Tari Remong lan Filosofine
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 15 kali

Kanggone masyarakat Jawa Timur, khususe Surabaya, Jombang, Malang, Mojokerto lan sakiwa-tengene, tari Remong/Remo wis dudu bab asing maneh.

Tari Remong riwayate diawali saka Desa Ceweng, Kecamatan Diwek, Kabupaten Jombang. Pencipta awal tari Remong pancen ora disebutake jenenge. Sing jelas, ana sekelompok wong sing mubeng saka wewengkon siji tumuju papan liyane saperlu “mbarang jantur” liwat tari, ngupaya rejekine Gusti. Tari sing dinamis, sigrak, nggambarake sifat kendele satria sing maju perang. Tari Remong wiwit dikenal masyarakat kira-kira taun 1930 kepungkur, digandrungi, dilestarekake terus nganti saiki.

Gaya lan busana tari Remong ana limang macem, yakuwi modhel Surabayan, lombangan, Malangan, Sawunggalingan lan Remong Putri. Sandhangan lan gerak tarine uga tansaya maneka-werna, najan inti dhasare tetep ora diganti.

Gaya Surabayan, ciri khase udheng werna abang, gelang sikil utawa binggel, klambi ora kancingan ireng, kanthi modhel ksatria keraton abad 18-an. Disempurnakake clana sewates dhengkul klawan direnggani benang emas, kain bathik/jarik gaya Pesisiran sing nglewer mangisor, sebageyan ditalekake ngubengi awak, lan keris sing dislempitake ana boyok.

Penari Remong gaya Surabayan uga nggunakake slendhang loro minangka kelengkapane. Siji dicantholake pundhak, sijine maneh diubetake bangkekan. Tangan tengen nyekel pucuke slendhang tengen, semono uga sing kiwa nyekel slendhang sisih kiwa.

Gaya Malangan intine meh padha karo gaya Surabayan, mung wae sandhangan ndhuwur diganti nganggo rompi. Gaya Jombangan, asring slendhange mung disampirake pundhak, dislempangake, ditalekake ngisor cangklakan. Gaya Sawunggalingan uga padha, mung klambi ireng utawa abang khas Surabayan, diganti kaos lengen dawa, rupane putih.

Gaya Sawunggalingan diinspirasi dening kisah kepahlawanane Raden Mas Sawunggaling, tokoh pejuang legendharis asal Surabaya sing gigih ngusir penjajah Landa saka bumi kutha Pahlawan lan kekitere. Raden Mas Sawunggaling kasil nyingkirake tentara Landa pimpinan Jendral de Boor, kira-kira abad 17.

Tari Remong gaya Putri, kadhangkala nggunakake sanggul lan hiasan cundhuk mentul, nganggo mekak ireng nggo nutupi perangan dhadha, nganggo rapak ana bangkekan

nganti tekan dhengkul, nggunakake slendhang ana pundhak. Tari Remong Putri kondhang diarani Beskalan mungguhe warga Malang.

Alat musik sing ngiringi tari Remong yakuwi saperangkat gamelan, sing dumadi saka: bonang,barung/babok, bonang penerus, saron, gambang, gender, siter, kethuk, slenthem, suling, kenong, kempul, gong. Umume nganggo laras slendro, padha karo iringane ludruk, dening tari Remong Putri nggunakake laras pelog.

Gendhing Jula-Juli, Tropongan, Walangkekek, Gedhog Rancak, Krucilan lan sok-sok nggunakake gendhing kreasi anyar, nalika ngiringi tari Remong. Dina iki, akeh kreator motif lan modhel sandhangan tari Remong, engga gaya klasike wis ngalami “pembaharuan” ana kana-kene, ning tetep ora ninggalake wangun sing baku.

Penari Remong kudu bisa nyanyekake lagu sing dadi jejibahane klawan “mandiri”, sebab pancen ora ana waranggana sing mbarengi dheweke wektu ngidung ana pentas tinarbuka. Mula saka kuwi, wajar yen penari Remong duwe swara apik, nafas dawa, prigel, nyimpen kewasisan mumpuni nalika lenggak-lenggok sangarepe penonton.

Tari Remong, awale mung dilakoni dening kaum pria. Mbarengi karo jumangkahe laku jaman, kaum wanita, tuwa-mudha, bocah-bocah, lanang-wadon, uga bisa melu njoged. Biyen mung siji sing nari, akhire malih telu, lima, malah ana njoged Remong secara massal. Ora mung kanggo pambuka kesenian ludruk, ning uga nalika mahargya tamu, selingan tayub, lan adicara penting liyane.           

Gerak lan urutan tari Remong kena diperang saka: gedhug, kipatan sampur, gendhewa, ngore rikma, nebak bumi, tatasan, ceklekan, tepisan, nglandhak, kencak, klepatan, telesik, bumi-langit.

Gedhug, minangka simbol yen menungsa lair, sawise metu saka kandhutane ibu, mesthi ngideg bumi. Drip lan nandangi takdir uga manggon ana bumi. Gedrug kuwi njejegake tungkak sikil tengen nyang lemah, klawan wirama tinamtu.

Kipatan sampur/slendhang, nggambarake gerakan sing mertandhani ngguwang pengaruh ala sing tumuju awak. Gendhewa, nuduhake mlesate urip kita iki menyang papan sing luwih mulya. Ilmu, pengalaman, kawruh becik sing kita kumpulake wajib digethok­-tularake, diwulangake liyan, utamane kulawarga lan anak turon.

Ngore rikma utawa mbegarake rambut, duwe makna menawa wong gesang ana lam pepadhang iki kudu pinter nata lan ngopeni sakujur awak, njaba-njero, lair tumekane batin, murih uripe sempurna. Nebak bumi, pralambang yen menungsa urip wajib ramah lan ngramut bumi saapik-apike. Semono uga karo makhluk bumi liyane, wajib ngajeni intensitase

sowang-sowang.

Tatasan, simbol antisipasine menungsa marang samubarang sing teka menyang dhiri pribadhine. Ceklekan, lambang yen wong gesang kudu trengginas, cag-ceg, nyokleki, nugeli apa wae sing tundhone bisa ngundang bebaya. Tranjalan/gobesan, mertandhani yen wong urip wajib ngemohi tumindak ala, sing katon pandulu lan sing mung dirasakake jroning kalbu.

Tepisan iki obahe tangan ana sandhing weteng nalika njoged. Maknane, weteng kuwi pusate hawa saka njaba lan saka njero. Weteng dadi nggon nglumpuke maneka-werna panganan sing kita dhahar saben dina. Panganan bisa duwe pengaruh apik lan ala tumrap tingkah-lakune menungsa sabanjure.

Nglandhak, gerak sing sok-sok disebut kudha kencak, simbol yen menungsa urip

kudu lincah obah mrana-mrene, saperlu nyukupi kebutuhane. Klepatan kuwi artine nglepat

utawa ngendhani lelakon ora becik. Telesih, artine nlesihake awak saka barang-barang sing

katone biasa-biasa wae, tapi duwe pangaribawa “ora wajar” yen dijarake. Bumi-langit, simbol

yen menungsa urip iki manggon sangisore langit, sandhuwure bumi. Bumi-langit ana sing nyiptakake, mula kita kudu syukur lan manembah ma-rang Gusti Maha Kuwasa. (Dawam)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae