Ken Angrok Cikal Bakal Raja-raja Singasari lan Majapahit
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 52 kali

ING jaman pungkasane Kerajaan Kadiri, dhaerah Tumapel kang dununge ing sawetane Gunung Kawi, dipimpin de­ning Akuwu Tunggul Ametung. Dhaerah Tumapel iki kalebu wilayah kekuasaan Raja Kertajaya (Dandang Gendis) saka Daha (Kadiri). Sasuwene Tunggul Ametung dadi akuwu ing Tumapel, ora diweruhi kanthi cetha asal-usule. Kedhudhukane minangka akuwu ing Tumapel banjur kan­dheg sawise diperjaya dening Ken Angrok. Sabanjure Ken Angrok kang dadi pangu­wasa anyar ing Tumapel.

Mula, tokoh Ken Angrok iki minangka pratandha muncule wangsa anyar, yaiku Wangsa Rajasa (rajasawangsa) utawa Wangsa Girindra (girindrawangsa). Wangsa iki sing dadi panguwasa ing Kera­jaan Singasari lan Majapahit. Sabenere, asal-usule Ken Angrok uga ora cetha. C.c. Berg ora bisa nampa Ken Angrok minangka tokoh sejarah. Dheweke mung nganggep Ken Angrok minangka tokoh mitos. Siji-sijine sumber kang njlentrehake asal-usule nalika isih timure Ken Angrok yaiku Kitab Pararaton utawa Katuturanira Ken Angrok. Kitab kasebut ing pungkasane abad XV. Prastawa pungkasan kang disebutake ing kitab Pararaton yaiku prastawa gunung mbledhos (guntur pawatu gunung), kang dumadi ing taun 1403 Saka (1481 Masehi). Adhedhasar bab iki, penulis duwe panemu yen anane Kitab Pararaton ora suwe sawise taun 1481 Masehi, utawa ing pungkasane abad XV M, ing wujud prosa (gancaran). Miturut Kitab Pararaton, Ken Angrok iku jilmaane sawijining pawongan kang wektu uripe tingkah lakune ora apik. Nanging merga sanggup didadekake kurban kanggo dewa njaga lawang mula dheweke bisa bali menyang Wisnubhawana. Ken Angrok dilairake ing Desa Pangkur, sawetane Gunung Kawi. Ibune asma Ken Endog, kakunge sawijining petani asma Gajah Para. Nalika Ken Endog arep ngirim kakunge ing sawah, ditemoni dening Dewa Brahma ing Tegal Lalateng saengga pung­kasane Ken Endog ngandhut. Sabanjure, Dewa Brahma dhawuh marang dheweke supaya ora kumpul (turu awor) maneh karo kakunge, lan jabang bayi sing dikan­dhut iku mengkone bakal dadi raja ing Pulo Jawa, asmane Ken Angrok. Durung limang dina sapungkure prastawa kasebut, kakunge Ken Endog sowan Gusti Allah merga nglanggar dhawuhe Dewa Brahma. Sawise si jabang bayi Ken Angrok lair, de­ning ibune banjur dibuwang ing sawijining kuburan. Ing awake bayi Ken Angrok kang dibuwang iku duwe keistimewaan, yaiku mancarake cahya (duwe aura). Kebeneran bengine ana maling kang teka ing panggonan kasebut, bayi Ken Angrok banjur digawa bali lan didadekake anak angkat. Sabanjure, Kitab Pararaton njlentrehake kenakalane Ken Angrok nalika isih timure. Sawise diwasa, dhe­weke ngumbara ing dhaerah sawetane Gunung Kawi kanthi petualangan dadi maling, rampok, merjaya uwong, lan ngru­dhapeksa wanita. Kejahatan Ken Angrok tansaya ndadra saengga diuber­uber rakyat Tumapel. Malah krana prentahe Raja Daha, Akuwu Tumapel banjur ngupaya ngusir Ken Angrok saka wilayah Daha. Ning anehe, nalika diuber-uber, Ken Angrok tansah bisa loloos. Sabanjure, ing sawijining dina Ken Angrok diaku anak dening Brahmana, jenenge Danghyang Lohgawe. Sabanjure dheweke bisa ditampa ngabdi marang Akuwu Tunggul Ametung. Nalika Ken Angrok ngabdi ma­rang Akuwu Tunggul Ametung, dheweke kepencut karo garwane sang akuwu kang jeneng Ken Dedes. Kawitane kepencut marang Ken Dedes nalika Ken Angrok diutus ngawal kreta kang ditumpaki Ken Dedes. Nalika Ken Dedes mudhun saka kreta, kain kang nutupi perangan ngisor nyingkap. Perangan awak ngisor uga katon mancarake cahya. Kedadeyan kasebut ditukokake marang Danghyang Lohgawe, “Danghyang Lohgawe, menawi wonten perangan badan satunggaling wanita ingkang mancaraken cahya menika napa?” Danghyang Lohgawe mangsuli, “Wanita iku Nareswari, sapa wae sing krama karo wanita iku, ing tembe mburi keturunane bakal dadi raja ing tanah Jawa.”

Sawise dipahami lan dimangerteni dening Ken Angrok, niat jahate banjur mun­cul maneh. Sabanjure, Ken Angrok nemoni Empu Gandring saperlu pesen keris. Nanging Empu Gandring njaluk wektu dawa. Sawise dina ganti dina lan saban­jure ganti sasi, keris iku uga durung ram­pung. Mula, wektu Ken Angrok nemoni Empu Gandring uga ora sabar. Mula, keris kang durung dadi iku banjur dijaluk, kang sabanjure disudukake menyang wetenge Empu Gandring nganti angemasi. Nanging sadurunge, sang Empu nyabda Ken Angrok, yen keris Gandring iki bakal njaluk kurban pitung turunan, klebu Ken Angrok dhewe.

Ing pikirane Ken Angrok wektu iku mung arep merjaya sang Akuwu. Sabanjure, ditindakake kanthi rapi lan ngati-ati sa­engga kaya dudu Ken Angrok kang merjaya sang Akuwu. Dene prastawane mangkene: sawise keris gaweyane Empu Gandring dianggep rampung, dening Ken Angrok banjur disilihake marang Kebo Ijo. Merga Kebo Ijo seneng pamer, keris kasebut banjur diaku duweke. Malah kabeh kang manggon ing akuwuan Tumapel padha weruh yen Kebo Ijo sing duwe keris Gandring kasebut. Ora let suwe sabanjure, ing sawijining wengi nalika Kebo Ijo turu kepati, keris Gandring sing digawa kasebut dicolong dening Ken Angrok kanggo merjaya sang Akuwu. Esuke, ing Akuwu Tumapel geger, Tunggul Ametung seda ndadak. Sawise ngerti yen sedane sang Akuwu iku

merga keris Gandring mula sing didakwa merjaya uga banjur Kebo Ijo. Nanging, tanpa dinuga sadurunge dening Kebo Ijo dalah keluwarga Tunggul Ame­tung, Ken Angrok langsung nyudukake keris Gandring iku menyang wetenge Kebo Ijo, lan sanalika uga mati.

Sawise Tunggul Ame­tung mati Ken Angrok ban­jur krama karo Ken Dedes, lan nggenteni kalungguh­ane minangka Akuwu Tumapel. Kabeh tindakane Ken Ang­rok dijarake wae dening keluwarga Tunggul Ame­tung lan rakyat Tu­mapel.

Sawise suwe dadi Aku­wu Tumapel, ing sawiji­ning dina Ken Angrok dite­kani para Brahmana saka Daha. Tekane para Brah­ma­na saperlu njaluk pa­nga­yo­man Ken Angrok saka tindakan Raja Daha. Para Brahmana kasebut banjur ngangkat (nobatake) Ken Angrok dadi Raja Tumapel kanthi gelar Sri Rajasa Sang Ranggah Amurwwa­bhumi; kanthi ijin lan restu para Brah­mana, Ken Angrok ngang­go jeneng Bhatara Guru lan nganakake penyerangan menyang Daha lumawan Raja Dandang Gendis. Ing peperangan sacedhake Ganter, Ken Angrok bisa nga­lahake Raja Dandang Gendis lan wadya­balane. Kabeh Kerajaan Daha pungkasane bisa diku­wasani dening Ken Angrok. Sabanjure, Ken Angrok dadi

Maharaja ing Tumapel. Daha dikalah­ake ing taun 1144 Saka (1222 Masehi). Ing taun 1169 Saka (1247 Masehi) Ken angrok diperjaya dening pengalasan saka Batil utusane Anusapati, putra kwalone. Nalika diperjaya, kabener dhahar sore. Sabanjure, Ken Angrok dibangunake candhi ing Kagenengan.

Rada beda karo jlentrehane Kitab Pararaton, Kakawin Nagarakrtagama njlentrehake mangkene: ing taun 1104 Saka (1182 Masehi) ana sawijining raja gung binathara, putra Sri Girinatha. Miturut kabare lair tanpa liwat kandhutan. Dhaerah subur kang amba bawera sawetane Gunung Kawi kabener nindakake dhar­mane. Ibu kota kerajaane jenenge Kuta­raja. Taun 1144 Saka (1222 Masehi), Ken Angrok lumawan Raja Kertajaya saka Kadiri. Sawise Raja Kertajaya dikalahake, Kadiri bisa direbut. Sabanjure, Jenggala lan Kadiri nyawiji dadi siji ing ngisor kekua­saane. Tansaya tambah amba kekuasane lan wibawane putra Sri Girinatha. Ing taun 1170 Saka (1247 Masehi) Sri Girinatha bali menyang Swargaloka, dibangunake can­dhi ing Kagenengan minangka Siwa lan ing Usana minangka Buddha. Kakawin Nagarakrtagama uga njlentrehake yen Bhathara Girinathapura disembah minang­ka dewa. Panjenengane moyang Sang Raja (Hayam Wuruk).

Saka kaloro sumber kasusastran kase­but, uga bisa disumurupi yen Ken Angrok iku adeg Raja kapisan Tumapel (Singasari). Ken Angrok kang dadi wangsakara, kang adeg Dinasti Rajasa (Rajasawangsa) utawa Dinasti Girindra (Girindrawangsa), lan dadi cikal bakal Raja-raja Singasari lan Majapahit.

Kejaba saka kaloro sumber kasebut, riwayat Ken Angrok uga tinulis ing kitab Kidung. Nanging, katrangan saka kitab-kitab kidung kasebut ora menehi penje­lasan ngenani kesejarahan Ken Angrok.  Nganti saiki kita durung oleh prasasti kang diwetokake dening Ken Angrok, ning iku ora mustahil. Ing Kitab Pararaton, ana sawijining petunjuk bab kemungkinan anane prasasti kang diwetokake utawa adhedhasar perintah Ken Angrok. Pararaton nyebut­ake yen sawise Ken Angrok dinobatake dadi Raja Singa­sari, wong-wong sing biyen wis nglabuhi Ken Ang­rok, nalika isih seng­sara, diwenehi bebungah hak-hak istimewa lan pem­bebasan saka kuwajiban-kuwajiban mligi sabang­sane iki ditetepake kanthi nggawe prasasti dening panguwasa. Mula saka iku, ora mustahil nalika menehi hak istimewa lan pembe­basan kuwajiban kasebut dening Ken Angrok uga diwetokake prasasti-prasasti. Nganti saiki kita mung nduweni prasasti cacah papat kang dianggep menehi pituduhngenani kesejarahan tokoh Ken Angrok. Prasati-prasasti kasebut yaiku: Prasasti Balawi saka taun Saka 1227 (1305 Ma­sehi), Prasasti Maribong (Trowulan II) saka taun 1186 Saka (1264 Masehi), Prasasti Kusmala (Kandangan) saka taun 1272 Saka (1350 Masehi), lan Prasasti Mula Malurung saka taun 1177 Saka (1255 Masehi).

Adhedhasar Kitab Pararaton, akeh sarjana kang duwe panemu yen asale Ken Angrok saka kalangan rakyat biasa. Nanging, ngelingi fungsi lan kedudukane minangka panguwasa utawa raja ing masyarakat Indonesia kuna lan uga kahanan sarta susunan masyarakat kanthi sistem kepercayaan, Ken Angrok uga putra sawijining panguwasa (Sang Amurwa­bhumi) nadyan kasunyatane ibune mung sawijining wanita desa. Adhedhasar bab­-bab kasebut, Boechari wis njlentrehake tafsiran liya bab crita Ken Angrok. Miturut panemune, Sang Amurwabhumi kang wis ngrudhapeksa Ken Endog nganti dheweke ngandhut lan nglairake Ken Angrok iku ora liya yaiku pawongan kang dadi panguwasa wilayah iku. Minangka panguwasa, dhe­weke lolos saka jangkauan hukum, malah dheweke duwe kekuwasaan kanggo nyingkirake wong lanang kang dadi bojone sah wong wedok kang dipepengini. Mi­nangka putra Sang Amurwabhumi, Ken Angrok nduweni kemampuan ngetokake cahya saka awake. Ngelingi yen kanthi gampang Ken Angrok ditampa pengabdia­ne dening Tunggul Ametung, lan uga nge­lingi yen sawise dheweke kasil merjaya, uga kanthi gampang ngepek bojo randhane Tunggul Ametung, sarta nggenteni kalungguhane minangka Akuwu Tumapel tanpa ana campur tangan saka rakyat lan kulawarga Tunggul Ametung. Boechari duwe panemu yen Ken Angrok iku sejatine putra Tunggul Ametung. Ing bab iki uga bisa dumadi yen Ken Endog ora digawa menyang njero puri. Ya iku sebabe ing Ka­kawin Nagarakrtagama kang minangka sawijining kakawin pujaan (puja sastra) kanggo Raja Hayam Wuruk, Rajasa disebutake minangka keturunan dewa kang lair tanpa liwat kandhutan utawa ora duwe ibu (saksat dewatmakayonija tanaya­tekap sri girindraprakasa). Luwih adoh maneh Boechari njlentrehake yen minangka sawijining putra kang dilairake ing sanjabane perkawinan utawa putra selir kang ora dilebokake ing njero puri, mesthi wae Ken Angrok ora duwe hak warisan apa-apa, luwih-­luwih maneh yen Tunggul Ametung duwe putra saka garwa utamane. Mula, sawise Tunggul Ametung krama karo Ken Dedes, sabanjure Ken De­des ngandhut, Ken Angrok duwe rencana arep merjaya ramane sadurungi si jabang bayi lair, lan sawise kasil, dheweke uga krama karo Ken Dedes supaya kabeh warisan, kalebu kekuasaan tumiba marang dheweke. (Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik