Wadhuk Wonorejo Ninggal Tresna
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 37 kali

Wit-witan katon ijo ngrembuyung, hawa seger ngebaki kahanan ing satengahe wadhuk Wonorejo. Kahanan sing ora beda kaya jaman semana. Nalika sekabehe tresna sing wis ana dipungkasi. Mas Fuad pawongan bagus sing bisa nuwuhake tresna ing ati iki, sing daktepungi saka sanggar sastra sing ana ing kuthaku. Tresna kang wiwit saka kasenengan kang padha. Mlaku-mlaku bareng menyang wadhuk Wonorejo dadi kasenengane sinambi golek idhe kanggo nulis. Nanging ing panggonan iki uga, tresna iki dipungkasi.

“Dhik wis suwe anggone awake dhewe nglakoni sesambungan iki, susah seneng bebarengan, nanging sepurane dhik aku ora bisa mbacutake sesambungan iki,” ujare mas Fuad.

Prasasat ana montor mabur ceblok, ati iki langsung kaget. Geneya, ana apa, nganti sesambungan iki cuthel tanpa ana perkara sadurunge.

“Ana apa mas? apa aku nindakake salah kok sampeyan ujug-ujug medhot sesambungan iki?”

“Ora dhik, sampeyan ora salah, nanging aku ora bisa nyenengake atimu wae, aku wong lanang biasa ora duwe apa-apa, ora pantes aku ngancani sampeyan terus,” semaure mas Fuad karo rumangsa salah.

“Aku ora ngerti apa karepmu mas, aku ora isa nampa alesanmu. Lan senajan sesambungan iki cuthel, tresna iki isih tetep ana, amarga ati iki wis kebacut tresna karo sampeyan mas” semaurku karo mlayu mulih. Rasa bingung ora percaya isih ana ing ati. Geneya mas Fuad medhot sesambungan iki kanthi alesan sing ora cetha.

Wis rong taun lawase sawise kedadeyan iku, aku wis ilang contact karo mas Fuad, ora ngerti neng endi dununge, neng sanggar Sastra panggonanku iki uga ora nate ketemu. Nanging jujur rasa ati iki ora bisa uwal saka wewayangane mas Fuad. Kaya kahanan endah ing wadhuk Wonorejo iki sing ora bisa daktinggalna, apa maneh kanggo golek ide gawe tulisanku ngene iki. Pancen panggonan iki isih kerep dakparani senajan akeh kenangan nganyelake ing kene.

“Nuwun sewu mbak, kula nunut linggih mriki nggih?” swarane wong lanang mbuyarake lamunanku.

“Inggih mangga,” sumaurku karo dakbarengi noleh. Kaget tan kinira ati iki nalika weruh yen pawongan lanang sing njejeri aku iku jebul mas Fuad.

“Hlo mas Fuad, sampeyan kok neng kene?”

“Iya dhik aku mlaku-mlaku mrene kangen karo hawa ing papan iki.” Rasa bingung isih ana ing pikiranku. Kudu nyapa lan kena apa kok ana mas Fuad neng kene.

“Dhewekan dhik?” pitakone maneh mbuyarake rasa bingungku.

“Iya mas, karo sapa maneh!”

“Ya gandhengane menawa?”

“Hmmm gandhenganku sing sejatine wis ninggalake  aku tanpa ana alesan sing jelas,” semaurku kecut nyindir dheweke.

“Iya dhik aku ngerti yen kowe gela, ketepakan aku ngerti yen awakmu seneng menyang panggonan iki, dadi aku langsung dolan mrene iki mau.”

“Yen sampeyan ngerti, terus apa alesane sampeyan ninggal aku tanpa salah biyen?”

“Sepurane dhik alesanku kaya mangkono amarga aku wegah gawe sedhih atimu merga umurku sing ora dawa.”

Aku kaget krungu apa sing diomongne mas Fuad kuwi.

“Maksude piye?” pita­konku bingung.

“Iya dhik biyen aku divonis dokter yen umurku ora bakal dawa maneh merga anane penyakit tumor otak ing awakku.”

Sumedhot ati iki nganti ora krasa eluh iki tumetes.

“Dadi iku alesan sampe-yan ninggalake aku? Nanging kena apa sampeyan ora tau kandha karo aku mas?”

“Aku wedi yen gawe sedhihe awakmu dhik.”

“Nanging aku malah gela mas,banjur saiki kepriye kahananmu?”

“Alhamdulillah, Gusti isih paring sehat marang aku. Sasuwene iki aku menyang Singgapur golek tamba lan kasil. Aku wis resik ora duwe tumor iki maneh.”

“Alhamdulillah mas yen kaya ngono aku ya muji sukur banget mas…”

“Banjur dhik, sejatine aku mrene iki uga duweni karep lan pitakonan saliyane aku njaluk ngapura.”

“Pitakonan apa mas?”

“Apa isih isa aku nyambung maneh katresnan sing nate cuthel biyen?”

Rasa sedhih iki langsung ganti karo rasa bingung amarga pitakone mas Fuad. Kahanan ujug-ujug sirep bebarengan ana swara banter banget saka pesawat kang mabure endhek banget.

“Mas sadurunge biyen aku ninggal sampeyan, aku nate omong yen rasa tresna iki tetep ana senadyan sesam-bungan iki wis cuthel. Pancen bener mas tresna iki pang-gah cumanthel ing ati nganti seprene,” semaurku karo nyawang mripate mas Fuad.

“Maturnuwun dhik, aku janji ora bakal gawe gelane atimu maneh. Muga sesambungan iki tetep ana nganti curesing jaman.”

Bebarengan sumilire angin wadhuk Wonorejo, sekabehe crita katresnan rinonce maneh. Crita kang nate diwiwiti lan dipungkasi ing panggonan iki.

(Dhiva Agustiningrum)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik