Kidung Perenging Dieng (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 182 kali

“Om Swasti Astu. Muga kanugrahan peparinge Hyang Widhi kaluberake sumrambah marang kabeh kang nindakake puja bhakti lan semedi aneng pelataran Candhi Dieng dina iki. Muga kasarasan lan kabagyan tansah sinandhang kawula Mataram sakukuban. Ingsun Rake Panangkaran, jejering raja ing bumi Mataram tansah njurung mring kautaman, utamane napaki warsa enggal ninggalake dina-dina kang wus kawuri. Mapag jagad anyar kang kebak pengarep-arep anggayuh urip bagya mulya,” pangandikane Sri Maha Prabhu Rake Panangkaran.

“Dina iki ingsun bakal paring wewarah mring kabeh kawula Mataram kanggo anggayuh kaluhuran, yaiku piwulang Sapta Marga. Sapta Marga iku mujudake dalan keslametan cacah pitu kang sinebut kasuran, kagunan, kabegjan, kabrayan, kasinggihan, kayuswan, lan kawidagdan. Kasuran teges kewanen. Urip iku urub. Yen murub tegese wani. Wong kang wani  kudu duwe sangu. Sangune wong ngaurip mawarna-warna, klebu kaprigelan lan ketrampilan napaki panguripan. Mula wong kudu duwe kagunan. Kabeh kawulaku ing Mataram kudu isin lamun uripe tanpa piguna. Sabisa-bisa kudu duwe kagunan, upamane ing olah tetanen, misaya mina, mangun omah, ngukir candhi, gawe gupala, ngreronce sastra lan sapanunggalane. Den taberi anggonira padha sinau awit wong taberi bakal murakabi.

Yen wus kadunungan kasuran lan kagunan, sabanjure ngajab muga kapanggonan kabegjan. Tembung begja nora ateges teka tanpa taha-taha. Beja ora tinemu ing pinggiring marga. Kabegjan mono bakal cumondhok mring wong kang ngudi kasuran lan kagunan. Ora ana caritane wong thenguk-thenguk nemu gethuk. Kang bener, kanthi mbudidaya bejane bakal tumeka. Yen lumuh mbudidaya tangeh nemu dalane mulya. Mula aja ngimpi bisa ngrasakake urip mulya lamun nora tau makarya kanthi migunakake kabeh daya lan tenaga.

Sabanjure, sajrone urip iki sira kudu ngupadi kabrayan, tegese mersudi ing bebrayan. Mangun bale wisma, mranata kulawarga dadya jejibahan mulya minangka titahing jawata. Lamun bisa kagungan bebrayan agung iku prayoga. Nanging lamun nora bisa, becik marsudi kulawarga kang ana kanggo mujudake kabagyane bebrayan. Yen wus mangkono, nyata sira kabeh wus jumangkah tumuju ing kasinggihan, tegese uripira katujokake kanggo anggayuh kaluhuran.

Sateruse, anyenyuwun mring dewa, muga kita kabeh bisa anggayuh kayuswan, tegese kaparingan yuswa kang dawa. Lamun sira kaparingan yuswa panjang, kudu dengunakake kanggo ngudi kautaman. Aja suwalike, kaparingan yuswa panjang malah kanggo laku nistha agawe kapitunan lan kasangsarane liyan. Kang ngono iku nyata dadi kamurkan  kang mahanani para dewa paring bebendu mring kita kabeh.

Sing pungkasan, mungguh wong urip ing ngarcapada iku nora………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik