Tapel Jaran Kanggo Tulak Balak ing Kirab Sedhekah Bumi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 71 kali

Saben taun bangsa lan Negara Indonesia mengeti dina kamardikan kang tumiba tanggal pitulas Agustus. Anggone mujudake rasa syukur ora cukup amung saka lathi, nanging kudu ana tumindhak nyata anggone ngucapake rasa syukur marang Gusti. Kamardikan kang di tampa bangsa Indonesia ora diasilake saka tinemu lan kawelasane bangsa penjajah, nanging lewat perjuangan dawa para pejuang kang lila ngorbanake nyawa kanggo nggayuh kamardikan. Awit saka iku, perjuangane para pahlawan sasuwene atusan taun aja nganti disia siakake. Persatuan lan kesatuan bangsa aja nganti pecah amarga beda sesawa­ngan politik.

Bangsa Indonesia kudu bersatu, bangsa Indonesia adhedhasar UUD 45 lan Pancasila kanggo menehi pranatan lan lelandesan maneka werna ke­ya­kinan. Bangsa Indonesia nduwe­ni omah kebhinnekaan minangka wadhah maneka werna adat buda­ya Nusantara. Mengeti dina ka­mar­dikan pitulas Agustus, kam­pung kampung padha nganakake maneke werna lomba lan pentas seni budaya. Salah sijine giat seni budaya mengeti dina kamardikan dileksanakake ana ing lingkungan keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

Warga masyarakat sakiwa tengene Kraton ing Baluwarti pa­dha ngleksanakake tradhisi Kirab Ban­cakan lan Sedhekah Bumi, kanggo me­ngeti wujud rasa syukur marang Gusti ing dina kamardikan lan sedhekah bumi ngidung panulak bala. Acara tradhisi kang di leksanakake saben taun iki, ngancik kaping lima dienengake warga. Kekarepane, minangka wujud nyata rasa syukur marang Gusti. Akeh pawongan bisa ngocapake rasa syukur, nanging rasa syukur kang dileksanakake bebare­ngan menehi sedhekah ora saben pa­wongan bisa nindakake.

Miturut, Agus Triyono, minangka pa­ngarsa panitia kirab bancakan lan sedhe­kah bumi nerangake, ngocapake rasa syukur kudu bebarengan klawan ihklas. Ihklas ora mung ngetokake dhuwit lan tenaga, nanging wektu lan sapanungga­lane. Tradhisi kirab bancakan nduweni makna wilujengan, sedhekah tumrap keselamatan kang uwis diparingake Gusti ing dina kamardikan. Keselametan ora mung kanggo warga ana ing weweng­kon Kraton Kasunanan Surakarta, na­nging sacara umum kanggo warga ma­syarakat kutha Solo lan bangsa Negara Indonesia sakabehe.

Ora cukup anggone ngetokake dhu­wit, tenaga lan wektu kanggo sedhekah sinandhingake klawan berkah keselame­tan kang di paringake Gusti marang warga. Keselametan ora mung ana ing bebrayan agung, nanging uga keselame­tane akherat. Kaya ngene iki pandongane warga marang Gusti Allah. Gunungan sega bancakan, sega kuning, sesaji pala­wija kang dikirabake, siji lan sijine ndu­weni makna luhur ana ing kekarepane.

Sega bancakan isi urapan dikarepake minangka symbol bebrayan ageng. Mawerna lelakon urip ana ing janganan urapan. Werna tetanen ijo, abang, kuning, putih, ireng minangka ujube sedulur papat lima pancer kang ana ing bebrayan. Papat lima pancer bakal sirna yen manungsa wangsul menyang ka­sidan jati. Symbol pawujudan ma­nungsa lan kabeh lelakone ing bebrayan nduweni kuwajiban tansah manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad.

“Kang nggawe abang ijone jagat lan isine, kang gawe tentrem lan ayeme urip, kang gawe bungah lan susahe manungsa. Kabeh lelakon kudu dilakoni,“ ujare Agus ana babarane sesaji.

Agus nambahake, gunungan sega bancakan dijupuk saka makna tumpal utawa meru. Ing tetilasan jaman Hindu akeh wewangunan awujud meru. We­wa­ngunan meru biasane digunakake kang­go sembahyang manembah ma­rang Gusti. Mula ing sisih nduwur sega bancakan diwenehi brambang Lombok, minangka symbol panguwasane pange­ran kang menehi werna tetanen. Tampah wadhah tetanen nduweni makna, jagad bebrayan iku mawujud globe.

Ana ing encek pangusung sega bancakan diwenehi tapel jaran minangka pagere urip, pager keselametane ma­nungsa. Wesi handayani karosan, dadi tameng urip minangka srana panulak balak. Mula saka iku akeh kaprecayan ana ing masyarakat Jawa, tapel jaran bisa kanggo balikake bebaya kang neneka ora katon, mligine balak lan sawan. Ka­precayan iki dudu ta­hayul, nanging wong Jawa di wenehi pa­sinaon rasa ana ing hakikate tapel jaran.

Encek sega ban­cakan diusung pa­wongan cacah papat nduweni makna, urip iku kudu bisa nin­dakake gotong ro­yong. Pakaryan kang abot dadi entheng yen di tindakake bebarengan. Kaya dene filosofi meja, yen ilang sikile siji bakal ambruk ora nduweni daya kekuwatan. Iring iringan kirab bancakan diwiwiti saka ndalem Suryo­hamijayan, pendhapa agung tetilasane trah Gusti Suryo­hamijaya ing Kraton Kasunanan Sura­karta Hadiningrat.

Mapan sak ngarepe sega gunu­ngan bancakan, payung janur lan songsong padupan. Songsong padu­pan nduweni makna dalan uripe ma­nungsa kudu tansah wewangi. We­wangi tumindhake, wewangi watake, wewangi keka­repane saengga bisa dadi manungsa luhur ing tembe mburine. Sak mburine songsong padupan, ana warga kang nggawa songsong janur. Makna keka­re­pane, manungsa kang bisa nglakoni urip luhur temtu bakal entuk ka­payu­ngane Gusti Kang Maha Agung. Entuk nur cahyane Gusti sing digawa manungsa nalika manung­sa sepisan ditulis ana ing kitab pa­ngu­ripane jagat tini­tah urip.

Sak mburine songsong  janur ka­susul gunungan sega bancakan, uba rampe pala pendhem, tetanen palawija lan asil bumi liyane. Pung­kasane iring iringan sesaji ana ing mburine pagu­yuban santi swa­ra, kang padha nembangake gendhing kidung panulak.  Iring iringan kirab bancakan ora kaya kirab  budaya kang umum satengahing masyarakat, nanging kirab bancakan nduweni makna luhur wiwit saka asile tetanan lan sedhekah kang digawa, tumeka urut urutane kirab kabeh nduweni makna lan symbol filsafat.

Sacara umum kirab sedhekah ban­cakan bisa dikandhakake gegambaran anggone manungsa urip bebrayan ana ing alam ndonya. Wiwit saka lair, ngancik remaja, dewasa nganti tumeka pati di­simbolake ana ing kirab bancakan. Makna iki kang ditandesake dening warga anggone gotong royong ngleksanakake kirab bancakan lan sedekah bumi.

“Kirab mubengi kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat,”  ujare pangarsa kirab bancakan.

Jamak lumrah kaprecayan masya­rakat Jawa, nalika iring iringan kirab mlaku, akeh warga ngalap berkah nyenyuwun apa kang dadi hajate bisa asil. Sing nduweni pakaryan bakul bisa laris dodolane, sing nduweni usaha catering ajeg payu, sing lungguh ana kantor bisa munggah kalungguhane  lan derajate. Kanyata akeh warga entuk berkah kemurahan saka Gusti nalika melu sedhekah lan kirab. Iring iringan kirab bancakan mlaku muteri kraton nduweni makna, urip menyang bebra­yan ageng iku nyakra manggilingan.

Kawiwitan saka dititahake dening Gusti, ing tembe uga bakal balik menyang kang tinitah. Ana awan ana bengi, ana esuk ana sore, ana seneng ana sedhih, ana ireng ana putih, mangka kasunyatane urip iku werna loro. Nalika panandang susah, sejatine ana hikmah lan hidayah kang di paringake Gusti me­nyang manungsa. Gusti ora bakal me­nehi pacoban urip marang manungsa, yen manungsa ora kuwat nampani pacoban. Lelakon kang ndadekake manungsa ora kuwat ngelakoni jalaran ragane diobahake dening nepsu, sa­engga anane kemrungsung, pedhot pangarepane lan getun.

Purnane iring iringan kirab, maneka­werna sesaji diandumake dening warga menyang para pawongan kang padha neneka mirsani. Andum sega bancakan minangka sedhekah marang liyan, mak­nane, nuwuhake rasa eklas, njembar­ake rejeki, njembarake dalane pati para leluhur lan bisa nulak sakataheng beba­ya. Rampung kirab bancakan dileksanak­ake, warga banjur ngleksanakake tra­dhisi sedhekah bumi. Kandhane  Triyono, tradhisi sedhekah bumi minang­ka wujud syukur warga marang alam. Bumi kang menehi penguripan lewat asile tetanen, sumber banyu lan pangan.

Hakikat sedhekah bumi bisa ngeli­ngake manungsa kelawan leluhur, eling menawa urip iku ora ana kang kabegjan amarga kabeh uwis diatur dening Gusti.  Warga masyarakat di elingake marang keselametane urip. Keselametan kang di paringake Gusti menyang manungsa kudu tansah di syukuri. Sesaji sedhekah kang dietokake kanggo muji marang Gusti durung cukup yen ditandhingake kelawan berkah keselametan kang di­tampa dening manungsa saka paringane Gusti. Nanging temtu wae Gusti ora nuntut klawan titahe kanggo mbales keselametan kang diwenehake. Ana ing kitab suci, Gusti Allah njaluk manungsa taqwa, ngedohi larangane lan turut apa kang dadi parentahe.

“Ana rerangken sesaji ing sedhekah bumi antarane, sega wuduk, sega golong lan sega giling,” kandhane Agus nambahi katerangane.

Sega wuduk rasane gurih, amarga diolah nganggo santen. Komplitane dhele, empon empon, krupuk abang, sambel goreng, gereh, kenthang, kinang suruh ayu. Siji lan sijine nduweni makna, anggone manungsa sesuci. Sega wuduk  kasebut uga sega rasulan, amarga kaprecaya dadi dedaharane karemenane rasul. Kinang suruh ayu nduweni makna zat rasa kang ana kinang cacah lima: sepet, asin, legi, kecut lan getir. Kalimane minangkani symbol rukun islam kang di ajarke rasul marang umate.

Sega golong, sega kang digawe pawujudane bunder utawa golong sa­kem­baran nduweni makna, ati kang tansah gumolong. Golong gilik nyawiji ora ana bedane, mula sega golong disa­jikake sepasang minangka symbol sakembaran niat kekarepan golong gilik. Sesaji liya kang ana sedhekah bumi yaiku sega giling.

Pawujudane dipenak dibuntel go­dhong gedhang, ditekuk ana sisih pinggir pinggire. Sega giling minangka sedhekah marang leluhur. Makna kekarepane, manungsa kudu tansah eling menyang sejarah. Eling marang leluhur kang uwis ngasilake kabudayan peradaban, saengga pawongan sakiki bisa ngrasak­ake tetilasane. Gedhang setangkep, lenga wangi, kambil ijo minangka symbol bebrayan kang cecaketan karana rahmate Gusti temtu bisa gawe arume nagari. Ndadekake makmure praja, sentosane bangsa.

Tradhisi kirab bancakan lan sedhekah bumi kang dileksanakake saben taun dening warga Baluwarti  miturut katera­ngane Lestanto minangka staf ahli pa­ngarsa Dinas Pariwisata Kutha Solo kang rawuh nglepas iring iringan kirab, bisa dadi potensi wisata unggulan kearifan local. Apa maneh mapan ana sakiwa tengene kraton. Akeh pawongan mangerteni kraton minangka punjering budaya bangsa, mula saka iku tradhisi bancakan lan sedhekah bumi bisa dadi potensi wisata unggulan. Panyengku­yung Pemerintah Kota Solo temtu wae di antu antu dening warga amrih bisa nuwuhake semangat kerja lan gotong royong.

“Tradisi kirab bancakan nduweni makna luhur sarta kudu dilestariake, amrih bisa ngraketake warga masya­rakat liwat kabudayan,”  ujare nutup katerangane.

(Mas Djoko)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae