Tataran Uriping Manungsa Iku, Pindha Lakuning Rodha (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 65 kali

b). Tausiyah leluhur.

Kacathet ana ing Serat Wulang Reh, pupuh Sinom, Sri Mangkunegara IV paring tausiyah (nasehat) marang putra-putrine supaya bisoa dadi  manungsa kang ndarbeni budi luhur (ahlaqul karimah). Dadi manungsa kang utama, dadi anak kang shaleh lan shalehah. Mangkene tausiyah pupih Sinom: “Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning janmi, amiguna ing aguna, Sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone di­nokok ngayun, pamrihe denIna, aja na nga­rani bangkit, suka lila den ina sapdha-padha.” Maksude mangkene: Tumraping wong kang ndarbeni budi luhur (akhlaqul kariimah), hiya iku ora ndulu karo mata siji (sebelah), marang kapinteraning wong liya, bisa ngamalake Ilmune kang sarwa manfaat, kapinterane ditutup-tutupi, dene cubluke sing dipiton­tonake, ikhlas diina sarta dianggep bodho dening sasami.

“Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan kang sun dekek arsa, isin menek den arani, balilu ing sujanmi, nanging batingsun cubluk, parandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa pa­randene sugih carita.”  Maksude mangkene: Senajan ta mangkono Sinuwun Paku Buwa­na dhewe ngakoni, manawa ora bisa tumin­dak kang mangkono, (sing ditindakake yaiku) cubluk  didhelikake, rumangsa isin manawa diarani wong bodho (cubluk), kapinterane sing dipitontonake, ing pamrih supaya diarani wong pinter. Kamangka satemene cubluk (bodho). Senajan ta mangkono, ing sajero­ning ati tansah nindakake pindha wong kang pinter, tanpa eling akeh omonge (ngobrol).

Mangkono tausiyah sapiturute, wusana secara gamblang diterangake  dening sedulur Darusuprapto  (1992), makna tembang ana ing  pupuh Sinom  kasebut, manawa karakter pawongan kang luhur bebudene iku ora bakal tumindak kang mangkono, njiplak kapin­teraning liyan, tumuli migunakake kanggo ngudi kaun-tungan (kepentingan) pribadi.

Tausiyah Sri Paku Buwana IV iku, yen dinulu (diwawas) sapandurat kapadhan (indentik) karo wawasan Syeh Ibnu Atho’illah Asy’Syaukani dumunung ana ing Kitab al Hi­kam, sing nerangake mangkene maksude : “Pendhemen awakmu ana ing sajeroning lemah sing jeru, sebab sekabehing wiji sing ora ditandur ana ing lemah, ora bakal nu­wuhake asil kang sampurna.”

Wacana utawa wawasan kang makono iku, ora kok mung ngendelake marang pikiran sarta kecerdhasan, nanging uga tuwuhe ati kang suci, tulusing ati sarta laku tindak kang jujur. Biasane mungguhing padatan Jawa, ana sanepan sing mbedakake wong kang pinter lan wong kang ngerti. Wong pinter iku tumuju marang kapinteraning akal. Dene wong kang ngerti iku tumuju (mengarah) marang ketulusan, landheping wawasan ati nurani (mata hati), sarta wawasan kang bawera. Mula saka iku Sri Mangkunegara IV tansah wanti-wanti, supaya putra wayah takdzim ngestokake tausiyah utawa do­ngane para leluhur. Leluhur iku akeh tirakate, amarga ndarbeni gegayuhan kang luhur, dongake putra wayah dalah keturunane. Contone Ki Ageng Tarub, ora kendhat-ken­dhat panu­wune marang ngarsaning Allah, Dzat Kang Hamurbeng Dumadi, Jagad Raya dalah saisine iki. Panembahan Senapati kang madeg dadi ratu ing Mataram, kalebu keturunan Ki Ageng Tarub. Allah kepareng paring dhawuh, kang maksude mangkene: “Sira kabeh padha nyenyuwuna marang Ingsun, tamtu Ingsun bakal ngijabahi (nga­bulake panuwun) panuwunira. (ud’uunii astajib lakum).” Saka dongane Nabi Ibrahim khalilullah, Negara Makkah sing cengkar (tandus), ing tembe mburi dadi Negara kang makmur, jibar-jibur. Iku mau krana dongane Nabi Ibrahim.

Kanggo napaki lelaku kang kaya mangkono iku, Sri Mangkunegara IV paring pitutur, supaya putra-wayah dalah ketu­runane, aja nanti tumindak kang nerak syara’ (syar’i), yaiku ora tekabur, ujub, (kumingsun), adigang, adigung, adiguna. Gemblenge supaya ngedohi marang sekabehing penyakit ati lan tumindak sing nalisir saka angger-anggering syar’i sarta paugeraning Negari.

 

c. Budi pakerti kang luhur (akhlaqul karimah).

Tumraping kanoman kang utama iku ngepenake utawa nengenake akhlak kang mulya (akhlaqul karimah). Trep karo dha­wuhe Rasulullah saw. mangkene maksude:

(1). “Ingsun diutus dening Allah iku, kadhawuhan nyampurnakake akhlak kang mulya, akhlaqul karimah (Inni bu’itstu liutammima makaarimal akhlaqi). Manungsa mono cinipta, mujudake makhluk kang mulya, beda karo kewan. Manungsa pina­ringan akal pikiran, sing bisa mbedakake samubarang kang  bener lan kang salah,  sing becik lan sing ala, sing halal lan sing haram. Dene kewan ora mangkono. Manungsa bakal kapitunan uripe, manawa akhlake madmu­mah, asor. Sebagian gedhe amale bakal rusak, manawa akhlake ala, tingkah lakune tansah sasar, nalisir saka kaidah syar’i, nerak angger-anggering Negara, duraka,dhengki, ujub, kumingsun, srakah, adigang adigung lan adiguna sarta liya-liyane.

(2). Islam njurung marang manungsa, supaya ndarbeni akhlak kang mulya. Sebabe, hiya krana akhlak kang mulya, krana bebuden kang luhur iku nuwuhake kanikmatan sarta kamulyaning urip. Semono uga suwalike, akhlak kang asor, kang ala, bakal njalari kasangsaraning urip, becik urip ana ing Donya trusing nganti tumapaking Akhirat. Mula saka iku kanthi migunakake piranti kang arupa akal pikiran iku, bisa milah-milah endi sing becik lan endi sing ala. Ing babagan iki Islam asung pituduh arupa larangan nginum inuman keras khamer, judi lan zina. Kabeh larangan mau sing dadi underaning tumindak maksiyat.

(3). Uriping manungsa iku kudu linam­baran karo akal kang mulya, bebuden kang luhur (akhlaqul karimah). Lha yen ora, gotekingakeh, mati luwih becik katimbang urip ana ing Donya dadi  reregeding masyarakat. Trep karo tausiyah Imam Syafi’i (Imam madhab), mangkene maksude: “Allah wus kepareng  paring kanugrahan ma­rang manungsa,  luwih utama katimbang akal pikiran lan tatakrama, yaiku akhlaqul karimah, budi pekerti kang luhur. Kekarone (akal lan tatakrama) paringane Allah iku bisa njalari sawijining pawongan bisa urip kanthi jenjem, ayem. Lha yen ora, dheweke ora bakal ka­sinu­ngan akhlak kang mulya (akhlaqul karimah) budi pekerti kang luhur, luwih becik tumapaking palastra (mati) tumraping dheweke.”  (Ana candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik