Merga Kurang Premana
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 38 kali

Merga Kurang Premana

 

KEDADEYAN iki wis mungkur sawetara taun. Mbah D mono wis suwe anggone mulang ngaji marang bocah cilik-cilik saben sore. Muride klebu bojone penulis kang saiki wis digadhuhi anak lanang loro. Mula Mbah D kena diarani minangka ustadz kawakan ing kampunge.

Pancen bener unen-unen manawa saya dhuwur wite saya banter angine. Senajan bapake guru ngaji, salah sawijining putrine kang asma Mbak R kuwi klebu rada nakal. Nek nyandhang menganggo gayane kaya wong kutha, sing ketok keleke karo kadhangkala udele barang.  Senenge ubyang-ubyung mrana-mrene. Yen ing kutha mbokmenawa umum bae. Ananging yen ing desa rak saru kanggone sing nyawang. Utamane kanggone wong-wong sepuh.

Sawijining sore, bakdha Ashar. Wayahe rame wong-wong kang padha nongkrong. Kaya biyasane Mbah D kondur saka sholat jamaah ing mesjid. Saka ngarepe dumadakan ana kledhange wong wadon kang menganggone jian seksi ngono kae. Mbuh saka adohe utawa merga panyawange kang wus suda, mula mbah D ora pati permana. Lan mbuh apa kang ana penggalihe mbah D kedadak alok, “Lonthe ngendhi kae?”

Sak kala kang lagi ana kono padha pating plenggong. Awit saknyatane sing diarani wanita pelanyahan mau ora liya ya putrine dhewe, Mbak R, sing pancen kondhang seneng menganggo sing ‘mengundhang’. Sing nyekseni arep ngguyu kepeksa diampet, wedi nek natoni penggalihe Mbah D. Mung akhire dadi guyonan ana mburi. Apa tumon, anake dhewe kok diarani lonthe.

Pinto Basuki-Candigugur-Bawang-Batang

 

 

 

Pitik Jago Wareng

 

Ing Dhukuh Plumbon, Bangun­tapan, Kabupaten Bantul, Yogya­karta, penere ana ing saelore pomahan elite Cipta Jogja Elegent, ana pitik jago wareng kang turune  ing dhuwur wit ringin. Pitik kuwi dudu pitik ingon lan uga dudu duweke padunung  pomahan Cipta Jogja Elegent. Pitik jago umbaran mau ujug-ujug wis manggon ing wit ringin. Ora ana sing ngerti asal-usule, sarta kapan tekane.

Sakjane kabeh uwong  ing kono padha kepengin nyekel. Nanging uger dioyak,  pitike mesthi banjur mabur dhuwur lan menclok  ing pange ringin. Anehe meneh, pitik jago wareng mau ora saben ndina mudhun luru pangan. Kadhang  rong ndina pisan lagi mudhun. Mudhune  uga golek limpene wong-wong sing arep nyekel. Kadhang kala jam 5 esuk mudhun nggolek thotholan sing bisa dipangan. Lan yen katon glibede uwong banjur age-age ndhelik utawa mabur bali menyang ndhuwur ringin.

Ana salah sijine pawongan sing kepengin arep mbedhil jago wareng kuwi, nanging niyate diwurungake. “Pak, pitike ampun dibedhil. Mbokmenawi niku sing tunggu ringin. Ampun dibedhil, mbebayani lho!” kandhane Kang Harto menggak kekarepane wong sing arep mbedhil iku.

 Uwong sing wis nyangking bedhil manuk tekukan  mau wusana klunuh-klunuh lunga murungake sedyane, wedi ing tembe malah dadi memala kanggo awake dhewe. Apa tumon ana pitik jago wareng gawe ojate warga.

Gunarso Wiyono-Banguntapan-Bantul

 



Tuku Tela Oranye

 

Kedadeyan iki kelakon dhek jaman cilikanku biyen, udakara taun 1961. Dina Minggu awan aku diutus bapak njupuk majalah PanjebarSemangat menyang agen Toko Buku Kukuh Subardi ing Pasar Anyar Salatiga. Omahku ing Kampung Kauman, Kelurahan Sidorejo Lor. Dadi ya lumayan adoh.  Pit onthel aku ya ora duwe. Dadi ya mung trima engklek. Beda karo bocah jaman now, sak elek-eleke mesthi duwe “jaran Jepang” utawa paling orak nyuwun dhuwit kanggo transport.

Durung nganti aku mangkat njupuk PS lha kok ibuku nimbrung, “No, ibu tukokna tela pendhem kang warnane oranye. Pengin ngrujak kates karo tela,” ngendikane ibuku karo ngulungake dhuwit.

Sakwise PS daktampa, aku gegancangan mlaku mangidul arah pasar lawas saperlu tuku titipane ibu. Aku kelingan wulangane pak guruku ing SD  Margosari, jarene yen omong-omongan karo wong kang luwih tuwa kudu nganggo basa. Kuwi ateges ngajeni utawa ngurmati. Dakdeleng bakule tela wis tuwa, nginang pisan.

“Mbok,  telane sakpantha pinten. Niku sing kangge rujakan sing warnane mbotennye,” kandhaku andhap asor.

Bakule mesem semu gumuyu. “Oh niki sing warnane oranye, mboten sisah dibasakke, Nang,” bakule njlentrehake. Aku isin banget lan gage-gage nampani susuke banjur nggeblas mulih.

Tekan ngomah PS kang samake isih ireng putih dakbukaki saperlu nggoleki lelakone Mas Klombrot (Indri Soedono) utawa crita sambunge Suparto Brata kang dadi klangenanku. Sokur bage bisa nglipur isinku disendhu bakul tela. Apa tumon, warna tela kok dibasakake.

FX. Suyatno-Semarang

 



Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae