Kawah Gunung Tangkuban Perahu Kang Nengsemake
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 78 kali

Gunung Tangkuban Perahu mujud­ake salah sijine obyek wisata kang favorit tumrap para wisatawan. Saliyane endah lan ngelam-elami, kawah Gunung Tang­kuban Perahu kang dumunung ana ing tapel watese Kabupaten Subang lan Ka­bupaten Bandung iku ngandhut crita rakyat utawa legenda kang kawentar saindenging donya yaiku legenda Sang­ku­riang. Taman Wisata Alam Gunung Tangkuban perahu nduweni obyek kang dadi daya tarik yaiku kawah-kawahe kang bisa diparani dening wisatawan kanthi numpak kendharakan tekaning pinggire, kayata Kawah Ratu. Dene ka­wah Domas senajan mujudake salah sijine kawah kang isih aktif lan nduweni banyu panas alam, uga bisa dibukak kanggo wisatawan umum. Kawah Do­mas iki adohe kurang luwih 1.200 meter saka Kantor Pusat Informasi Kawasan Wisata Alam Gunung Tangkuban Perahu ing kompleks Kawah Ratu.

Manut asil panalitiane tim ahli kegu­nungapian (vulkanologi) saka Badan Geo­logi Bandung mratelakake menawa adoh sadhurunge Gunung Tangkuban Perahu iki lair, ing sacedhake Gunung Tangkuban Perahu iki ana sa­wijining gu­nung geni aran Gunung Jayagiri. Udakara 560.000 – 500.000 taun kepungkur, gu­nung Jayagiri iki mbledhos dha­syat saengga awake gunung ambruk lan mben­tuk kaldera utawa kawah sing jembar ba­nget. Lan ing si­sihe  kaldera Ja­yagiri iki tuwuh maneh gunung ge­ni anyar kang banjur karan Gu­nung Sundha sing dhuwure nganti ngga­yuh 4.000 meter saka lumahe banyu se­gara. Sabanjure Gunung Sundha iki uga mbledhos kang banjur mbentuk kal­dera sing jembares 6,5 x 7,5 km, kang dumadi watara  210.000 – 105.000 taun kapung­kur. Saka kaldera Gunung Sun­dha iki Gu­nung Tangkuban Perahu mun­cul engga seprene.  Tekane saiki,  putune Gunung Jayagiri lan anake Gunung Sundha iki isih ngatonake aktivitase minangka sawijine gunung geni  kaya para leluhure kuwi.

Perlu kawuni­ngan anake Gu­nung Sundha iki diarani Gunung Tangkuban Pe­rahu merga ble­gere sing pancen memper kaya pe­­rahu meng­kurep (kuwalik). Jeblugan jeblu­gan gedhe kang tau dumadi lan kacathet dening Badan Geologi yaiku taun 1829, 1846, 1887, 1926, 1952, 1969, lan taun 1983 kanthi anane jeblugan wujud keluk lan uap (gas) panas.

 Titik titik jeblugan kang sumebar saka wetan mangulon iki yen dideleng sa­ka sisih kidul utawa saka Kutha Ban­dung bakal katon kaya wujud perahu kang kuwalik utawa mengkurep. Ya mer­ga kuwi mau mula banjur diarani Perahu Nangkup utawa Tangkuban Perahu jro­ning basa Sunda lan tekan saiki dadi jeneng obyek wisata gunung iki.

Adedhasar data saka Perum Perhu­tani Unit III Jawa Barat, Kesatuan Pe­mangkuan Hutan Bandung Utara, Taman Wisata Gunung Tangkuban Perahu du­munung ana koordinat 6o 40" – 6o50" Lin­tang Utara lan 107o30" – 107o40" Bujur Timur utawa demunung 30 kilometer saka kutha Bandung sisih lor. Saka kutha Subang arah mengidul kira kira adohe 31 km. Dene puncak gunung kasebut sing paling dhuwur ngancik kurang luwih 2.084 meter saka lumahe banyu segara.

Ing Tangkuban Perahu cukup akeh kawahe, dene sing kondhang yaiku Ka­wah Panguyangan Badak. Kawah Bani, Kawah Upas, Kawah Ratu, Kawah Eco­ma, Kawah Domas, kawah Jurig, Kawah Siluman, Kawah Badak, Kawah Jarian, Kawah Jagal, Kawah Orok lan Kawah Suci. Sawetara kawah sing bisa ditekani dening pengunjung yaiku Kawah Ratu lan kawah Upas kang dhuwure watara 1.800 meter saka lumahe banyu segara. Lan kawah Domas kang dhuwure 1.650 meter saka lumahe banyu segara. Dene kawah liyane ditutup kanggo umum mer­ga mutawatiri jalaran sawayah-wayah kawah nuwuhake nyemburake awan panas lan uap panas saka njeron bumi.

 

Tetuwuhan khas

Ing wewengkon Taman Wisata Tang­kuban Perahu tinemu maneka werna jinis tetuwuhan kang wujud lan spesiese mligi tanduran ing gunung. Umume ing areal kang luwih cendhek dituwuhi wit-witan pakis, Herendong (Melastoma ma­labaricum), Pasang (Querqus sp), Sa­ninten (Castana argentea) lsp. Dene sa­ya mendhuwur ing kiwa tengene ka­wah dituwuhi ma­ne­ka jinis tetu­wuh­an kang ndu­weni batang cilik kang cendhek kaya jinis Cantigi. Mi­narasa (vaccinium varingi­volium). Umume areal Wa­na Wisata Tangku­ban Perahu klebu isih alamiah lan alas produksine (di­tandhuri dening masyarakat) duma­di saka Hutan Pinus (Pinus Markusil) ing sisih kulon lan sisih kidul kulon. Ing Ta­man Wisata Tang­ku­ban Perahu uga tinemu sato kang langka yaiku macan tutul minangka maskote Jawa Barat. Ing tlatah iki uga ana perkebunan teh kang dumunung ing sisih lor lan wetane.

Derese udan rata rata 2,700 mili­me­ter saben taune kanthi gunggung derese udan paling dhuwur ana ing wulan November yaiku kurang luwih 325 mm lan udan paling arang ing  wulan Juli kurang luwih 100 mm. Gunggung sunare surya ngancik 40 -60 persen saben taune uta­wa udakara 4,8 – 7,2 jam saben dinane. Temperatur paling cendhek antarane 7 – 8 derajad Celcius ing wayah bengi lan paling dhuwur 24 – 29 derajad Celcius ing wayah awan. Dene kelembaban uda­rane antarane 45 – 95 persen (rata –rata 69,5 persen).

Legenda Sangkuriang

Mula bukane dumadine Gunung Tangkuban Perahu ora bisa diuwalake saka legenda utawa crita rakyat kang sumebar ing masyarakan Priangan (Sun­da) kanti Legenda Sangkuriang. Kawiwitan saka kisah sawijine bocah lanang nom-noman aran Sangkuriang kang nduweni rasa tresna marang biyu­nge dhewe kang aran Dhayang Sumbi. Rasa tresna iki dudu antarane anak karo biyung (ibu), nanging antarane wong lanang lan wong wadon.

Ing sawijining dina, nalika lunga mbebedhag bareng sawijining segawon (asu) aran Si Tumang, kanthi sengaja Sangkuriang mateni si Tumang kasebut kang ora dimangerteni yen sejatine segawon kuwi bapake dhewe. Anggone malih rupa dadi segawon merga kena supatane sang Guru kang sekti man­draguna. Wiwit kedadeyan iku dheweke banjur ditundhung dening biyunge kang aran Dayang Sumbi.

Nalika Sangkuriang wiwit ngancik diwasa, dheweke nduweni pepenginan lan krenteg arep nggoleki ibune. Jroning ngulandara nggoleki biyunge kasebut, Sangkuriang mampir ing sawijinng desa lan ketemu karo sawinining kenya kang sulistya ing rupa lan warna utawa yen wong Priangan ngarani Neng Geulis (ga­dis cantik). Saengga pungkasane anta­rane jaka lan kenya kasebut padha ke­sengsem lan kepingin ngrajut tali katres­nan. Sangkuriang ora nglegewa (sadhar) lan ora ngira yen desa kasebut mujudake papan kelairane wanita kang merak ati mau sejatine ibu kandhunge dhewe kang kawentar sekti saengga bisa tetep awet enom.

Wiwitane, kisah asmara kasebut lu­maku kanthi rancag lan wajar wae, na­nging sawise dheweke padha netep­ake dina kanggo nikah, ndilalah Dayang Sumbi ndeleng lan sadhar yen kabeh ciri ciri tilas tatu ing sirahe Sangkuriang mau persis banget karo anake  kang minggat ninggalake omah 20 taun kepungkur.

Apa iya ketemu ngakal yen ibu ku­dhung kawin karo anake dhewe. Dene tetimbangan liyane kepiye carane nulak kekarepane Sangkuriang kasebut tanpa kudu natoni atine. Pungkasane Dayang Sumbi nyarujuki rancangan anggone ba­kal nikah kasebut nanging Sang­kuriang kudu ne­tepi syarat kang diajokake. Yen Sangkuriang bisa gawe sawijine perahu kang bisa digunakake ing dina akad nikah kang wis ditem­tokake, mung sa­jroning wektu sewengi.

Sangkuriang banjur gawe sa­wijine tlaga kan­thi cara mben­dung iline kali Ci­tarum. Nalika we­ngi meh ngancik Subuh lan perahune wis meh rampung, kayangapa kagete Da­yang Sumbi mangerteni yen Sangku­riang meh bisa netepi syarat syarat kang diajokake. Dayang Sumbi banjur golek rekadaya, amrih kekarepan anake mau ora bakal kasembadan. Mula dheweke banjur ngobat-abitake selendang sek­tine, saengga nuwuhake cahya kang padhang ndrandhang ing sisih brang we­tan, kaya kaya parak esuk wis teka lan srengenge wis bakal njedhul tandha yen wengui wis enthek. Kapusan dening cahya padhang tiron kasebut, mula jago jago banjur padha tangi lan kluruk ambal ambalan. Cekak gampange kahanan wis kaya wayah esuk padhange.

Pakaryan durung rampung lan sang­kuriang sadhar yen kabeh kekarepane kanggo ngawini Dayang Sumbi ora bakal klakon. Kanthi rasa mangkel, dheweke nendhang perahu kang meh rampung digawe kasebut, saengga pungkasane perahu mau njempalik dadi mengkurep.

Manut crita rakyat kang wis kondhang kasebut, perahu sing njempalik lan kuwalik mau banjur malih dadi sawijine gunung lan tekan saiki diikenal minangka gunung Tangkuban Perahu kang tegese gunung kang wujud perahu mengkurep uta­wa kuwalik.  Dene bendungan kang digawe dening Sangkuriang banjur pecah lan ambrol dadi garing kayadene dharatan. Lan saiki dharatan kasebut dadi sawijine kutha yaiku Kutha Bandung. Tetembungan Bandung asale saka tembung bendung = bendungan kang sabanjure owah dadi bandung.

 

Akomodasi wisata

Maneka sarana utawa akomodasi kanggo nyukupi kabutuhan lan kenya­manane para wisatawan wis dicawisake ing Taman Wisata kang ora uwal saka legenda Sangkuriang iki. Kayata dalan aspalan hotmix nganti tekan sapinggire Kawah Ratu, Kanthi mangkono maneka jinis kendharaan lan bis bisa digawa munggah tekan pinggir kawah. Areal parkir uga cukup bawera kanggo nam­pung 400-an kendharakan gedhe lan cilik. Ing komplek Kawah Ratu iki uga suma­dya Kantor Pusat Informasi, Cafetaria/restoran, kios kios cinderamata, mushola, shelter, menara pengamatan Toilet utawa MCK lan apanunggalane. “Kejaba kuwi kanggo menehi rasa aman lan eram para wisatawan saiki wis katambahan akeh food court lan spot spot foto kang becik,” kandhane Syarief, petugas kantor Informasi wisata Gunung Tangkuban Perahu marang PS.

Perlu kawuningan, rega karcis tanda masuk obyek wisata alam gunung Tangkuban Perahu saben akhir pekan yaiku Rp 30.000/saben wong, Rp 17.000/saben montor, lan Rp 35.000/saben mobil. Dene yen tumrap wasatawan manca (wisman) rega tiket tanda masuk yaiku Rp 300.000/turis. “Rega Tiket iki wis dipatenake sajrone setaun, dadi ora kena diundhakake sakarep dhewe kanthi pawadan dina liburan nasional,” tam­bahe Syarief. (Mas Amien Sigromilir)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik