Sistem Religi Manungsa Purba Guwa Kidang
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 2 kali

Ing pungkasan sasi Juli taun 2018 ke­pungkur, Balai Arkeologi Yogyakarta mbiwarake bebalung manungsa purba homo sapiens werna telu sing tinemu ing njeron Guwa Kidang, Desa Tinapan, Kecamatan Todanan, Kabupaten Blora. Dadi tandha yekti anane peradaban jaman prasejarah ing Kabupaten Blora.

Pangarsa Tim Panaliti Guwa Kidang saka Balai Arkeologi Yogyakarta, Indah Asikin Nurani mratelake menawa beba­lung manungsa purba homo sapiens ditemoke bebarengan artefak mawerna sajrone ngadani panaliten mirunggan sing diadani wiwit taun 2005. Ora sakabehe tinemu wutuh.

Temon bebalung homo sapiens wer­na telu iku miturut Indah Asikin tinemu cecaketan ing clongopan guwa, sacedhake tem­bok guwa. Temon sepisanan taun 2010 arupa be­balung sikil sa­kembaran posisi mlumah ing ngi­sor lemah kanthi jeru 170 sentime­ter saka salu­mah­ing bhumi.

Temon kapin­dho taun 2011 arupa artefak ma­werna. Ing antarane lemah kanthi jeru 30-115 sentimeter tinemu artefak piranti padinan, kayata cangkang kerang, beba­lung, ekofak uta­wa sisa panga­nan molus­ka, kenari sarta miri. Banjur te­mon ta­pak tilas gegenen sarta tilas paku­buran. Ing lemah kanthi jeru 155 senti­meter uga tine­mu tapak ti­las pakuburan.

Temon katelu taun 2012, arupa bebalung Homo Sapiens kanthi posisi jingkrung kadidene wong nembe turu ing lemah kanthi jeru 115 sentimeter. Temon taun 2013 arupa bebalung Homo Sapiens kan­thi posisi lung­guh tanpa sirah ing lemah kanthi jeru 115 sentime­ter saka salumah­ing bhumi.

 

Panggawene perkakas wis maju

Guwa Kidang dunung ing wewengkon wana Kesatuan Pengelolaan Hutan (KPH) kanthi amba 36 m x18 m x 18 m. Miturut In­dah, Gua kidang mujudake siji-sijine guwa sing digunake kanggo dedunung manungsa purba ing wektu lumayan suwe. Bisa katitik saka temon arkeologis mawerna-werna

Arupa artefak, fitur, ekofak saka cangkang moluska, bebalung vertebrata, sarta perabot saka watu. Uga temon pecahan grabah, pecahan keramik, pecahan logam (pengaji dhuwit). Banjur piranti serut polos, serut mawa untu, serut cekung, serut pinggir, lancipan, serut lancipan, bandul mawa bolongan, spatula, urdi, wilah peso, sudip sarta piranti ngasah.

Ing tapak tilas pakuburan tinemu bebalung hominid, manungsa prase­jarah Gua Kidang. Sarta sawernane artefak sing kalumrah digunakake min­angksa sarana ngurek-urek lemah, ngo­lah lemah sarta ngolah panganan.

Lelandhesan marang sawernane temon arkeologis sing ana, tim saka Balai Arkeologi Yogyakarta duwe panemu menawa situs manungsa prasejarah Gua Kidang kagolong istimewa, menawa katandhing temon ing papan liyane.

Saka asil uji karbon sing katindake, homo sapiens Guwa kidang urip kurang luwih 9.600 taun kepungkur. Dadi kurang luwih ing taun 7.500 sadurunge Masehi. Kagolong manungsa purba sing cerdas. Bisa katitik saka temon artefak perkakas. Panggawene wis migunake teknologi tartamtu. Sawatara iku perabot saka watu kurang antuk kawigaten maneh. alias wis wiwit ditinggalake.

 

Sistim pamethake layon

Gegayutan kalawan kahanan temon bebalung manungsa, miturut Indah Asikin, manungsa purba Guwa Kidang wis ngenal sistim pamethake layon. Bisa katitik saka temon bebalung manungsa kanthi posisi lungguh nglempit.

Posisi nglempit iki kadidene posisi jabang bayi nalika isih ing njeron gu­wa­garba. Asring didunungke minangka lambang anane keyakinan marang pras­tawa lair maneh. Yaiku lair maneh ing alam panguripan liya. Tegese wis ngenal anane keyakinan urip langgeng.

Uga nuduhake anane tata cara pangrukti layon sajrone kagiya­tan ritual sing katindake. Upa­mane kagi­yatan nyusun watu gamping ing dhu­wur jisim, ngewur-wuri migunake remis cangkang abang sarta gam­ping werna abang. Pame­thake layon mu­jur ngetan ngulon.

Ujure jisim gegayutan kala­wan anane ke­yakinan ma­rang wiwitane urip ing sisih wetan gathukane kalawan titiwanci mletheke sang bagaskara. Dene sisih kulon dalane pati gathukane kalawan angslupe sang bagaskara

Liya iku ing sakiwa tengen bebalung tinemu bebalung kewan saka jinis bovidae, cervidae, sarta suidae. Kewan werna telu iki kaduga bageyan saka sesaji sing kasudiyake sajrone nindake ritual pamethake layon.

Asil saka analisis antropologi ragawi, tumrap homo sapiens loro, nalika ne­moni layon umure isih enom, antarane 14 – 19 tahun. Dene jinis kelamine du­rung kinawruhan, jalaran bebalung bangkean munggah isih ketandur ing nje­ron lemah.

Tumrap bebalung manungsa sing lungguh nglipet, durung bisa kaukur dhuwure sarta ketetepake umure nalika nemoni layon. Nanging yen katitik saka kahanan untu, sajake nalika nemoni layon umure kurang luwih 20 tahun.

 

Pola adaptasi

Pola adaptasi manungsa Guwa Kidang sajrone merta­hanke urip kanthi gawe jad­wal mangsa kanggo kaper­luwan nyukupi kabutuhan pa­ngan. Nalika mangsa panas, mangan jinis ke­wan invertebrata, kayata kerang sarta bangsane bekicot. Dene nalika mangsa udan, mangan kewan jinis vertebrata.

Bisa katitik anane artefak sarta ekofak (sisa panganan) sing tinemu ing lapisan sisih ndhuwur, racak awujud cangkang moluska spesies kerang sarta bangsane bekicot. Dene ing lapisan sisih ngisore, arupa artefak sarta ekofak bebalung kewan sing kalumrah urip ing daratan.

Dene pola kagunan lemah Guwa Ki­dang, kapantha-pantha kanggo sawatara kelompok manungsa. Bisa kasawang saka paran sumebare temon. Antarane kothak ekskavasi siji sarta kothak liyane kurang luwihe padha. Anane prabeda tinemu ing lapisan lemahe. Ing lapisan sisih dhuwur arupa cangkang moluska. Dene lapisan sisih ngisor arupe bebalung vertebrata.

Kanthi mangkono dudutane, ing nje­ron Guwa Kidang kanggo dedunung bebarengan sawatara kelompok utawa kulawarga ing titiwanci tartamtu. Saeng­ga tapak tilas sing ditinggalke kurang luwihe padha siji lan liyane.

Saka asil panaliten sing wis katindake, miturut Indah ing wewengkon Guwa Kidang prelu kabangun saweneh Museum. Saliyane kanggo nyimpen sawer­nane temon arkeologis uga bisa dadi sarana edukasi ngenani dalan panguri­pan manungsa purba sing nate dedunung ing njeron Guwa Kidang.

Apa maneh miturut pangira-irane Indah sakanca panaliti saka Balai Arkeologi Yogyakarta, ing wewengkon Guwa Kidang isih sumimpen kaskaya artefak saka jaman purba, utamane sing arupa bebalung manungsa purba. *)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae