Ludruk Sanggar Bharada Unesa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 9 kali

ONIL ludruk saiki wis ditinggal pemaine, Mula tonile banjur sepi, ora ana acara gladhen kanggo pentas bengine. Sabanjure padha lali karo crita ludruk sing samesthine. Sarehne critane ludruk wis ora ana banjur diganti “frahmen”. Diarani frahmen krana critane wis nglantur. Mula pelawak sing ka-l lan ka-2 ora ana bedane, padha-padha ora ana sing mlebu menyang lakon, amarga lakone pancen wis ora ana.

Warga masyarakat Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung kang dipandhegani dening Budiono, agen PS 123, dhek dina Setu tanggal 15 September 2018 kepungkur malah nanggap ludruk Sanggar Bharada saka Surabaya.

Kamangka tonil ludruk saiki wis ditinggal pemaine, yagene kok malah nanggap ludruk? Amarga pentas ludruk bengi iku ditindakake dening mahasiswa Unesa Surabaya kang kagabung ing Sanggar Bharada. Iki ludruk kampus, yen gawe crita ludruk mesthi lelandhesan crita pakem. Ora kaya kahanan ludruk ing Tulungagung saiki. Sarehne wis ditinggal pemaine, saben mungkur pentas banjur ditinggal menyang omahe dhewe­-dhewe.

Beda karo ludruk Sanggar Bharada, sarehne isih ana acara gladhen, saliyane critane isih runtut uga ana jadwal gladhi bersihe. Mula pelawak sing ka-l nyel ndhagel, lha pelawak ka-2 lagi mlebu menyang lakon. Sabanjure, yen ditanggap ing sakitere Surabaya, jadwale gladhi bersih sedina sadurunge tanggapan. Lha sarehne ditanggap ing Tulungagung, yen numpak sepur mbutuhake wektu nem jam, jadwale gladhi bersih banjur ora kaya biasane. Tanggal 13 September gladhi bersih, tanggal 15 September isuk (jam 4) budhal numpak sepur tumuju stasiun Ngunut.

Tekan stasiun Ngunut watara jam 10-an. Tekane rombongan ludruk saka Surabaya kasebut kepeksa dipapag nganggo trek. Alasane, sing sepisan isine trek luwih akeh yen dibandhing karo koldhisel. Sing kapindho, ing wektu kang padha ana acara kirab tumpeng mubeng desa. Sarehne padha ndherek kirab tumpeng, sing neng omah kari sing duwe omah (sing mandhegani nanggap ludruk). Ya untunge isih ana atusan takir plonthang, mula ya ora ndadekake repot sing duwe omah. Sabanjure, paraga ludruk satrek punjul saengkel kasebut banyur “sarapan” takir plonthang kasebut.

Bareng weruh yen mayoritas paragane ludruk wedok, gek ayu-ayu pisan. Ora kaya biasane, saben ana ludruk ing Tulungagung tandhake mesthi lanang gek wis tuwek pisan. Mula saking mareme, wis puluhan taun ora nate weruh paragane ludruk wedok ana pandhemen ludruk sing banjur run wedhus. Unike, sing ngrewangi mbutheli ya paraga ludruk.

“Mesakake, adoh-adoh tekan kene mung diingoni jangan thewel. Mula saking maremku takbelehne wedhus, lan sapa ngerti ing liya dina gelem mrene maneh!” kandhane Wito, pandhemen ludruk.

Kang dadi kawigatene para penonton ludruk, pranyata ora mung pentase ludruk, ning uga proses macake paraga ludruk. Apa maneh rombongan ludruk cacah 60-an kasebut nduweni tugas dhewe-dhewe. Ana sing ngurusi lampu panggung, properti, lan geber ludruk. Sabanjure, yen adegan iki sing pas nganggo geber endi, sing iki apa sing iku. Ana sing ngurusi babagan macak (istilah kerene perias artis). Mula senajan wis bisa macak dhewe (kalebu macaki kancane) finishing-e panggah Anwar. Sakjane ya wis diudi supaya dheweke gelem macak banci, ning ya jalaran sing dipacaki akeh banjur ora bisa.

Ing jaman kang sarwa modern iki pengaruh sumebare budaya manca pancen rinasa ing lingkungan kita. Sandiwara panggung sabangsane ludruk, lan liya-liyane kaya­-kaya wis kentekan penonton nganti ora sithik sing cures lan mung kari crita. Mula kala­-kala mung ana pentas ludruk ing panggung, dudu ing tonil. Yen ana tonil ana gebere lan ana kerekane, lha yen ing panggung ora. Gek penontone sepi, jan mesakake banget! Nadyan sepi penonton kudune tetep ana sing nguri-uri. Mula Budiono dalah kanca­-kancane banjur nyoba ngundang ludruk Sanggar Bharada. Pranyata bareng pentas penontone rame, ora kurang saka wong 300-an padha uyel-uyelan. Mula saka iku, lakone banjur didawakake. Sing rancangane sakawit jam 1 bengi bar, sarehne diulur malih meh jam 2.

Perlu kawuningan, sadurunge ana keseninan ludruk, sing ana dhisik kesenian lerok. Kesenian lerok ana papat, yaiku: Lerok Bandan, Sandiwara Lerok, Lerok Besut, lan Lerok Lakon.

Lerok Bandan minangka kesenian rakyat kang dipentasake ing latar lan kairing musik kang prasaja banget, tuladhane kendhang lan jidhor. Pentas Lerok Bandan disengkuyung dening paraga kang nglakonake adegan mistis, kasekten utawa kekebalan. Pertunjukan iki asring digunakake kanggo ngobati bocah sing nandang lara. Sacara historis wis muncu1 ing abad ka-13 lan ka-14, lan malah nganti abad ka-16.

Sandiwara Lerok minangka kesenian rakyat kang luwih maju dibandhing karo seni Bandan. Kesenian rakyat iki wis dilengkapi kanthi musik pangiring gamelan prasaja, ekspresi seni kanthi kidung-kidungan lan malah sendhon Jawa. Sing padha karo Bandan yaiku isih ana unsure mistis, kekuatan gaib, tenaga dalam lan rerangken sistem religi Jawa liyane.

Lerok Besut minangka kesenian rakyat kanthi tokoh utama Besut. Lerok Besutan nampilake tokoh panggung telu, yaiku Kakang Besut, Paman Jamino (Paman Ganda), lan bojone Besut sing jenenge Asmunah (versi liya jeneng Asmunah: Astimunah utawa Rusmini). Lerok Besutan iki ngrembaka ing taun 1920-an.

Lerok Lakon yaiku penyajian seni pertunjukan kanthi dukungan crita. Lerok Lakon iki ngalami jaman kencana rukmi sawise jaman Jepang lan pasca kamardikan Republik Indonesia. Ing Tulungagung rame-ramene ludruk taun 80-an. Asile dadi pemain ludruk sawise dicelengi mbaka sithik, njur kena dinggo ngedegake omah. Bayaran main ludruk rong ndina padha karo gajine guru sawulan.

Ludruk beda karo kethoprak. Yen kethoprak basane nganggo basa keraton, wondene yen ludruk nganggo basa logat wetanan. Mula yen ngangkat crita ludruk luwih gampang, amarga nganggo basa padinan. Mung sing angel golek crita asline. Amarga sing kalumrah, crita sing dijupuk sanggitan saka ngendi-endi. Sanggitan sing dimaksud ing kene, carane penulis skenario ngowahi crita sing wose (inti/benang merah) kudu ana.

Tuladhane crita Sarip Tambakasa, crita kang sumebar ing dhaerah siji lan sijine ora padha. Ing Tulungagung crita iki tokoh Sarip mati sawise dipaeka Paidi. Ing dhaerah liya suwalike, tokoh Sarip urip, tokoh Paidi sing mati. Sarehne crita kang sumebar ing Surabaya tokoh Paidi sing mati, ing bengi iku tokoh sing diuripake banjur tokoh Sarip.

Kaya padatan yen ana pentas ludruk, urut-urutane mesthi tari Remong, bedhayang (lanang dhapuk wedok), jula-juli, dhagelan, lan crita inti. Ning ing pentas bengi iku ana kur-e (paraga wedok cacah lima nembang bareng). Saliyane iku, sing dhapuk bedhayang uga wedok, lan dhagelan kang ka-2 mlebu ing crita inti. Purnane pentas ludruk bengi iku ana paraga ludruk sing payu (ditanggap dadi bintang tamu ing wayangan Desa Karangsari). Karepe ngono Pak Lurah Karangsari arep njupuk Dias Lentera Yuliano (paraga dhagelan sing ka-2 sing mlebu crita). Alasan liya minangka wong pribumi (ibune Dias saka Desa Karangsari) lan wong njaba siji (salah siji kang dhapuk dhagelan). Ning krana ing kampus ana kegiatan kang ora bisa ditinggal, Dias ora bisa. Mula banjur njupuk paraga loro kang ndhagel dhisik dhewe. (Ucil)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik