Wadhah Pulsa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 110 kali

Wadhah Pulsa

 

TANGGAKU asma Bu Pur, utawa Eyang Pur menawa tangga teparo pa­dha ngaturi, piya­yine wis lansia. Ewasemono piyam­bake ora gelem keri ing bab komunikasi, mula banjur mun­dhut HP.

Mungguhing Eyang Pur, HP mu­judake barang wi­gati. Jer putra-putrane kang ge­mrayah kabeh pa­dha nyebar ing liya papan golek pa­ngupajiwa. Kanthi migunakake HP pi­yambake bisa ko­munikasi marang putra-putrane ka­pan wae.

Nalika semana Eyang Pur durung suwe anggone kagungan HP. Esuk iku piyambake mencet HP-ne arep ngubungi putrane sing neng Mataram, Lombok. Bola-bali ngirim SMS kok ora tekan marang sing dituju, pranyata pulsane entek.

“Jum, tulung tukokna pulsa neng warunge Pak Kudiman. Selawe rupiyah wae, cepet ya aja mampir-mampir!” Eyang Pur dhawuh marang rewange wadon setengah tuwa karo ngulungi dhuwit. Ora mbuwang wektu Yu Jum nyaut sepedhah onthele lan terus dicengklak.

“E…Juuum,  arep tetuku barang kok ora nggawa wadhah!”  aloke Eyang Pur seru nganti keprungu tangga jejere. Yu Jum balik kanan. “Nek ora diwadhahi teneh dha kecer neng ndalan,” ujare Eyang Pur karo ngulungake HP kagungane marang rewange. Yu Jum gage nampani, terus nyengklak sepedha onthele nuju warunge Pak Kudiman.

Pranyata, sing dimaksud “wadhah pulsa” dening Eyang Pur iku ora liya HP kagungane kuwi. Karana ora dhong, Yu Jum anggone nembung marang bakule uga persis kaya pakone bendarane.  “Pak, tumbas pulsa selangkung rupiyah. Niki wadhahe”, ujare Yu Jum karo ngulungake HP kagungane Eyang Pur marang bakule.

FX. Subroto-Nogotirto, Gamping, Sleman




Desa Warna-warna

 

Ing Daerah Istimewa Yogya­karta ana sawetara desa utawa wilayah sing nganggo jeneng war­na (putih, abang, kuning). Ing ngisor iki contone:

Warna putih: Kaliputih,  Kabupaten Sleman;  Putih Ombo,  Girimulyo Kabupaten Kulon Progo.

Warna abang: Ngabangan, Godean, Kabupaten Sleman.

Warna kuning:  Gedhong Kuning, Kabupatan Bantul;  Ploso Kuning, Kabupaten Sleman.

Warna abu-abu: Kaliabu, Gamping, Kabupaten Sleman.

Warna ireng: Ngireng, Ireng, Kabupaten Bantul.

Warna biru: Kalibiru, Kokap, Kabupaten Kulonprogo; Mbiru, Gamping, Kabupaten Sleman.

Apa tumon, jeneng desa kok warna-warna.

Nyi Sumaryati-Godean, Sleman

 



Merdheka Tuwan

 

Dhek jaman agresi Landa II taun 1948, umurku 16 taun. Gandheng ing swasana perang, aku lan adhiku ndherek bapak lan ibu ngungsi menyang Desa Bendhil, mapan ana daleme Pak Lurah Mustajab. Papan pangungsen iki dadi siji karo mar­kas tentara Siliwangi. Aku karo Maryo melu nggamblok Kompi 2000. Tugasku saben esuk njupuk jatah mangan pasukan menyang dhapur umum sing mapan ana Desa Gondhang, adohe 8 kilometer saka markas.

Ing sawijining dina, aku karo Maryo ngayahi tugas kaya biasane menyang dhapur umum Gondhang. Sega pelangan sing takwadhahi tumbu taksunggi. Amrih ora ketemu patroli Landa, aku metu “dalan tikus”  nyidhat  liwat Desa Jarakan. Nanging mbok menawa lagi apes, nalika aku lagi mencungul saka dalan tikus Jambangan, saka kidul ana patroli Landa. Sakala awakku lemes kaya dilolosi otot bayuku. Tumbu sing taksunggi ceblok numpleg, dene Maryo ndoprok ora kuwat ngadeg.

Pimpinan patroli Landa sing isih enom nyedhaki aku karo ngacungake tommygun-ne. Kanthi ati sing taktatag-tatagake aku mbungkuk karo arep uluk salam, “Tabik, Tuwan!” nanging sing kawetu malah, “Merdeka, Tuwan.”

 Sakala keprungu senjata padha dikokang lan swara santak, “Apa, merdeka? Kamu anjing ya!” Landane nyedhaki aku, pipiku kiwa-tengen krasa lara lan panas merga ditempiling sakayange. “Angkat tangan, god verdom!”

 Batinku, wah mati tenan aku saiki. Daklirik Landane nye­dhak karo mentheleng, banjur cuh...ngidoni raiku. Raiku arep dikaplok maneh, nanging ora sida. Malah Landa mau katon ragu-ragu. Tilas tatu dhekok ana bathukku digrayangi lan diwaspadakake.

“Hei, kowe Ime ya, anake Pak Sumeh?” pitakone.

Aku kaget, merga kok ana Landa sing ngerti jeneng para­banku lan asmane bapakku.Ujare, “Aku Johanes, brudere (kakange) Christine. Eling?”

Landa mau banjur nyopot topine waja. Bareng taktamatake, pancen bener, Landa iki jenenge Johanes sing biyen karo adhi lan mamahe nate ngontrak omah sisih wetanku.Plong rasane atiku, merga bisa uwal saka kahanan sing rumit iki.

“Iya bruder. Terus kepriye kabare mamah lan Christine?” pitakonku.

“Mamah digawa Jepang nganti saiki ora karuwan kabare. Yen Christine melu Om Hans menyang Nederland,”  wangsulane.

“Maaf ya Ime, aku mau wis kasar neng kowe, merga kabeh kudu takleksanani lan aku kudu mbelani bangsaku.” Sawise nganggo topine waja maneh Johanes nyekel tanganku karo clathu, “Wis ya Ime, andum slamet, aku arep nerusake tugasku. Muga-muga awake dhewe bisa ketemu maneh!”

Bubar clathu mengkono, Johanes ngadeg kanthi sikap sempurna kaya lumrahe prajurit. Tangane sing siji nggegem ana dhadha, keprungu swarane gemeter, “Merdeka!”

Aku karo Maryo muji syukur dene Gusti Allah wis paring pitulungan lan kanugrahan sing ora kanyana-nyana.

Suwarno Tjitrowihardjo-Ngadiluwih,Kediri

 


 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae