Tataran Uriping Manungsa Iku, Pindha Lakuning Rodha (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 120 kali

(4). Gandheng cenenge.

Ing ndhuwur wus diaturake, manawa Njeng Nabi Muhammad saw. iku diutus dening Allah supaya nyampurnakake akhlak kang mulya. Hiya ing babagan

iki Allah wus kepareng paring panga­lembana marang Njeng Nabi saw.mangkene maksude: “Lan satemene sira iku (Muham­mad) kasinungan bebuden kang luhur, kang agung.” (Q.S Al- Qalam (68):4). Luwih gam­blang maneh apa kang wus didhawuhake dening Rasulullah maksude mangkene: “Gandheng cenenge akhlak kang agung karo Agama iku pindha wadhah lan isine.” (al- Hadits). Satemene akhlak iku mujudake wadhah Agama.

Kajaba saka iku Rasulullah uga kepareng paring dhawuh, mangkene maksude: “Begja kemayangan tumraping wong kang ikhlas atine, teteg mantep imane, sarta suci (re­sik), lisane dhemen ngucap pocapan kang bener, jiwane tentrem sarta akhlake lurus .” (al Hadits).

 

(5). Ngudi ndabeni.

Tumraping kanoman  kudu ngudi ndar­beni akhlak kang mulya, bebuden kang luhur (akhlaqul karimah), ing pangangkah supaya uripe iku begja Donya lan Akherate. Trep karo dhawuhe Rasulullah saw, mangkene maksude: “Satemene bebuden kang mulya utawa akhlaqul karimah iku saka ngarsaning Allah. Sok sapa wonge sing kepareng diker­sakake becik tumraping pawongan iku, Allah kepareng paring akhlak kang becik. Su­walike, sok sapa wonge sing kepareng diker­sakake ala tumraping wong iku, Allah kepa­reng paring marang pawongan iku akhlak kang ala (asor).” (al-Hadits).

 

(6). Penggalihe wong tuwa kekarone.

Tumraping wong tuwa kekarone, yaiku bapa lan ibune, temtu penggalihe remen ba­nget marang  putra-putrine sing ndarbeni akhlak kang mulya (budi luhur). Ora ana rasa  dhemen (mongkog) penggalihe bapa lan ibune marang putra-putrine, kajaba luhur be­budene (mulya akhlake), yaiku kang tan­sah kukuh bakuh gegebengan marang syar’i (agama) tho’at, takdzim (taqwa) marang Allah lan Rasulullah. Ing babagan iki, Imam Bushiri paring tausiyah, mangkene maksude: “Nefsu iku pindha (kadi dene) bocah cilik (bayi). Yen dheweke (bayi) iku ditogake, ba­kal biasa (kulina) nusu. Lha yen bayi iku disapih, dheweke bakal leren ora nusu.” Na­lika wektu (mangsa) kanoman, becik lanang utawa wadon, kudu golek (ngupadi) ilmu (proses belajar). Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Allah wus kepareng paring priksa marang Adam arane (jenenge) kabeh samubarang awujud apa bae. Tumuli Allah kepareng ndangu marang Malaikat arane (jenenge samubarang) mau. Dha­wuhe Allah: Sira padha ngaturna marang Ingsun, arane (jenenge) kabeh barang mau, yen sira padha temen-temen(mangerti). Munjuk ature para Malaikat: “Maha Suci Paduka Ya Allah. Kita sedaya mboten sami gadhah pa­ngertosan, kejawi ingkang sampun Paduka (karsa) paringaken dhumateng kita.  Sayek­tos Paduka punika Maha Ngawuningani saha Maha Wicaksana. Dhawuhing Allah marang Adam: “He Adam!Para Malaikat iku sira padha kabarana keterangan arane (jenenge) kabeh barang sawiji-wijine. Bareng Adam wus ram­pung anggone ngabarake keterangan arane (jenenge) kabeh barang barang mau, Allah banjur paring dhawuh: “Apa ta Ingsun du­rung paring pangandikan marang sira, ma­nawa Ingsun iku Ngawuningani ghaibing Langit lan Bumi. Lan Ingsun Ngawuningani barang kang sira pratelakake lan kang sira umpetake.” (Q.S.Al-Baqarah (2):31-33).

Bisa dimangerteni, manawa dhawuhe Allah kasebut, ngandhut isyarat kang agung, ing babagan bakal tumitahe Adam minangka Khalifah ing Bumi. Para Malaikat ora manger­teni, cara, kepriye carane (metode) Allah kang mangkono mau, minangka tataran dha­sar ing dalem maringi pendhidhikan ngenalake samubarang marang Adam. Iku mujudake fitrah (sifat fitrah), manawa saben pawongan iku sadurunge ora mangerteni, saengga perlu diwenehi weruh (pembelajaran). Hiya iku sing karan taklim, menehi weruh sadurunge ma­rang pawongan, krana sadurunge pawongan mau ora ngerti. Ngecakake metodhe taklim (pembelajaran) kasebut ing babagan pen­dhidhikan Agama nglimputi telung perkara, yaiku:

a). Babagan aqidah. Upamane mang­-ke­ne Ustadz utawa ngenalake iman anak marang Al-Qur’an. Al,Qur,an iku mujudake kumpulan kalam Allah (firman Allah), sing kaparingake  marang Njeng Nabi Muhammad minangka wahyu lantaran Malaikat Jibril, wiwit Surat Al-Fatihah nganti pungkasane surat an-Nas.

b). Babagan ibadah. Upamane bab sha­lat. Shalat mono mujudake ibadah kang arupa gerakan (aktifitas) sarta pocapan ti-namtu kang diwiwti saka takbiratul ikram lan di­pungkasi karo salam.

c). Babagan akhlaq. Upamane tata cara utawa sopan santun rerembugan. Yen rem­­bu­gan karo wong tuwa utawa sing luwih tuwa, kudu migunakake mawa tembung kang becik, sing ateges asung pakurmatan lan liya-liyane. Miturut Cak Nur (Nur Khalis Majid, cendekiawan Muslim), taklim (penga­jaran) Allah marang Adam, kaya kang sinebut ana ing Al-Qur’anul Karim Surat Baqarah (2): 31-32) kasebut (Adam mangerteni arane samubarang kasebut) iku mujudake hak azasi kapisan (awal) pikoleh ilmu pengetahuan. Sebab kanthi mangkono Adam luwih unggul (pinter) mangerteni arane samubarang kang dumunung ana ing sakiwa tengene. Iku ngandhut makna, manawa kita gelem sinahu (temen-temen) tumindak becik, iku ndarbeni kesempatan pikoleh maqam (derajat) kang luwih dhuwur dibandhing karo Malaikat. Kajaba saka iku, miturut wawasan leluhur kita, uga ana sarat (rambu-rambu) ngudi ilmu kang prayoga, yaiku sing karang Mulat. Tegese, mangerteni Milolo, mbombong uta­wa aweh pangalembana lan Miluta, tegese nggula wenthah (nuntun) sarta Polidarma. Tegese, aweh tuladha juga Palemarma, te­gese aweh pangapura marang kesalahan. Lha supaya luwih cetha mangkene ketera­ngane: a). Mulat. Iku tegese mangerteni mulure (perkembangan) akale bocah/anak. Dadine Ustadz utawa Ustadzah sarta wong tuwa iku kudu mangerteni karaktere, sifate, hobi utawa minat, bakat sarta kaluwihane murid-murid/anak-anak. Kanthi mulat, uta­mane nalika nedheng-nedhenge tuwuh (berkembang), bocah-bocah utawa anak-anak ora bakal kejlomprong marang sesra­wungan (pergaulan) bebas, saengga akhlake dadi rusak/ala. (Ana candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor