Tataran Uriping Manungsa Iku, Pindha Lakuning Rodha (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 158 kali

e. Mijil, laire sawijining gagasan.

Mijil, kaya kang wus katur ing ndhu­wur, uga ndarbeni makna laire gagasan, ide, intuisi batin, utawa saentha karo uneg-uneg. Malah tumraping kapribaden sawijining pawongan dilairake maneh, sawuse ngalami hijrah saka pepeteng, nu­li tumuju marang swasana padhang njing­glang. Contone kaya sing dialami dening Umar Ibnu Khaththab. Sadurunge, dhe­weke iku antisipasi marang Agama Islam. Nanging sawuse atine binuka sarta pikan­tuk hidayah saka ngarsaning Allah, Dzat Kang Hamurbeng Dumadi, dheweke nuli dadi sahabate Njeng Nabi Muhammad saw. uga minangka dadi mara sepuhe Njeng Nabi. Hiya wiwit iku dheweke sa­nepane pindha wus nemokake urip anyar, minang­ka kelairane. Iku tegese, saduru­nge, dhe­weke ingkar marang ajaran Allah, wusana dheweke dadi muslim sejati. Kemantep­an­ing risalah tauhid sing dira­sakake lan dihayati dening Umar Ibnu Khath­thab, ora mung tekan semono, sa­engga Rasulullah kepareng paring dha­wuh, saupama sa­wuse Rasulullah ana Nabi maneh, yaiku Umar wong sing pantes.

 

f. Tausiyah (nasehat) leluhur.

Tausiyah utawa nasehat saka leluhur ing kene, sing dimaksudake yaiku tausiyah saka panjenengane Sri Mangkunegara IV, kang tinulis ana ing Serat Wulang Reh, ana ing pupuh Mijil, maringi isyarat (ram­bu-rambu) babagan panguripaning ma­nungsa, ana ing tembang (pupuh) Mijil, mangkene:

“Poma kaki padha dipun elingo, pitutur engong, sira iku satriya arane, kudu an­teng jatmika ing budi, ruruh sarta wasis samubarangipun”. Mangkene maksude: Sri Mangkunegara IV nglairake (meng­eks­presi­kan) kekudangan putra-putrine, su­paya mbesuk bisoa dadi sawijining sa­triya utawa putra-putri kang shaleh lan shale­hah, migunani marang agama, nusa lan bangsa. Kabeh mau ing pangangkah bisoa ndarbeni akhlak kang mulya (akhla­qul karimah), jiwa kang luhur, anteng jat­mi­ka ing budi, anteng mibawani, lan ora akeh tingkah sarta ruruh (andhap asor), lan wasis, pinter, cerdhas dalah tram­pil aneng  samubarang kalir. Miturut wawasan  lelu­hur, sing karan satriya iku bisa digambar­ake (disanepakake) ana ing tembang (pu­puh) Dhandhanggula, mang­kene:

“Caritane satriya linuwih, ingkang mar­di mring ing reh kautaman, tan ken­dhat ing pangethine, nggayuh ayuning kayun, amemayu harjaning Bumi, pinesu tapabrata, jejering panggayuh, nggayuh wahyuning kamulyan, tarlen saking susila tresna lan adil, marang saisining rat.”

Maksude mangkene: Crita tumraping satriya linuwih (manungsa utama), ma­nungsa kang shaleh tansah ikhtiyar ngu­padi marang kebecikan (amal shaleh), ka­ya ora nate lerening pangudi marang  ke­bagusan, yaiku amemayu hayuning Bu­mi. Tegese, tansah nglestarekake kesla­metaning Bumi. Iku mujudake tumindak kang susila (santun) sarta dhemen lan adil ing panguripan. Yen dirasakake, pu­puh Dhandhanggula iku miturut wawasan Islam kapadan (identik) karo “fastabiqul khairaat” maksude lelumban nindakake amal sing becik (amal shaleh). Dene sa­triya miturut wawasan leluhur kita, iku ndarbeni jejibahan kang ginelung panca (limang) prakara:

(a) Asung pangayoman marang sa­padha-padhaning titah.

(b) Rumeksa marang rahayuning pra­ja, Bumi kelairan.

(c) Tresna bangsa, welas sarta asih, mangawula dasih.

(d) Setiya ing janji, nuhoni sabda kang wus kawedhar.

(e) Tundhuk ing bebener, adhedha­sar rasa adil. Kaya kang wus katur ing ndhuwur, miturut wawasan syar’i satriya iku kapadhan (identik) karo anak kang shaleh sing ndarbeni tandha-tandha (ciri-ciri): (a) Tulus atine, jujur sarta suci. (b) Mulur akale (cerdas), pinter lan trampil. (c) Ndarbeni kekendelan lelandhesan krana tawakkal marang Allah, Dzat Kang Akarya Jagad Raya.

Mangkono mau kekudangane wong tuwa marang putra-putrane, sing makna­ne tansah sumendhe (taslim) marang ngarsaning Allah, Dzat Kang Hamurbeng Jagad Raya dalah sak isine iki.

 

2. Tataran Pupuh Sinom:

a). Tataran sinom iki mujudake tata­ran uriping manungsa, nalika wus ngancik utawa tumapak masa remaja (karang taruna). Tembang (pupuh) Sinom iki ndar­beni pepadhan (identik) karo tembung nom-noman utawa enom. Tegese, iku nggambarake bocak enom sing nalare wus tuwuh, nanging emosine durung mapan (stabil). Yen nindakake samuba­rang, uger wani (keladuk ani kurang du­ga). Ora mikir akibate ing tembe mburine. Miturut Emha Ainun Najib (budayawan), babagan iki ana sambung rapete karo kandhutan Q.S.Al-Fatehah ayat 2, sing lafadze: “Alhamdulillahi rabbil ‘alamiin, sekabehing pangalembana iku kagungane Allah.Iku kapadhan (identik) karo tataran Sinom, yaiku umur 11-20 taun.Tataran bocah umur samene iki, mujudake wektu paling nyenengake ati, sing paling endah. Dene makna sekabehing pangalembana iku kagungane Allah, miturut Cak Nun, yen digandhengake karo umure bocah remaja (kanoman) ing panguripan pa­dinan, sifate kumratu-ratu. Tegese, sa­mubarang iku dadi darbeke (didhaku). Lha ing tataran iki, wong tuwa diajab ndarbeni kawigaten marang putra-pu­trine. Coba dipriksani ana ing berita-berita medhia cetak lan informasi sing ditayang­ake ana ing medhia elektronik (Televisi), ora sethithik kedadeyan kang banget nggegirisi, kenakalan remaja, kecanduan narkotika, obat-obat kang dilarang, inu­man-inuman keras oplosan, cecongkrah­an massal antara para pelajar lan trek-trekan sarta balapan mobil urakan lan liya-liyane. Kabeh kahanan kang kaya mangkono mau, ora liya krana kurang kawi­gateni wong tuwane marang putra-putrine. Sing njalari antara liya yaiku krana wong tuwane sibuk urusane (nindakake) bisnis, krana urusan dinas ing kantore, sibuk dinas ana ing jaban tlatah lan liya-liyane. Lha apa maneh tumraping wong tuwa sing urusan rumah tanggane (be­bra­yane) ngalami reribet (broken home), sing njalari anak-anak saya bawera ngudi tumindak sing ora samesthine, ngetutake kridhane nefsune ing papan liya (diluar  rumah), krana wong tuwane ora ndarbeni kawigaten babar pisan marang putra-pu­trine. Ana pitakonan, hiya gene fenomena kang kaya mangkono mau dumadi?

Kaya kang wus kinaweruhan, miturut ilmu psikologi, wektu/masa tuwuh ngrem­bakane (perkembangan)anak usia welasan taun iku, mujudake masa puber kapisan, saengga ngalami masa transisi. Hiya ing wektu iku kerep dumadi nefsu sing ngedab-edabi (menggelora), gam­pang kena  pengaruh samubarang  kanga njalari anak tumindak sing nasar saka pa­ugeran syar’i utamane nalisir saka pa­ugeraning Negara. Kamangka samesthi­ne anak jinurung (didorong) ngupadi ilmu sarta sinau kang mempeng. Sebabe anak usia semono iku ndarbeni kepekaan (sensitive) kang mirunggan (utama), kango ngupadi ilmu pengetahuan.

Bisa dipriksani akibate, tumraping anak-anak kang tumindak kebablasen, yaiku nerak angger-anggering syar’i lan paugeraning Negara, ora sethithik kang padha kataman penyakit sipilis, raja singa (HIV).Tumraping anak wadon uga ora sethithik kang ngalami mbobot  (mengan­dung) sadurunge nikah. (Naudzu  billah­min dzalik). Mula saka iku tumraping re­maja sing bener-bener durung kebacut kena/kataman pengaruhe globalisasi, di­ajap para wong tuwa aweh kawigaten kang mirunggan, ngawasi sarta asung rasa welas sarta asih marang putra-pu­trine, supaya slamet ora kataman bebaya sing bakal ngrusak uripe. Ing kasus ba­bagan iki biasane para leluhur ngarani diculake endhase, digondheli buntute. Gamblange, tumraping para remaja iku pinaringan kebebasan (kamardikan) ing sajeroning nglairake (mengekspresikan) pilihan uripe, minat, bakat, sarta potensi­ne, nanging wong tuwa tetep ngawasi sarta paring bimbingan pituduh kang be­ner lan pener (shiraathal mustaqiim). Miturut Ki Hajar Dewantara pakarti wong tuwa kang kaya mangkono ateges tut wuri handayani. (Ana candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor