Ati Tuwa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 131 kali

Tangi saka anggone leyeh-leyeh, piyayi kuwi lungguh ing lingir dhipan peturone. Mripat tuwa sing wis lamur disawatake menyang pernahe lawang, e mbok menawa ana  kanca tunggal sak panti sing sanja menyang kamare. Jebul sepi, sing katon wira-wiri mung juru rawat sing lagi nin-dakake jejibahane dhewe-dhewe.

Pak Diro, asmane priyayi sepuh yuswa sangang puluh taun kuwi, wis rong sasi diti-tipake ing Panti Wredha de-ning putra-putrane. Gandheng wiwit bubar dhahar mau olehe sareyan, Pak Diro krasa jeleh. Grayah-grayah tekenne sing sumendhe dhi­-pan, banjur jumeneng kanthi dicongkok teken sing ora tau pisah. Sawise lingak-linguk sedhela, Pak Diro banjur jumangkah tumuju lawang metu. Tindake sasat banter keyong, kumlothaking swara teken ing tegel kaya aweh sasmita yen jangkahe alon banget lan ora ajeg. Rikmane sing wis ngembang jambu katerak angin saka pernahe lawang katon morak-marik. Saka sorot mripate kawistara yen Pak Diro sayah lan kasepen. Penggalihe nyimpen rasa kang abot.

Ing ngarep  kamare ana kursi empuk. Pak Diro nuli mapan lengguh karo ngrungokake ocehing manuk. Pucuking cemara katon lenggak-lenggok keterak angin, kaya-kaya suka panglipur marang lalu yuswa padunung panti jompo sing kasepen lan adoh saka wong-wong kang ditresnani. Kalebu Pak Diro sing ditinggal seda garwane sarta pisah karo anak-anake sing makarya ing panggonan sing adoh.

Nalika garwane isih sugeng, Bu Diro setya leladi mring kakung. Penggalihe Pak Diro uga bombong lan mongkog yen nyawang anak-anake. Anak loro padha bisa gawe bungahe wong tuwa. Wiwit TK nganti rampung kuliyah sinaune lancar. Anak mbarep, Susi,  sawise ngrampungake kuliyahe banjur dadi pengusaha furniture lan dol tinuku priyasan logam mulia ing Surabaya. Dene adhine, Hardian, sawise lulus kuliyah ing luwar negri urip mulya kanthi nglungguhi jabatan penting neng Jakarta.

Biyen nalika garwane isih sugeng, Pak Diro isih rosa lan energik. Kabeh putrane kepingin ditunggoni bapak lan ibune. Mula ora nggumunke yen Pak Diro sekalihan asring mabur menyang Jakarta. Neng kana nganti seminggu utawa rong minggu. Taneg neng omahe anak  ragil, terus wae bablas menyang Surabaya, nginep neng omahe Susi nganti sakatoge.

Nanging kahanane owah gingsir. Ana bungah ana susah, ana lega ana gela. Menungsa mung saderma ndherek kersane sing paring urip. Nalika Pak Diro wis bisa ngrasakake pensiun saka anggone ngasta minangka Kepala Biro Keuangan, ndadak Bu Diro kapundhut dening Gusti Sing Maha Kuwasa kanthi lantaran gerah seseg. Wektu sedane Bu Diro kabeh putra wayahe ngumpul nganti pitung ndina neng omah ngancani Pak Diro. Ning bareng bubar pitung ndinane sing wadon, kabeh padha bali makarya. Omah dadi krasa sepi samun.

Ya bener ing omahe Pak Diro ana rewang cacah telu. Sing loro tugase masak, leladi lan resik-resik, dene sing siji…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik