Ing Pundhen Mbah Lokojoyo Yen Sembranan Bakal Cilaka
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 33 kali

Wis akeh wong sing nyumurupi yen pundhen mbah Lokojoyo mapan ing salore dalan desa sing dumunung ing Desa Sinoman Klebu Kecamatan Pati Kabupaten Pati, dipercaya papan kang wingit. Nganti seprene isih dikeramatake warga sakitere, amerga ana kadadeyan nalika liwat dalan sangarepe utawa sacedake pundhen, ana wong sembra­nan apa maneh kumalungkung bakal kena cilaka.

Ngenani pundhen kang klebu wingit kasebut, PS banjur nedya nakokake karo salah sijine warga jenenge Ngadiyo (62) sing sabendinane makaryane tani kang omahe sakidule pundhen nyritakake, pundhen mbah Lokojoyo kajaba wingit uga nganeh-nganehi lan ora tinemu na­lar, malah durung suwe iki, ana rom­bo­ngan sakmobil isine wong 9 saka brang lor. Nalika ngliwati dalan sakngarepe pundhen pawongan kasebut padha wada dalan, dalane diarani ciut, elek lan kuburan diwada mung ambane semana, dumadakan mobil kang ditumpaki kejegur ing kalen sawah sing blekethok­an malah mobile nindhihi tanduran pari sing umure lagi 15 dina.

 “Amerga wingite pundhen mbah Lokojoyo nganti sprene yen liwat dalan sacedhake pundhen aja sembrana luwih becik kita kulanuwun rumiyin, kudune ngebel yen numpak kendharaan lan yen liwat mlaku aja ngetokake kesombong­ane,” tuture Ngadiyo.

Sauntara kuwi sumber liya sing dite­moni PS yaiku Suparno (55) sing duwe pekarangan sacedake pundhen mbah Lokojoyo ngandhakake, nalika wayah esuk udakara jam 10 ana sopir truck  lagi bubar ngangkut lemah liwat dalan pun­dhen weruh kodhok ijo gedhe banjur dijupuk digawa mulih karepe arep diolah kanggo lawuh. Nanging let sedhela dumadakan wong kasebut nandhang lara,  banjur kodhok kasebut dibalekake ing pundhen.” Dina kuwi uga wong kase­but nganakake slametan utawa manga­nan dikepung bebarengan karo warga sakiwa-tengene kanthi padha dedonga ing pungkasan bisa mbalik waras ma­neh,” kandane Suparno.

Miturut Juru Kunci Mbah Lokojoyo yaiku Suli Rohmat (70) ngandharake pun­dhen Mbah Lokojoyo utawa Mbah Sauban kahanane isih prasaja banget. pundhen kasebut pranyatane  bisa ndadekake wedi marang  sapa wae sing liwat pundhen kang dhuweni sifat sombong amerga bola-bali wong liwat ora kula nuwun malah ngarani dalan pundhen elek bakal nemoni musibah sing cukup gedhe embuh kuwi kendharaan sing ditumpaki dumadakan tiba lan ketaman penyakit. Biyen nganti saiki pundhen isih dikeramatake kanthi dijaga karesikane. Tumprap warga Desa Si­noman sakiwa-tengene uga isih ngleksanake slame­tan nalika kapinuju duwe hajat supaya tandurane ora dipa­ngan ama tikus sa­engga panene kasil, kabeh usahane lan­car lan diparingi ke­selametan. “Ing di­na tinamtu yaiku ma­lem Jum’at Pon lan Kliwon pundhen Mbah Lokojoyo ra­me ditekani para peziarah ana sing padha ngalap berkah, yen niate kenceng bakal entuk tambah kamulyan, mundhak akeh rezekine,” tuture mbah Suli.

Miturut Mbah Suli pundhen Mbah Lokojoyo uga kerep dikunjungi tamu saka ngendi-endhi, malah ora sethitik kang teka saka daerah Jepara, Semarang paling akeh Grobogan, Rembang, Ma­lang, Tuban, Lamongan, Cirebon, Jakar­ta uga saparan-paran ing rangkah nja­ban Pulau Jawa kayata, Kalimantan, Sulawesi, Sumatra, Padang, Bengkulu lan Palembang. Kanthi maneka tujuwan kayadene: babagan dagang, pertanian, kena perkara, bab utang supaya cepet nyaur, lelara, jodho nanging para tamu ana uga sing kerep murih cepet kasil, akehe kepingin tambah entuk rezeki uta­wa bab donya bisa sugih. Kanggo pe­ngunjung sing arep ziarah syarate ngga­wa kembang boreh telon, kembang ga­dhing 2 lan kemenyan kanggo diobong.

“Aku mung saderma lantaran sing cetha kabeh gegayuhan kekarepan sing nemtokake mung kersaning Gusti Allah, manungsa pancen diwajibake dedongo lan ngupaya. Menawa ing tembe wis kasil aja lali ngleksanake slametan utawa manganan ing pundhen, dene kanggo sing wis kasil sugih tenan mbeleh wedus kendit sing lanang lan sing wis kasil na­nging sugihe lagi setengah mung mbeleh pitik,” jlentrehe mbah Suli.

Manut critane Mbah Suli Rohmat kang wis dadi juru kunci suwene 20 tahun, nalika ditakoni bab sejarahe pundhen Mbah Lokojoyo, nyritakake, miturut crita saka mbah-mbah biyen mbah Lokojoyo kuwi asale saka Demak. Wektu zaman biyen pancen cukup suwe babat alas ing  tlatah kene.  amerga durung dadi papan utawa Desa, mbah Lokojoyo wis wani babat alas. Nanging durung rampung ang­gone babat alas dumadagan ana utusan saka Demak dibagei pagawean melu mbiyantu ngedegake saka (cagak) Masjid Demak wiwit saka lor wetan, amerga tekane telat wis dienteni banjur banget gugupe terus njupuk alang-alang kanggo naleni ssaka  Masjid ben ndang cepet ngadek. Rumangsa wis rampung anggone mbyantu, sakteruse mbalik ma­neh nerusake babat alas. Ing tengah-tengahe wis arep rampung diganggu Jin Elo-elo banaspati, bugastani malah dadi perang tanding, nanging kabeh Jin kuwi bisa dikalahake dening Lokojoyo amerga Lokojoyo duwe cemethi telu yaiku darba­nas, guntur lawu lan pamengkang jagat lan kabeh jin kasebut tunduk sarta wedi marang Lokojoyo.

Sawijing dina Mbah Lokojoyo ditekani sakabate saka Tuban jenenge Mbah Sauban, niat saka Tuban pancen arep nindakake dakwah Islam menyang daerah Kajen Margoyoso, amerga duwe sakabat ing Sinoman bubar dakwah Mbah Sauban kerep tindak menyang panggonane Mbah Lokojoyo. Nalika kuwi ngepasi tekan Sinoman, Mbah Sauban krungu swara gong utawa gamelan banjur kepencut dadekake seneng marang swara gong. Krana saben ing Sinoman asring krungu swara gong ban­jur dadi luwih krasan saengga sakteruse omah-omah lan bebojoan nganti duwe putra 5 cacahe. Sing nomer siji jenenge Kang Kukus Suratman, nomer loro  Den Bagus Kandar, nomer telu Mbah Kiswati, nomer papat Pulang Kencana lan nomer lima Mbah Rastri. “Mula anane pundhen ing Desa Sinoman iki akeh warga ing sakitere kene akeh sing jenengake pundhen Mbah Lokojoyo utawa Mbah Sauban,” critane Mbah Suli Rohmat.

(Didik Andoyo)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik