Dolan menyang Taiwan Ras lan Budaya Saemper Kalimantan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 13 kali

Sasi Juli aku antuk kalodhangan lelungan menyang Taiwan, negara papan dununge Tao Ming Tse lan Dong San Chai, pelakon serial tivi sing kawentar banget 16 taun kepungkur. Yen ngeling-eling wektu semana, ing sakehing papan kapacak gambar tokoh ing Meteor Garden kasebut. Ing pusat blanja, toko busana, uga toko suvenir. Sawernaning barang katon gambare F4 lan San Chai. Ya klambi, payung, sandhal, nganti piring lan mangkok.

 

Anggonku bisa sanja tekan kana jalaran aku katut melu Taiwan Moslem Youth Exchange Camp 2018. Yaiku pertukaran nom-noman muslim lan muslimah saka maneka negara, salah sijine Indonesia.

 

Wiwitane aku lan kanca-kanca saka negarane dhewe-dhewe mabur menyang Taipei. Ana sing saka Singapura, Brunei Darussalam, Malaysia, Filipina, Thailand, lsp. Ing ibukota Taiwan kasebut, mapan gedhong paling dhuwur ka-loro sadonya, yaiku Taipei 101. Gedhong iku mujudake mal utawa pusat pablanjan. Sabanjure, marang rombongan, panitia aweh katrangan bab masyarakat Taiwan lan budayane.

 

Malah, ing dina bacute aku lan kanca-kanca dijak sanja langsung menyang padungungane warga Taiwan. Aku sakanca ngulatake langsung urip padinane masyarakat ing kana. Sabanjure, rombongan nerusake laku menyang Dapeng Bay National Scenic Area. Yaiku papan wisata sing nyakup wisata sejarah lan perairan. Teluk iki mujudake sing paling gedhe ing pesisir kulon Taiwan. Ing kana tinemu sakehing jinis iwak, abur-aburan, uga kewan mollusca. Mula, wisatawan bisa ngrahabi maneka panganan asil laut sinambi nyawang kaendahane teluk,

 

Aku lan rombongan uga dijak nekani restoran halal. Rumah makan iku duweke muslim Taiwan sing jenenge Yunus. Dheweke nyritakake mula bukane dodolan panganan halal ing kana. Nganti saiki, suwene wis 20 taun, restorane dadi papan jujugan wisatawan muslim saka saeindenging donya.

 

Sesuke, ngepasi dina Jemuwah, rombongan diterake menyang Masjid Taipei. Masjid sing gendhe lan amba iku dadi jujugane wisatawam muslim ing kana. Ing wektu iku aku sakanca uga kober pirembugan klayan Imam Masjid Taipei.

 

Ing sakupenge masjid akeh sing dodol maneka panganan kanthi tandha halal. Amarga isih tlatah Asia, panganane ya ora patiya beda karo ana ing Indonesia. Sanadyan beda sebutane, nanging saemper bahan lan rasane. Mula kanggoku ya ora njalari kaget utawa ora doyan, nanging bisa milih lan memangan kanthi lumrah wae.

 

 

Nem belas suku ing Formosa

Formosa sing mujudake jeneng liyane Taiwan, asale saka basa Portugis nduweni teges “pulo sing edi peni”. Pancen mbiyene, taun 1582, bangsa Portugis mara lan kepencut marang kaendahane pulo kasebut. Taiwan dumunung ing Asia sisih wetan, kanthi dawa 394 km lan ambane 144 km. Cinathet, ing kana manggon suku Han, Hoklo, Hakka, Tiongkok Daratan, lan warga asli Taiwan.

 

Dene warga asli Taiwan dhewe gunggunge ana 16 suku. Tekane saiki, suku Formosa sing nggunakake basa Austronesia, sumrambah tekan Indonesia, Madagaskar, Malaysia, Filipina, lan Oseania.

 

Nalika abad 17 suku Han teka ing Taiwan lan tumangkar, njalari suku asli papan kasebut kageser. Suwening suwe, basa sing akeh digunakake dadi basa Mandarin. Sabanjure bangsa Eropa uga mara lan dumadi sakehing persilangan.

 

Yen kepengin mangerteni wujude suku asli Taiwan, bisa ngematake miniatur sing kapajang ing Indigenous People Cultural utawa Taman Budaya Masyarakat Adat Taiwan. Dumunung ing desa Paiya, Kabupaten Pingtung kanthi amba 82.65 hektar. Uga kawentar kanthi jejuluk Museum Aborigin paling gedhe ing Taiwan.

 

Kanggo nuju taman budaya, aku sarombongan mlaku ngliwati jembatan ing sandhuwure danau. Sesawangan kiwa tengene endah lan asri. Sawise tekan pucuk jembatan, isih kudu mlaku rada nanjak, amarga Taman Budaya iku papane pancen ing bukit. Hawane seger tenan, lan katon omah-omah pendhudhuk asli Taiwan kanthi maneka budayane.

 

Wektu iku ngepasi aku sakanca bisa nonton pertunjukan budaya sing dipentasake 9 suku Taiwan. Gedhong pertunjukane apik, amba, lan wujude bunder. Dadi penonton saka sisih ngendi wae bisa kanthi permana nikmati tarian lan uga seni swara sing dipentasake. Ana lagu-lagu kanthi basa asli suku-suku kasebut, sing banjur ana terjemahane basa Mandarin ing layar amba sacedhake panggung. Sawise pertunjukan, penonton bisa foto bebarengan suku-suku kasebut. Uwong-uwonge grapyak, sanadyan olehku komunikasi ora patiya lancar, nanging kabeh katon semanak.

 

Sawise iku aku sakanca mara ing museum aborigin. Ing njero dipajang maneka piranti sing dinggo suku kasebut ing padinane. Yen diulatake, pradatane ana sing saemper karo suku Dayak, Mentawai, uga suku Badui. Ing sakupenge museum kasebut ana sing adol maneka suvenir kang bisa kanggo kenang-kenangan utawa oleh-oleh. Ana golekan, busana adat, topi, buku, uga inuman. Wujude krajinan ya saemper karo krajinan khas Dayak. Akeh sing direnggani monte werna-werni, tenun, lsp.

 

Para maos yen kepengin dolan mrene, Taiwan Indigenous People Cultural bukak saka dina Selasa nganti Minggu. Seka esuk jam 08.30 nganti jam 5 sore. Dene regane karcis kanggo uwong diwasa udakara suwidak ewu, dene kanggo bocah telung puluhan ewu. Lha, yen kapetung lansia (lanjut usia), malah gratis.

 

 

Nglukis Songsong ing Kampung Hakka Meinong

Dina bacute, aku sakanca antuk kalodhangan dolan menyang kampung Hakka, sing dumunung ing Meinong, Kabupaten Kaohsiung. Ing kampung kasebut nyenengake, amarga ing sadawaning dalan akeh sing adol jajanan. Ana maneka jinis manisan, kacang, kuweh, lsp. Kejaba saka kuwi, ana papan sing mligi kanggo gladhen nglukis payung kertas.

 

Saikine, warga suku Hakka sing manggon ing Meinong udakara ana seket ewu. Kejaba misuwur kanthi asile kerajinan payung kertas, Meinong uga nduweni simbol wujud papan kanggo nyimpen mbako. Amarga, pendhudhuk Meinong mbiyene padha tani mbako kanggo pangupajiwane.

 

Dene kerajinan payung kertas kasebut ana gandheng cenenge karo Tseng Te-yun, sing madegake pabrik kanthong saka kertas minyak, Kuang Huahsing. Tseng Te-yun ing jaman semana ngajari anake carane nggawe kerajinan payung kertas. Seni katrampilang kasebut terus diuri-uri lan ditangkarake dening anake Tseng Te-yun, nganti dadi salah sijine asil tradhisi.

 

Saikine, malah nganti ana papan mligi kanggo wisatawan sing kepengin sinau nglukis payung kertas. Kawentar kanthi aran Meinong Folk Village, kejaba akeh panganan lan krajinan sing didhasarake, sesawangan ing sakupenge uga endah lan merak ati.

 

Yen kepengin nglukis payung kertas, wisatawan bisa mlebu gedhong utama lan munggah menyang tingkat 2. Payung kertas polosan wis dicepakake, komplit karo piranti kanggo nglukis. Yen kepengin tetuku suvenir uga akeh pilihane, regane ora patiya larang.

 

Sawise nglukis payung kertas, adate para wisatawan nuju papan kanggo tumbas dhaharan. Sing nyenengake, kejaba ngisi weteng, uga bisa sinambi nyawang kaendahaning alam ing sakupenge kono. Awit, papan kasebut pancen manggon ing perenging gunung.

 

Ing kana aku kenalan karo Titik Khoiriyah, pawestri asli Indonesia sing bebojoan karo uwong asli kana. Miturut Titik, warga masyarakat Meinong grapyak, semanak, uga nduweni toleransi sing temen. “Ndhisike arep nikah ya akeh sing rangu-rangu. Nanging suwening suwe diparingi restu, amarga aku nuduhake niyat becikku,” jlentrehe. Bab agama, imbuhe Titik, uga ora diuthak-athik. “Sanadyan beda agama, aku ora kangelan kanggo ngibadah, lan ora dingel-ngel,” imbuhe Titik sing wis urip ing kana suwene 13 taun.

 

Manut dhata saka lembaga sing kawogan, ora kurang saka 20.000 imigran sing nikah karao warga ngenggon. Warga Indonesia ana 2500 uwong, dene sing paling akeh warga Vietnam.

 

Ing kabupaten Pingdong, sakidule Kaohsiung, Departemen Pariwisata-ne malah nggawe program kanggo para imigran estri sing nikah karo warga ngenggon. Yaiku, ditawani dadi guide alias pemandhu wisata. Kejaba saka iku, imigran difasilitasi nerbitake majalah saben telung sasi pisan. Ana sing nganggo basa Indonesia, Mandarin, Malaysia, Thailand, uga Vietnam. Isine bab informasi wisata, kuliner, uga seni budaya. (Aprilia)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae