Janjine Sherly
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 58 kali

TV-ne eyang rusak. Lampu indikatore murub, nanging nalika tombol power-e di on, TV ora gelem metu gambare. Sok-sok TV-ne gelem urip lan lampu indikatore nyala nanging posisi-ne standby maneh. Ngendikane eyang kakung kapasitor-e wis garing, nanging yen eyang putri, TV rusak merga dipanjer terus. Sing bener sing endi Sherly ora pati mudheng.

Sing mesthi wiwit dina iki dheweke ora bisa nonton TV ing ndaleme eyang. Kamangka yen nonton TV nyang ndaleme eyang ora ana sing ngganggu. Ora ana sing ngoyak-oyak supaya ndang sholat dhuhur, maem awan, mimik jus, utawa bubuk awan. Pancen ayah apadene ibune sajak wis sepakat anggone gawe aturan nonton TV. Mula iku Sherly luwih seneng nonton TV nyang daleme eyange tinimbang ing ngomah.

Jane, aturan nonton TV utawa kegiyatan saben dinane wis diomongke bareng-bareng ayah, ibu, apadene Sherly dhewe. Njur ditulis tharik-tharik dening ibune lan ditempel ing lemari es. Sherly wis sarujuk manut aturan ksb merga ayahe janji mengko arep dipundhutke sepedha mini bubar unggah-unggahan kelas suk mben. Nanging aturan iku ora ana sing dianut babar blas. Meneng-meneng saben awan sakwise bali sekolah dheweke nyang daleme eyang. Aturan kang katempel ing kulkas iku mung dadi pajangan thok. Rada gelem manut marang aturan iku, yen ayah apadene ibu ing ndalem. Iku wae isih tetep bisa endha.

Mbak Sarmi wis ora kuwagang ngatur Sherly. Anane malah mung manut wae karepe Sherly. Yen dipenggak malah jelih-jelih. Ngajak padu. Mesthine suwe-suwe Mbak Sarmi isin yen dirungu karo tangga.

Malah saiki Sherly dhewe sing ngadohi Mbak Sarmi. Sherly dhewe sing nglungani kanthi nonton TV ing daleme eyang. Wiwit esuk tekan sore TV-ne ora leren. Gelem leren yen ibu utawa ayahe marani Sherly supaya ndang adus. Bubar kuwi, bar magrib sakwise sholat TV distel maneh. Yen bubar magrib jatahe eyang kakung mirsani berita. Nanging eyang kakung asring ngalahe merga Sherly wis mapan ing ngarep TV.

Nanging ya kebeneran yen TV-ne rusak. Malah iku luwih becik, kanthi TV kang rusak, Sherly ora saben-saben nonton TV.

“Rusak ya rak papa. Suk yen eyang kagungan rejeki diserviske,” ngendikane eyang kakung marang Sherly.

“Nanging Yang, mosok ora nonton TV,” protese Sherly. “Ning ndalem didukani ayah lan ibu. Nyang daleme eyang TV-ne rusak. Njur kapan Sherly nonton kartun? Kartune apik-apik lho, Yang.”

“Mulane ngguguwa ngendikane Eyang. TV iku aja dipanjer terus. Lha yen wis rusak kaya mengkene iki piye coba?”

“Kartune apik-apik, Yang,” ucape Sherly ngeyel.

“TV rusak tegese Sherly ora pareng nonton TV.”

“Ah... Eyang iki! Persis kaya Ayah lan ibu. Pelit! Senengane nglarang-nglarang.”

“Ora kok nglarang nonton TV, Ayah mung kepengin supaya Sherly ora saben-saben nonton TV wae. Mosok tangi turu langsung nonton TV. Balik sekolah tekan sore, tekan ngasar TV maneh. Lha njur kapan sinaune? Kapan ngajine? Kapan sholate?”

“Iya, iya Yang! Sherly janji wis. Yen TV-ne diserviske, mengko Sherly tak mituhu dhawuhe eyang apadene ayah lan ibu.”

“Bener, Sherly janji?” pitakone Eyang Rosid.

“Janji wis Yang.”

Kaya janjine Sherly, sore iku uga eyang nggawa TV nyang omahe Kang Dullah nyerviske TV-ne. Omahe Kang Dullah pancen ora pati adoh, nanging yen Eyang nggawa TV mrono sajak kangelan. Eyang njur tindak nyang daleme ayah njupuk mobil, supaya eyang ora kangelan nggawane.

Saiba senenge Sherly nyipati iku. Sherly bisa katog nonton TV maneh.

“Sherly....” pangundange eyang kakung nalika weruh kledhang-kledhange Sherly. Dheweke njur nyedhak Eyang.  

“Sherly wis janji karo Eyang yen TV-ne bisa urip maneh, Sherly bakal manut apa wae ngendikane Eyang.”

“Eyang ki ora percayanan!” omonge Sherly canthas, Sherly sajak rada jengkel yen saben-saben Eyang ngendika kaya ngono iku.

“Sak wise bali sekolah, maem awan, mimik jus, njur turu dhisik. Mengko sore sakwise bubar turu awan Sherly bisa nonton kartun tekan magrib.”

“Ah! Eyang.... Eyang iki malah kaya ayah lan ibu. Nanging ya wis lah. Sing penting bisa nonton kartun.

(Endang Ts)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik