islam), bakal nuwuhake swasana kang becik. Miturut angger-angger syar’i nyalurake mahabbah (cinta) tumapak nganti palakrama, yaiku krana lelandhesan Agama ing tembe buri insya Allah bakal mulya. Suwalike yen mahabbah (cinta) nganti palakrama krana bandha, rupa, nasab (ora krana Agama) bakal kapitunan ing tembe mburine. Gemblenge, miturut wawasan Agama, filosopi mahabbah (cinta) iku ora kok mapan ana ing kecantikan sarta kemulusan awak (kulite).

Lha yen sing dadi paugeran krana kebagusan utawa kecantikan bae, lha banjur kepriye yen kekarone wus dadi kaken ninen-ninen. Pasuryane ora tambah cantik lan bagus, bakal dadi ala, kulite kriput, untune kempong, mlakune wus ora jejeg, awake kerep lara, pegel lan linu, rambute dadi pupih memplak lan sapiturute. Iki ka-beh bakal njalari rasa kuciwa ngge-tuni. Supaya luwih gamblang ing tataran asmaradana, iki perlu dima-ngerteni babagan  sing ana gandheg cenenge panggodha, filosopi cinta lan teologi cinta.

Mangkene: a). Panggodha. Umume sing dadi panggodha kang utama yaiku bandha (harta), palung-guhan (tahta) lan wanodya (wanita). Kasunyatan kang dumadi ana ing tengahing masyarakat, ora sethithik para pangemban lan pangembating praja (para pemimpin pamarintahan) sing ora kuwagang utawa ora tahan uji ngadhepi panggodha teteluning ta mau. Lha tumraping sedulur-sedulur sing dhemen mriksani wayang kulit, bisa dipriksani sawijining lakon, yaiku godhaning wanita marang Raden Arju-na sing lagi napaki semedi (manukung manungku qalbu) utawa tapa brata ana ing Gunung Indrakila. Nalika se-medine, kaya lakon Arjuna Wiwaha, Begawan Mintaraga/Ciptaning, Raden Arjuna digodha dening Widodari pitu cacahe, yaiku Dewi Supraba, Dewi Wilutama, Dewi Warsiki, Dewi Suren-dra, Dewi Gagar Mayang, Dewi Tanung Biru, lan Lengleng Mulat, sing wus nggodha nalika semedi. Pranyata ing kene Raden Arjuna ora gigrig dening godhane para Widodari kasebut. Iki ateges semedine Raden Arjuna kusyu’ (gentur tapane). Krana gentur tapane lan ora bisa digodha dening Widodari-widodari, wusana Raden Arjuna piko-leh kanugrahan saka Bethara Guru arupa gaman kang karan “Pasopati”. Kajaba saka iku Raden Arjuna pina-ringan jejibahan naklukake Prabu Ni-watakawaca saka Negara Ima-Iman-taka, kang wus klakon ngobrak-abrik Kahyangan Suralaya. Prabu Ima-Imantaka bisa disirnakake dening Raden Arjuna. Tumuli Raden Arjuna pinaringan kanugrahan Widodari pitu cacahe, sing nate nggodha Raden Arjuna nalika semedi. (Ana candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor