Lodan saka Segara Kidul (13)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 25 kali

Nyasak derese udan, playune sepedhah motor ora bisa rikat. Ing kana-kene banyu megung ngrerendheti laku. Kepara nalika tuma-pak Lurung Darmawangsa, dhu­wure ban­jir nganti rong protelone rodha kendha­raan. Setyawan mingkis clanane wates dhengkul, presneleng disuda, gas diuntir jero. Mesine mbengung ngeden-ngeden. Knalpot klubug-klubug. Uger  sim­pangan karo kendharaan rodha pa­pat, dheweke kumudu tiba merga kesu­rung ombak. Slamet, nganti kliwat lurung sing wis dadi kali kuwi, mesine motor ora mati.

Tekan prapatan Kertajaya-Darma­wang­sa, Setyawan menggok ngiwa. Lu­rung gedhe Kertajaya sepi mamring. Na­dyan aspale ora katon merga ketutup ba­nyu, nanging banjire ora jero. Mung wa­tara sapolok. Setyawan nggelak laku tu­muju pomahan elite Kertajaya Indah.  Manyak  larikan pomahan  ing  sapinggire dalan gedhe iku, banyune wimbuh jero. Setyawan ngalonake motore, presneleng disuda maneh,  samar  yen kendharaane  mo­gok merga busine keblebeg banyu.

Watara satus meter saka omahe Hen­darsa, Setyawan kaget. Dheweke sumu­rup ana sepedhah motor lanang metu sa­ka plataran banjur mbandhang me­nge­tan parane, arah sing kosok balen karo te­kane. Sing numpak krukupan man­tel brukut. Motore ngebut, miyak banyu nyem­bong ing sadawane lurung. Setya­wan njegreg karo nyawang lam­pune mbu­-ri motor iku nganti ilang diuntal  tikungan.

“Ah, tekaku kasep,” grenenge lirih.

Karo ngeloni guling, turune Sylviana   angler banget. Ambegane temata. Ngo­roke alus senggar-senggur. Dhasar ing njaba hawane adhem. Kahanan iku nggi­ring impene Sylviana bali menyang jaman kawuri, nalika lagi ngemong anak-anake, Sean lan Roger, sing isih cilik-cilik. Diajak plesir menyang mal tengah kutha. Se­neng-seneng ing panggo­nan dolanane bocah. Ma­neka dolanan dicoba, wi­wit adus bal, plurutan, numpak sepur-sepuran engga mlebu gu­wa angker. Sean bocah aktif. Seneng­ane dolanan game bedhil-bedhilan.  Mu­la sing diju­jug dhisik dhe­we nggon dolanan kuwi.

Pistul plastik tanpa mi­mis dicekethem. Sikil mbe­gagah. Patrape siyaga, niru koboi sing arep mistul bandhit. Mripate manther nyawang mungsuh ing nje­ro layar monitor nga­re­pe, sawijining animasi wujud robot telung dhi­mensi.  Ro­bot iku mindhik-mindhik ing saselane tem­bok runtuh. Golek lenane Sean. Sean waspada. Na­li­ka sirahe mungsuh men­cungul saka walike tembok gempal, Sean age-age ngincerake pistule. Dhor..dhor!!  Robot njungkel. Sean oleh poin 100. Game over!

“Hore, hore, mati kowe!” surake bu­ngah.

Sylviana grababan. Sirahe niling-ni­lingake. Swara jumedhor sinusul bengok nyenthe iku saka rumangsane cedhak ba­nget, kaya-kaya asale saka njero omah kono wae. Sirahe ndengengek ni­ling-ni­lingake. Karo isih madhep tembok, ta­ngange grayah-grayah memburi. Ko­thong. Silvyana mlumah. Kemule sing la­nang nglumbruk. Lawang menga separo.

“Neng ndi wong iki, apa menyang jedhing,” batine.

Sylviana kethap-kethip nyawang pyan. Ing njaba udane wiwit………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae