Kidung Perenging Dieng (7)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 206 kali

“Panjenengan priksa piyambak ing perenging Dieng wonten Grombolan Gagak Ireng. Ingkang saged mbrastha grombolan menika mboten sanes inggih namung Manggalayuda Dorandana. Menawi taksih wonten sisa-sisa pendherekipun Rojeng Garung ingkang badhe tumindak awon, mesthi  ajrih menawi aben ajeng lumawan  Dorandana. Rak inggih mekaten ta, Kangmas?”

“Hm, iya, bener Dhiajeng. Yen mung kaya mangkono panjalukmu,  bakal dakturuti. Aku bakal dhawuh marang Dorandana supaya ngrek­sa kayuwananmu.”

“Maturnuwun, Kangmas.”

“Ayo,  Dhiajeng, mbacutake laku napaki sedawane dalan ing sakiwa tengene Candhi Dieng kene.”

“Mangga kula dherekaken, Kangmas Akuwu.”

Akuwu Brasmara lan Ardini nutugake olehe cangkrama ngeng-gar-enggar penggalih mriksani kaendahane sesawangan Dieng kang ngelam-lami. Endahing swasana Dieng sarta hawane kang adhem njalari sapa wae krasan comondhok ana kono.  Dieng uga sinebut asal saka tembung Ardi Hyang, sing tegese gunung papane para dewa. Manut kapercayane para leluhur, Gunung Dieng mono papan cu-mondhoke para dewa ing Suralaya. Sebab ing kono uga ana papan kang rinengga kaya Bale Marcukundha-manik palenggahe para dewa. Ana papan jembar kadidene repat kepanasan, lan kawah panas ora beda candradimuka. Kabeh rerenggan mau jebles kahyangan Suralaya kaya kinocap ing crita pewayangan.

Nalika kuwi Manggalayuda Dorandana lagi langen suka ing sapinggire Tlaga Warna bareng klawan wanita pepujaning nala, aran Rara Ayu Gupita. Dhasar tetunggule prajurit Kedhu, kathik nggadhuh rupa bagus tur pidegsa, ora mokal lamun akeh wanodya kang kapiluyu marang Dorandana. Apamaneh Dorandana duwe kasekten mirunggan, mula akeh kenya kang nggadhang bisa sumandhing lan diayomi Dorandana. Nadyan akeh wanita kang ngayunake, nanging tresnane Dorandana wis kadhung kasok marang Rara Ayu Gupita.

Rara Ayu Gupita tuhu tetung-guling kasulistyan. Papawakan lencir kuning, praupan padhang sumringah, netra blalak-blalak, rikmane diore dawa ngemak ngembang bakung, pipine manggis karengat, yen ngguyu dhekik. Lathi abang mingir-mingir kaya mentas nginang, gawe gemese sok sapaa kang nyawang. Eseme pait madu, kedhepe ndamar kanginan. Untune renik-renik miji timun. Gingsule saya ngimbuhi ayune rupa. Yen sinawang, Dorandana lan Ayu Gupita wis ora nguciwani, sing lanang bagus, sing wadon ayu.

Sesambungane Dorandana Ayu Gupita wus dadi kembang lambene para jejaka lan kenya ing…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik