Pak Sapta Besanku
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 67 kali

Sekawit atiku bungah anakku lanang wis arep rabi. Dhasar besanku ya wong sembada. Sapta Adi asmane. Ngasta sekretaris kecamatan. Jan bungah atiku, ing atase sak aku wong tani mlengi besanan karo punggawa kecamatan. Iku rak golongan priyayi. Jenenge wae wis nuduhake. Sapta Adi. Sapta tegese pitu, adi tegese apik. Pitung apik-apik manggon ing pribadine calon besanku iku. Wis katitik nalika aku nglamar anake. Dheweke kandha ora duwe pepanggil apa-apa, sing wigati anak-anak padha mulya lan bagya uripe. Coba, apa ora nyenengake?

Nanging bungahku iku jebul ora lana. Kurang se­-minggu sadurunge tempuking gati, ndandak ana babak nglayoni. Pak Sapta Adi kongkonan, nggawa usul supaya aku gelem menehi urun dhuwit patang puluh yuta. Mak peng! Sirahku kaya dikampleng bata. Dhuwit semono sajrone seminggu, kepriye olehku arep golek? Oh, Pak Sapta Adi, tiwas dak-alem-alem, Sapta pitu Adi apik, apik-apik pitu nglumpuk. Apane sing nglum-puk. Ya ndremise kuwi sing nglumpuk. Pantese ya jeneng Sapta Dremis wae. Sapta tegese pitu, ndremis tegese ngathung. Saben dina ngathung ping pitu. Iku luwih cocog karo nyatane.

Nanging watakku, isin yen ora mu-judi pamintane calon besan. Ora ke-tang nabrak-nabrak kudu wujud. Sida-ne nabrak menyang bank nganggo ga-cuk sertifikat. Lega rasane, dhuwit pa-tang puluh yuta kecekel tangan. Sesuk teka ing pawiwahan ora mringkus, nanging bisa mungal dhadhaku adhep-an karo besan. Batinku: oh Pak, elek-elek iki petani duwe sawah, ana serti-fikate, kena kanggo gacuk njupuk kre-dhit bank. Jenengku wae Padma Sari. Sarining kembang, gandane wangi. Nadyan asline Padma Sarimin, kanca-kanca yen ngundang aku Padma Sari.

Tenan. Tekan dina tempuking ga­-we, aku bisa lumaku jejeg ngungalake dhadha, kaya tekane Prabu Kresna madeg duta ing nagri Ngastina. (Yen main wayang uwong aku pancen didhapuk Prabu Kresna, awit gune-manku cucut). Tangkepe besanku tetela katon grapyak sumanak, ora perduli dheweke priyayi lan aku mung wong tani. Polatane tansah sumeh mesem ngguyu. Ya mesthi wae, lha wong nampa dhuwit patang puluh yuta, atine rak seneng. Lha aku sing seneb.

Nalika lungguh jejer ngapit penganten, lambeku dakpeksa mesem ngguyu. Embuh ketara rada nyewewek apa ora, sabab sejatine atiku mangkel lan goreh. Nggagas utang patang puluh yuta ing bank.

Sajege urip lagi iki lho aku duwe utang semono akehe, kedah-kedahe kepengin mulyakake anak lanang. Sedhela-sedhela kelingan, sedhela-sedhela nggagas: terus lunase suk kapan? Sedhela-sedhela aku nyawang anakku wadon sing isih prawan. Ing batin aku janji: mbesuk yen ana sing nglamar, aku ora pisan-pisan arep aba neka-neka, mundhak gawe rekasa calon besanku. Sabab aku wis bisa ngrasakake, kaya ngene rekasane. Upama ora ngelingi anakku lanang wis kadhung tresna, oh, aluwung dakbatalake tenan.

Krana ati mangkel, rumangsaku lakune pahargyan lelet banget, ora rampung-rampung. Lambeku nganti krasa………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae