Sing Duwe Omah Nesu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 284 kali

Kira-kira lagi limang menit kahanan sepi merga bocah-bocah nggarap soal sing lagi wae takdumake. Dumadakan Sella sing lung-guh mburi dhewe ngadeg, banjur jangkah alon-alon. Lusia sing lungguh ngarepe setengah mbengok, “Bu Guru! Sella  Bu, Sella kesurupan!”

“Tenang, tenang, kabeh tenang!” ucapku.  Nalar pikirku emoh kalah karo bangsane dhemit. Oh, iki ta bocah sing dadi rembugan neng ruwang guru mau. Jam olahraga Sella wis kesurupan.

Gage-gage aku menyat nyedhaki Sella. Sella njangkah alon-alon, obahing tangane kaya wong nari. Kahanan kelas dadi opyak ndulu patrape Sella sing nganeh-anehi. Bocah-bocah wis ora fokus nggarap tugas sing dakwenehake.

Nalika daktungka jangakahe, Sella ndengengek  nyawang aku. Sirahe manthuk, lambene  mesem. Nanging panyawange mripat katon kothong. Apa dhemite aruh-aruh aku? Rumangsa diaruh-aruhi dhemit aku banjur takon.

“Kowe arep menyang ngendi ?” pitakonku alus karo mbales eseme.  Tanganku ngrangkul pundhake Sella

“Aku arep mulih,” wangsulane nungkak krama.

“Mulih neng ngendi? Ayo tak terake,” kandhaku.

Sella takrangkul . Aku kuwatir yen dhemite nglungani ragane Sella bocahe banjur tiba saenggon-enggon. Yen sirahe Sella natap meja utawa tegel bisa mbebayani. Mula jroning kahanan kaya ngene aku ora bakal negakake Sella.

“Bocah-bocah,  Bu Guru njaluk tulung ya, ayo ndonga, kabeh donga, nggarap ulangan mandheg sik!” prentahku.

Bocah-bocah padha ndonga sabisa-bisane, dene aku uga donga miturut caraku. Dongaku dakbisikake neng kupinge Sella. Dongaku dakbolan-baleni, Sella njangkah terus. Tekan ngarep papan tulis dheweke mandheg. Banyu bening wiwit nelesi pipiku, dongaku  ora bakal daklereni yen dhemit mau durung lunga.

“Aaaaaaah,  kok ra penak hawane, hawane ra penaaak! Panaaaas!” panguwuhe Sella.

Bocah-bocah wadon katut melu nangis. Aku sumelang murid-murid wadon kaperbawan dening Sella. Sebab aku tau maca yen ana bocah kesurupan bisa nulari liyane. Sella dakenteni, mbokmenawa arep mlaku maneh. Upama Sella ambruk aku mesthi  katut ambruk. Sella mandheg lan meneng ora obah. Apa dhemite wis lunga?

“Sel, kowe ngerti aku,  iki Bu Indah,” kandhaku.

Sella manthuk. Iki mertandhani yen dhemite wis metu . Mripate  nyawang lawang cet ijo.

“Niku Bu, enten tiyang rambute dawa rewo-rewo, kaya mboten sisiran. Mripate galak, tiyange ngadeg teng ngajeng lawang.”

“Oh, ya ?” aku ora weruh sapa-sapa, kajaba wit kates sing wohe pa-ting grandhul ing sangarepe kelas iki.

“Niku Bu, tiyane ngawe-awe kula mawon, ngajak kesah.”

Sakala aku………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang paling hebat pisan kanthi idhe-idhene kang  paling brilian, bisa wae dikalahake de­ning wong kang bo­dho kanthi akale kang kerdhil. Mula tokna idhe-idhe bri­lianmu apa wae ka­hanane.

Klik

JEMBATAN NGISOR KALI

Meh kabeh, yen jenenge jembatan kuwi mlangkring ing sandhuwure banyu. Nanging ora mangkono karo jembatan kang ana ing Fort de Roovere, sacedhake Desa Halsteren, negara Landa iki. Ing kana ana jembatan kang ora mlangkring, nanging peres karo banyune. Jembatan iki pancen nyigar tlaga cilik kang banyune anteng. Dadi…. kapan maneh ya bisa nrabas banyu nanging ora teles?? (d/ist)***

Pethilan

TVRI nyoba ngrombak stigma

Saingane luwih maju banget

Sing manther anggone ngawasi praktek politik dhuwit

Emane dhuwite ora mambu…

Sing lapor SPT adoh saka target

Akeh sing ‘golput’ pranyata…