Kidung Perenging Dieng (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 44 kali

“Ya pancen dakakoni. Sajake cakepan tembang kae mau digunakake kanggo nyuntak rasa kas­maran, Paman.”

“Lha niku pun genah. Yen mbo­-ten klentu nika wau kekidunganipun pawestri ingkang saweg nandhang lara branta dhateng priya,” kan­dhane Jatuna.

“Lha ya kuwi. Ing atase wanita ngreronce kidung gek kanggo ngla­-irake rasa anggone sengsem ma-rang priya. Gek sapa ya wanodya iku, Paman?”

“Ah, nek kanggene kula piyam-bak sing ngoten-ngoten niku nggih mboten nggumunaken. Sing namine pawestri niku nggih mesthi kedah kasmaran kalih tiyang jaler. Pun limrah niku. Panci kodrate Gusti niku ngaten kok. Rak ya ngono ta, Kang Jagela?”

“Lha iya mesthi wae. Yen wong wadon utawa wong lanang seneng karo nunggal jinis kuwi lagi nganeh-anehi. Ning ya ana sing nyleneh kaya ngono kuwi. Wong pancen alam donya iku kahanane werna-werna.”

“Wis tau ya, Kang?”

“Pengin benthik pa?”

“Ha ha ha  ha! Nyatane ana sing gelem nglakoni”

“Yektine ora gelem nglakoni, na-nging mbokmenawa garising pesthi pancen kudu kaya kuwi.”

“Wis wis, Paman, aja keladuk ang-gonmu guyon. Iki wis wancine lingsir wengi. Wengi iki awake dhewe kudu andum gawe merga antuk ayahan tungguk kemit sewengi natas. Mula kudu ngaso genti-genten. Kowe kabeh ngasowa dhisik, aku dak ngaso keri wae.”

“Nggih. Yen ngoten kula kalih Kang Jagela tilem rumiyin nggih, Den.”

Let sedhela Jatuna lan Jagela wis turu ndlosor mujur ngalor karo ngorok senggar-senggor. Kemulan sarung lan njingkrung. Dirubung jingklong ora krasa. Yen adate sing melek mbrebegi sing lagi turu, nanging iki suwalike, sing turu malah mbrebegi sing melek. Nanging Manggalayuda Dorandana malah mesem ndulu abdi-abdine mau, awit kekarone pamomong lan abdi kinasih sing wis mataun-taun ngem-bani dheweke. Tur bisa kanggo mbat-mbatan yen Dorandana lagi ngalami ruwet renteng. Sawise Jatuna lan Jagela turu, Dorandana ngulat-ngu-lati swasana kang saya sepi. Kekidu-ngan sing nuduhake rasa kasmaran mau ora keprungu maneh.

Wengi  kapindho, wengi katelu nganti wengi kapapat Dorandana ora tau kendhat nindakake kewajibane ngreksa kayuwanane garwa kinasihe Akuwu Brasmara, ya Dyah Ayu Ar-dhini Pangastuti. Jatuna lan Jagela ora nate keri, tansah setya tuhu ngancani momongane melekan.

Ing wengi kapapat kidung kas-maran kang nganyut-anyut kuwi keprungu maneh saka papan pe-sanggrahan. Dorandana niling-ni-lingake kidung nyalawadi kuwi. Sa-jake sing lagi ngidung bener-bener lagi nandhang kasmaran marang priya pepujaning nala. Suwe-suwe Dorandana kepengin jumangkah nyedhaki asal-usule swara kidung mau, nanging derenge karep mau disrantekake luwih dhisik.

Wengi candhake kidung kasma-ran isih tetep ngumandhang lamat-lamat ing…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik