Jinising Kelangan Telung Perkara
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 2 kali

Panjenengan nate kelangan barang? Mbok menawa kabeh wong wis tau kelangan barang embuh iku kelangan dhompet, kunci, HP, motor, mobil, sapiturute. Kelangan barang iku perkara lumrah. Kelangan anggota kulawarga uga klebu lelakon kang mesthi dialami saben wong. Yen ana anggota kulawarga kang kudu marak mangayun ana ngarsa-Ne Pangeran, mula kudu pepisahan selawase urip karo anggota kulawarga kuwi. Rasa gela lan cuwa mesthi ngebaki rasane ati. Ananging kanthi lumakune wektu, rasa sungkawa iku bakal i1ang. Ana maneh jinising kelangan sing beda karo kelangan bandha lan jiwa kaya. Ana wong kelangan nanging ora krasa aneh. Gek kelangan apa kuwi?

Njupuk rujukan unen-unen Jawa, Kangjeng Sultan Hamengku Buwana X nalika paring sabda tama ing Kongres VI Basa Jawa ing hotel INA Garuda Yogyakarta Nopember 2016 kang kepungkur jinising kelangan iku ana telung perkara. Unen-unen sing wis lumrah dipiyarsakne wong akeh iku unine mangkene, “Kelangan bandha ora apa-apa. Kelangan jiwa ilang separo. Kelangan jati dhiri iku kelangan sakabehe.”

Sing sepisan, kelangan sing dianggep lumrah yaiku kelangan bandha donya. Kelangan motor, mobil, HP, laptop, ATM, dhuwit, omah, sawah klebu lelakon lumrah. Kabeh wong mesthi nate ngalami kelangan. Bubar kelangan mesthi ana rasa gela. Kelangan dhuwit satus ewu tekan setengah yuta wae rasane gela ora ilang-ilang. Kelangan HP rasane cotho, ora bisa ngobrol ngalor ngidul lewat WA. Anak bojo dikuya­kuya diprentah supaya ngupadi ana ngendi dununge HP mau. Kelangan kacamata banget anggone krasa. Digoleki mrana mrene jebul kacamatane lagi diagem dhewe. Kuwi mono lelakone wong sing wis wiwit pikun. Kelangan motor apamaneh mobil gelane nganti setaun. Lelakon kelangan nyata agawe gela. Sing kaya ngono iku ora bisa dipaido jalaran wong urip pancen butuh maneka warna ubarampene urip.

Kelangan sing luwih nabet ing ati iku kelangan jiwa utawa kelangan anggota kulawarga awit tinilar seda. lamun ana perangane kulawarga kudu kapundhut marak seba ing ngarsa-Ne Gusti Kang Maha Kuwasa rasane sarira kaya dilolosi. Bubar nyamektakake pangruptine layon lan nampa tamu-tamu sing asung bela sungkawa lagi krasa otot bayu lemes pindha dilolosi. Tininggal seda bapa biyung, garwa, putra, mitra, kanca, utawa tangga pancen mahanani sungkawaning driya. Tembung ‘garwa’ iku tegese sigarane nyawa. Tininggal seda garwa uripe kari separo. Yen sekawit ana sing diajak ngenam butuh lan ngrembug sawernaning perkara, bubar iku kari ijen tanpa rowang. Ananging kabeh kudu nggodhong gedhang, tegese mupus ing kahanan lamun wus ginaris ing pesthi. Sing asale saka Pangeran mula bakal kondur maneh mring Pangeran. Kabeh janma kang duwe nyawa tan luput ing pati. Kabeh maklum kelangan jiwa nyata kelangan separo. Rasane awak iki kaya disigar banjur dipethal separo ilang.

Sing pungkasan ana kelangan sing beda karo liyane. Kelangan nanging ora krasa. Kelangan nanging ora rumangsa yen darbeke dhewe wis musna. Apa iku? Wondene kelangan sing ora krasa iku wujude wong sing kelangan jati dhirine. Bangsa utawa suku bangsa sing isin karo kaskayaning dhewe banjur nggumun, nyembah­nyembah, lan manut budaya manca nanging ninggalake warisane leluhur iku contone wong kelangan sing ora rumangsa. Angger sing saka manca dianggep becik. Angger nganggo label basa manca dianggep luwih afdol lan hebat. Suwalike, rumangsa isin yen kudu nggunakake idhentitas lokal. Kelangan jati dhiri iku padha karo ilang sakabehe. Wong Jawa sing wis ora ngerti basa lan budaya Jawa angger ana negara manca ditakoni idhentitase jan ora ngerti apa-apa. Ing kamangka wong manca iku pengin nyumurupi sate-mene wong Jawa iku duwe apa wae.

Sadhar utawa ora, dina iki wong Jawa wis wiwit kelangan jati dhirine nanging akeh sing ora krasa. Saka bab jeneng wae wis katon yen wong Jawa ilang jati dhirine. Biyen wong Jawa nganggo tetenger asli basa Jawa kanthi tembung-tembung sing prasaja. Jeneng Jawa asli kayata Rahayu, Widodo, Basuki, Slamet, Beja, Untung, Handayani, Wilujeng, Bambang, Endhang, Sri, Jaka, Prihatin, Tulus, Langgeng, Raharja, Narima, Margono, Kuwat, Teguh, Trima, Santoso, Sabar wis ora padha dienggo. Ing kamangka yen gelem nintingi kabeh jeneng Jawa kuwi mujudake pandongane wong tuwa marang anak-anake. Yen percaya lamun asma iku kinarya donga, peparinge asma saka wong tuwa mujudake panyuwunan wong tuwa marang uripe anak-anake.

Naliti jeneng-jeneng ing group WA alumni SMP 84 kabandhing karo jenenge bocah-bocah sekolah jaman saiki katon jomplang banget. Bocah-bocah sing lair taun 65 tekan 70-an isih nganggo jeneng-jeneng Jawa asli sing nggunakake tembung-tembung kang mawa teges. Bocah-bocah la-nang sing lair taun-taun kuwi akeh sing nganggo jeneng Su kayata Sudi-man, Sugiarto, Sumono, Sudiro, Su-drajat, Sumadi, Suradi, Suhardi, Su-hadi, Sujono, Suyono, Sugiyo, Su-gandi, Suripto, Sunarko sing nuduhake idhentitas Jawa nunggak semi karo asma presidhen RI Soekarno lan Soeharto. Ana uga pahlawan­-pahlawan asli Jawa kayata Jendral Sudirman, Supriyadi, Slamet Riyadi, Soeparman, Soeprapto, lsp. Bocah-bocah wadon uga akeh sing nganggo jeneng Jawa kayata Maryani, Maryuni, Martini, Maryati, Martuti, Maryanti, Marwiyah, Marinem, Martinem, Martini, Marwiyah, Markonah, lsp.

Bareng nonton bocah-bocah jaman saiki jenenge akeh sing njupuk basa Arab utawa jeneng kulonan. Nadyan ora dadi masalah awit pancen ana pituduh ing piwulang agama amrih menehi jeneng sing becik marang anak, satemene ora kudu ninggalake idhentitas Jawa. Saiki angel anggone mbedakake endi sing asli wong Jawa awit jati dhirine wong Jawa wis ilang, lebur dadi nasional utawa malah internasional. Yen wong Bali kae isih tetep padha nganggo jeneng asli kayata Made, Ketut, Nyoman, I Gedhe, sapiturute, nanging anehe wong Jawa wis padha isin nggunakake jeneng nganggo basane dhewe kang mujudake jati dhirine wong Jawa. Lamun wong Jawa isih duwe jati dhiri, nalika ana forum nasional utawa internasional mula banjur kasumurupan lamun pawongan iku asli Jawa katon saka jati dhirine. Nanging dina iki jati dhiri iku wis ilang. Ana forum nasional utawa internasional wis ora kasumurupan endi sing asli Jawa amarga jenenge wae wis manut basa Arab utawa basa kulonan sing satleraman katon mentereng.

Durung suwe ana warta sing gawe ‘geger’ jalaran DPRD Karanganyar arep pranatan supaya wong Jawa nggunakake jeneng idhentitas Jawa. Mesthi wae ada-ada iku ana pro lan kontra. Sing sarujuk duwe pinemu yen pranatan iku bakal menehi pengayo-man tumrap wong Jawa amrih tetep nggunakake idhentitas asli Jawa. Be-cike pancen ora padha ninggalake warisan leluhur wujude basa Jawa. Basa Jawa kudu tetep lestari. Sing ora sarujuk nganggep yen pranatan iku cengkah karo HAM (Hak Azasi Manu-sia) mula kudu disuwak. Menehi jeneng iku mujudake hak azasi sing ora kena dipeksa kanthi pranatan kaya kuwi.

Umpama aturan menehi jeneng Jawa iku ora bisa digawe Undhang-Undhang becike kudu dibudidaya amrih wong Jawa bisa nresnani basa Jawa lan nguri-uri lan nglestrekake Basa Jawa. Ba menehi jeneng Jawa, umpa-mane, wong Jawa kudune nggunakake tetembungan ing Basa Jawa nadyan bisa uga dicampur basa Arab utawa basa Inggris. Satemene perkara iki dudu masalah abot angger kabeh padha sadhar lamun basa Jawa iku mujudake warisan leluhur sing ora bisa dikerta aji. Yen nganti kelangan basa Jawa wong Jawa wis kelangan warisa sing ora ana bandhingane kuwi. Luwih nelangsa maneh angger warisan iku malah ditemu wong manca.

Bab jeneng iki salah siji saka jati dhirine wong Jawa. Banget prihatin lamun awake dhewe iki wis kelangan jati dhiri nanging ora krasa. Bab basa lan tata krama kang mujudake cirine wong Jawa uga saya tipis. Anane unggah-ungguh basa satemene duwe piguna kanggo menehi pengaji utawa pakurmatan marang sapa wae (marang sing sepuh nanging uga sing luwih enom). Konvensi kang diwujudake kanthi unggah-ungguh basa satemene mujudake sarana bisane wong siji lan sijine padha ngajeni. Yen manut piwulang luhur, mesthine sing enom kurmat marang sing tuwa. Sing tuwa tresna karo sing mudha. Jumbuhe sesambungan njalari pasrawungan kang becik.

Emane, dina iki jati dhiri kang wujud Basa Jawa lan unggah-ungguhe wis padha dilirwakake. Basa Jawa dianggep basa sing angel disinau lan digunakake kanggo pirembugan saben dinane jalaran dianggep ora praktis lan kudu mikir unggah-ungguh. Ing kamangka unggah-ungguh iku perangan cilik saka Basa Jawa sing gunane kanggo nuduhake anggon kita menehi pakurmatan mring liyan. Cara nuduhake kesopanan lan pakurmatan mring liyan wis genah cak-cakane. Ing basa Inggris satemene uga ana ungkapan sing kanggo nuduhake kesopanan lan pakurmatan mring liyan ananging wujude dudu unggah-ungguh. Yen ngono mesthine unggah-ungguh ora perlu dianggep kayadene urusan sing abot. Angger dikulinakake mesthi bisa migunakake kanthi becik.

Jati dhiri Jawa mujudake warisan kang ora bisa dikerta ajine nganggo etungan arta. Yen nganti jati dhiri iku ilang nyata ilang sakabehe. Ilanging jati dhiri mahanani wong Jawa wus musna saka lumahing bumi sakurebe langit. Nadyan blegere ana nanging jiwane minangka wong Jawa wis sirna. Eman-eman dene wong kelangan nanging ora rumangsa; wong kelangan nanging ora krasa lan ora nglegewa. Mangga saiki padha mawas dhiri sadurunge gela lan cuwa selawase urip. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae