Wengi Pungkasan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 37 kali

Ing jagading usaha wiraswasta, Marsih dudu wong anyar. Wadon umur telung puluh wolu               taun iku wis taneg ngge­luti usaha wiraswasta, liwat ke­giyatan gawe tahu. Senajan ora gedhe, pabrik tahune nate moncer. Asile bisa kanggo ca­gak urip sakulawarga. Biyen, pa­brik tahu mau dikemonah ba­reng karo Kuwato, bojone. Na­nging wis telung taun iki Marsih kejaba dadi ibu uga dadi bapak kanggo anak-anake cacah loro. Karana kacilakan lalulintas, Ku­wato tinimbalan sowan ing ngar­saning Gusti Kang Maha Ku­wasa. Gelem ora gelem, bisa ora bisa, kanthi ijen dheweke kudu ngemonah pabrik tahune. Amrih kendhil ing pawone ora nggoling.

Mbokmenawa karana ing kana-kene akeh usaha sing pa­dha-padha mrodhuksi tahu, Mar­sih ngrasakake omset tahune mbaka sethithik suda. Sesasi kepungkur dhe­weke kepeksa nglereni tenaga kerjane, Kamirun lan Dasiyo, jalaran tansaya ka­botan yen kudu nggaji wong sanga sa­ben minggune.

Sore-sore Marsih ngeterke tahu pe­senan menyang omahe Bu Er-we. Saka Bu Er-we dheweke sengaja mampir omahe Markamti, mbakyune ipe.

“Ora lunga, Yu?” takone karo njagang sepedha motore.

“Ora. Ayo lungguh kene. Ana perlu?”

Kaya padatan, sadurunge lungguh, njupuk gelas terus ngecurke banyu wan­tah saka dispenser. Sejatine wis sawe­tara wektu Marsih kepengin nemoni Mar­kamti. Arep curhat ngenani pabrik tahune kang saya mbleret. Pindha lampu teplok kentekan lenga patra.

“Ya isih tetep mlaku, Yu. Isih lumayan bisa kanggo iki-iku. Mung wae yen kaya ngono terus-terusan lak ndrawasi,” Mar­sih blak kotang nyritakake kahanan pabrik tahune. Pangajape, mbakyune ipe mau bisa aweh sumbang saran apadene iguh pertikel. Jer, Markamti mono sawijining pengusaha. Bebarengan karo bojone, Markamti bukak toko mebel, dodolan me­ja, kursi, lemari, dhipan  lan sapa­nung­galane.

Diblejog, ora nganggo antan-antan dijaluki iguh pertikel, Markamti ora bisa wangsulan.

Jer anggone adeg dadi pengusaha ya ora pawitan ilmu bisnis modern. Isih cara konvensional, tradhisional. Mung ngen­delake naluri kanthi ndeleng selerane konsumen.

“Ngene, Yu. Aku njaluk pertimbang­mu. Piye yen aku dakjiyarah menyang ...,” ujare Marsih alon. Mandheg-mangu ang­gone arep nerusake tembunge.  “Gu­nung Kemukus …,” sambunge lirih, kepa­ra mung bisik-bisik, sumelang yen ke­prungu wong liya. Ana alesan, ngapa kok Marsih tuwuh krentege arep jiyarah me­nyang gunung kasebut.

“Sampeyan pirsa dhewe ta, Yu. Wa­rung bakmi Jawa-ne Lik Yoso neng we­tan kreteg kae. Wingi-wingi piye, saiki piye?” ujare Marsih.

Pancen, warung bakmi Jawa duweke Yoso kuwi dhek wingi-wingi kahanane mendlap-mendlip. Kerep sepine katim­bang ramene. Ora pisan pindho Yoso nggawa mulih dagangane, merga nyisa, ora kepayon.

“Bareng dheweke jiyarah neng papan mau, e ... sithik mbaka sithik kok banjur gayeng.

Saiki, saking larise, akeh sing……………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae