Wit Sawo Omahe Gendruwo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 81 kali

Wit sawo etan omah asol. Oyode nje-plak. Pedhot. Sisa pedhotan isih neng njero lemah. Lha kok isa-isane asol kuwi lho. Gak ana udan gak ana angin, ndeleng oyode sing pedhot  gedhene sak pupu buta, miturut logika gak mungkin isa asol. Mesthine oyod sakmono gedhene kuwi isa nggondheli rebatange aja nganti asol.

Kang Leman tanggaku sing weruh sepisanan terus nyeraki rebatang sing mlagrang kaya ula sawa sing siap nadhah pedhet kemajar. Kaya patrape ilmuwan, sajak ora trima karo temuan sing diadhepi iki. Gang sedhela mesem. Untune ndhuwur ngarep sing rompal merga tabrakan sawetara taun kepungkur malah kena kanggo nyempitake Djarum Super sing sedhela-sedhela diserot sajak nikmat.

“Waa, ya bener wit sawo iki ambruk, Pak Guru. Lha wohe nggrendepe ngene. Kathik sawone super, gedhene mracak sak endhog banyak. Kakehan uwoh.”

“Nek miturut aku kok ora ngono, Kang Leman. Sawoku iki yen uwoh ya kaya ngene iki. Dadi wis ukurane. Rata-rata saben uwoh tebasane mesthi ora kurang sak yuta.”

Aku mbayangake kagelan sing luwar biyasa. Lha piye? Kanthi ambruke  wit sawo iki ateges wis ngelongi pengasilan-ku sak yuta saben sak panenan sawo. Ora ngopeni, ora ngingoni, kena dipekke utang sak yuta kecekel tangan. Bareng saiki?

So, so. Gelaku kentir rikala kelingan yen ing mburi omah uga ana anakan sawo. Saiki pancen durung uwoh. Ning suk emben mesthi uwoh.Ya muga-muga uwohe mengko paling ora padha karo sing ambruk iki, sokur-sokur isa luwih gedhe meneh.

“Nek miturut aku, ambruke wit sawo-ku iki merga diaru-aru bangsa lelembut.”

“Walah, Pak Guru, kok malah gawe makalah kuna. Pemikiran mundur kuwi Pak Guru. Mosok gendruwo ngrubuhake wit sawo. Dakkira gendruwo ki ya se­neng mangan sawo. Mangan ning ra tuku ya gendruwo kuwi. Mung kari njupuki, ora ana sing weruh.”

Aku mesem krungu kojahe Kang Leman. Mosok gendruwo gelem mangan sawo? Mosok gendruwo kaya uwong?

“E, Pak Guru ki kok ora percaya,” Kang Leman maido sajak ngerti karo sing ana batinku. “Maksudku ngene lho, Pak Guru,yen gendruwo kuwi sing ngrubuhake wit sawo, ateges dheke dhewe sing kapiran alias rugi. Rugi merga ora mangan sawo.”

“Nha, tegese Kang Leman percaya ta yen rubuhe wit sawoku iki dirubuhake gendruwo?”

“Gak. Liyane dheke rugi, gendruwo ora bakal kuwat ngrubuhake wit semene gedhe ne iki.”

“Elingku ndhisik Kang Leman tau crita pengalaman nyata kang mbok alami dhewe. Jaremu gendruwo kuwi kuwat nelung pring apus sak dhapur kanggo ngalang-alangi dalan. Nganti Kang Le-man ora isa nerusake laku merga dalane kecegatan pring sing ngebaki dalan. Nelung pring sakdhapur wae kuwat kok, apa bedane karo ngrubuhake wit sawo?”

“Mosok critaku jaman bahola kuwi mbok nggo…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik