Kidung Perenging Dieng (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 75 kali

“Kok saged ngaten menika jalaranipun menapa, Kangmas?”

     “Yen manut nalar, jalaran bocah-bocah iku cumondhok ing papan kang adhem, rambute banjur kempel, suwening suwe dadi gimbal. Merga dienggo teturon, rambut mau banjur dadi kaya ngono kuwi. Nanging yen manut kapercayan, bocah-bocah rambut gembel iku kena siku dhendhaning dewa, klebu bocah sengkala kang kudu diruwat.”

“Dipunruwat kados pundi, Kangmas?”

“Ruwatan nyukur rambut gembel. Bocah-bocah sing diruwat mau diwenehi kalodhangan njaluk apa wae sing disenengi lan wong tuwane kudu mujudi. Yen ora dituruti mesthi bakal kena lelara.”

“Wah, pranyata Dieng menika nyimpen maneka kaelokan inggih, Kangmas.”

“Mula sinebut Dieng, kajupuk saka tembung edi lan aeng. Wis, Dhiajeng, ayo mbacutake laku ngubengi papan kene.”

Dorandana lan Ayu Gupita banjur reruntungan golek papan liya. Laku-ne tansah gegandhengan tangan, bebasan renggang gula kumepyur pulut. Yen cinandra saking man-drawa pindha Bathara Kamajaya lan Bathari Kamaratih ngajawantah. Lakune Dorandana lan Rara Ayu Gupita kepethuk Akuwu Brasmara kang uga lagya nggandheng tangane garwane, Dyah Ayu Ardhini Pangastuti.

“Wah, kaya temanten anyar wae anggonmu pepasihan karo Rara Ayu Gupita, Dorandana,” kandhane Akuwu Brasmara.

“Nyuwun tadhah deduka dalem, Sang Akuwu, kula namung ngancani  Rara Ayu Gupita naliti Dieng, mumpung sami cumondhok ing papan mriki. Sebab nembe sepin-dhah menika Dhiajeng Gupita ming-gah dhateng Dieng.”

“Ora dadi baya pengapa, Doran-dana. Iki aku uga lagi mlaku-mlaku karo Gustimu Putri.”

“Inggih, Sang Akuwu.”

“Dorandana, bocah wadon iku sapa?” pandangune Dyah Ayu Ardhini.

“Kenya menika putrinipun Rek-yan Kaduhu saking kitha Mataram, sesilihipun Rara Ayu Gupita.”

“Dipuntepangaken Gusti Putri, kula Gupita, putrinipun Rekyan Kaduhu.”

“Iya, lagi sepisan iki aku ketemu sliramu.”

“Kasinggihan, awit sampun sawetawis wekdal kula mboten tumut upacara puja bhakti.

“Muga-muga liya wektu bisa ketemu maneh, Gupita. Kangmas  Brasmara, mumpun kepanggih Dorandana ing papan ngriki, mangga panyuwunan kula ing ngajeng dipundhawuhaken dhateng piyambakipun.”

“Iya, Dhiajeng. Dorandana!”

“Dhawuh dalem, Sang Akuwu.”

“Sawetara wektu iki aku lan garwaku bakal cumondhok ing…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik