Rebo Wekasan Masyarakat Osing
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 167 kali

Rebo wekasan padha karo Rebo pungkasan utawa Rebo entek-entekan. Sing dimaksud entek-entekan ing kene, senajan dhuwite entek isih panggah ngleksanakake upacara adat iki. Kang nindakake kegiatan iki yaiku warga masyarakat Osing kang mapan ing Kecamatan Banyuwangi Kota, Kabar, Glagah, Cluring, Srana, Singojuruh, Senggon, Giri, Rogojampi, lan Genteng. Ing dhaerah kasebut saliyane nggunakake basa Osing, uga diprangguli ora kurang saka 24 jinis kesenian rakyat. Kesenian rakyat kang paling populer kanthi ciri khas budaya lokal yaiku seni Damar Ulan, Angklung Caruk, Barong Gembrung, Gendrung, Jaran Buta, Patrol lan Prabulara/Rengganis.

Blambangan uga nate dikuasai Bali (Kerajaan Buleleng). Sadurunge Indonesia dijajah Walanda, wis atusan taun perkebunan-perkebunan dikuasai Inggris. Latar belakang sejarah kasebut nekakake residu (sisa peninggalan budaya lawas) ing basa Osing. Tuladhane tembung basa Inggris “no good” mlebu ing basa Osing dadi “nagud” (ora becik), tembung “so long” dadi “sulung” ing ateges biyen, luwih dhisik utawa “Jw. Dhisik”. Ing cecaturan saben ndinane uga diprangguli kosa kata basa Bali, tuladhane: bojog tegese kethek sing wulune putih, suwung (suung) tegese sapi, sepi, kosong, sareg tegese anak kunci. Nyereg lawang tegese mbukak kunci lawang.

Basa Osing kenal sistem ujaran (ucapan) kang khas, yaiku tembung-tembung kang didhisiki konsonan (B, D, G) asring diwenehi sisipan (Y). tuladhane, kosa kata abang ucapane abyang, abah dadi abyah, kondhang dadi kondhyang, lsp. Sistem ujarang liyane yaiku tembung-tembung sing pungkasane uni i diucapake ai, lan uni u diucapake au. Tuladhane, Banyuwangi diucapake Banyuwangi, guru diucapake gurau, lsp. Saliyane iku uga diprangguli singkatan kelompok tembung. Tuladhane, arep weruh diucapake apruha (pengin weruh), para endane diucapake prandene (menyang endi lungane), lsp.

Kanthi jlentrehan singkat bab latar belakang sejarah, budaya lan basa ing dhuwur, bisa dititik warisan leluhure arupa maneka upacara adat utawa tradhisi wong Osing. Salah siji ing antarane sing arep penulis aturake ing kene yaiku “tradhisi tolak balak upacara adat Rebo Wekasan”. Tradhisi iki asale saka Desa Kemiran, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi.

Ing basa Osing tembung tolak tegese ngusir, balak tegese maneka musibah, tantangan urip, kesengsaraan, lan sajinise. Dadi sing dimaksud tolak balak yaiku cara masyarakat Osing sacara tradhisional nolak adoh-adoh maneka jinis musibah sing ora dikarepake.

Mula saka iku masyarakat Osing kudu ngleksanakake upacara adat Rebo Wekasan, upacara adat iki dileksanakake kanthi maksud kanggo menehi sesaji marang roh alus kang njaga sumber banyu, yaiku Nabi Khidir lan banyu Perusahaan Air Minum diwenehi sesaji.

Upacara dileksanakake dina Rebo pungkasan dina Rebo pungkasan wulan sapar, ing dina kasebut masyarakat Osing ora oleh njupuk banyu saka kabeh sumber banyu. Ing upacara Rebo Wekasan, perlengkapan sesaji kang kudu ana yaiku sega golong, jajan pasar, pecel ramban/serakat, jenang abang-putih, lan menyan.

Sega golong digawe saka beras, ing njerone diwenehi iwak lan daging, endhog lan sambel lan dibungkus nganggo godhong gedhang. Jajan pasar dumadi saka maneka jinis panganan pasar kaya ta rengginang, nagasari, kripik, lsp. Pecel ramban digawe saka maneka macem sayur.

Upacara diwiwiti Rebo esuk sadurunge srengenge mlethek, para ibu nyiapake sesaji lan dibacutake kanthi maca donga dipimpin kepala rumah tangga. Sawise maca donga sesaji digawa menyang sumber-sumber banyu. Upacara iki dimaksudake minangka upaya kanggo ngedohake warga saka pangamuke kang nunggu sumber banyu, roh alus kang njaga sumber banyu bisa dadi kanca utawa mungsuh. Yen ora diwenehi sesaji utawa pangurmata arupa ritual, mula roh alus kasebut dipercaya bakal nyebar bencana.

Ritual iki ana sambung rapete karo kapitayan yen dina Rebo pungkasan ing wulan Sapar yaiku dina kang kebak mara bahaya, masyarakat niliki papan-papan sepi kanggo ngrenung. Prosesi diwiwiti kanthi maca donga bebarengan dipimpin dening kyai, lan dibacutake kanthi nglarung sesaji dening para penari Gandrung ing Selat Bali, ditutake sawetara prau kang wis dihias. Kanggo dhaerah kang adoh saka pesisir, ritual dileksanakake ing sumber banyu kali.

(Budiono MG)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik