Gegambaran Tokoh Gajah Mada Ing Karya Sastra (2-Tamat):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 25 kali

Panggedhe Kang Kebak Pangreka Daya

5). Figur Gajah Mada ing Hikayat Banjar.

Hikayat Banjar mujudake karya sastra Melayu kang asline sesirah “Carita Raja Banjar Dan Para Raja Kota Waringin”. Hikayat Banjar nyritakake tradhisi sejarah Krajan Melayu ing Kalimantan Tenggara (Krajan Negara Dipa) engga taun 1860. Ora dimangerteni sapa penulise lan kapan anggone nulis. Dene kang minangka bahan pembahasan ing tulisan iki yaiku Hikayat Banjar disertasi JJ. Ras taun 1968 kanthi judhul “A Study In Malay Historiography The Hague”.

Ing cathetan kasebut Hikayat Banjar dibage dadi 17 bab. Dene figur Patih Gajah Mada ora kedhapuk minangka paraga utama, saengga ora akeh disebut-sebut. Nanging dumadine sesambungan antarane Krajan Negara Dipa lan Krajan Majapahit, jeneng Gajah Mada cukup ndudut kawigaten. Ing episode iki dipratelakake yen kawicaksanane Krajan Majapahit ditemtokake dening raja. Sabanjure figur Gajah Mada ing Hikayat Banjar digambarake:

a. Minangka Wakil Raja kang kudu dihubungi luwih dhisik kanggo nampung sakehing perkara, sadurunge ngadhep Raja kanggo urusan nagara (kaca 6.2:296)

b. Minangka pelaksana parentah Raja (kaca 6.2:298)

c. Ora tau gigrig nalika ngadhepi tamu saka nagara njaba. Nanging nalika ngadhepi Lambung Mangkurat, Gajah Mada digambarake rumangsa was lan kuwatir, kaya dene Sang Prabu Majapahit uga (kaca 6.2:298).

d. Minangka kapitayane Raja ing babagan nanggapi tamu. Gajah Mada uga digambarake minangka pejabat sugih, saengga tamu-tamu kang ditampa ing daleme ora bakal kurang sawiji apa (kaca 6.3:304).

 

6). Figur Gajah Mada ing Hikayat Hang Tuah.

Hikayat Hang Tuah mujudake karya sastra Melayu kang diteksir ditulis ing abad 17 M (sawise taun 1614 nanging sadurunge 1726). Kanggo mbahas figur Gajah Mada ing Hikayat Hang Tuah digunakake buku Hikayat Hang Tuah edisi Kassim Ahmad taun 1964. Babaran iki dianggep kang paling mutakhir katandhing karo Hikayat Hang Tuah liyane (kayata Shellabear taun 1908 lan Balai Pustaka taun 1948). (Cathetan: Miturut Kassim Ahmad ing buku “Hikayat Hang Tuah” kaca 498, Gajah Mada mujudake Mahapatih Majapahit kang paling misuwur saka taun 1331 tekan 1364 M).

Buku Hikayat Hang Tuah kaperang dadi 28 bab. Ing buku iki figur Gajah Mada ora mujudake paraga utama, sanajan dhapukane cukup lumayan gedhe. Yaiku ing saweneh episode nalika dumadi sesambungan antarane Negara Malaka karo Negara Majapahit. Ing crita iki Gajah Mada disawang minangka paraga antagonis (ala) kang adhep-adhepan karo tokoh utama ing crita iki, yaiku Hang Tuah. Figur Gajah Mada ing Hikayat Hang Tuah iku sacara singkat digambarake minangka:

a. Pawongan (pejabat) kang kenceng kekarepane. Apa sing dikarepake kudu karengkuh kanthi cara sing kepriye bae (kaca 3:53)

b. Menteri agung lan tansah waspada kanggo ngrengkuh kawi-caksanane nagara (kaca 5:95-97).

c. Papan tumrap pertimbange Raja. Gajah Mada banget merbawani, kabeh pratikel lan usule disarujuki Raja (kaca 5 :97 -99).

d. Pejabat dipasrahi tanggung jawab kanggo nampa tamu (kaca 5: 102).

e. Pawongan (prajurit) kang sugih akal lan licik. Marang wong-wong Malaka, Gajah Mada nindakake cara ‘nabok nyilih tangan’ (kaca 5:103, 6:116-122, 7:132-133).

 

Sawatara Rangkuman lan Kesimpulan

 Figur Gajah Mada kang digambarake dening 6 (enem) karya sastra Indonesia ing jaman lawas iku tetela ngasilake gegambarane paraga Gajah Mada kang nyungulake marang watak-watake Gajah Mada. Watake Gajah Mada ing karya sastra kasebut ana kang sairib (padha), nanging ana uga kang ungkur-ungkuran antarane siji lan sijine.

Mungguh gegambaran umum tumrap figur Gajah Mada, yaiku sawijining mahapatih saka Negara Majapahit kang wicaksana lan duwe pangaribawa gedhe. Kanthi kawicaksanan minangka negarawan, Gajah Mada nelukake dhaerah-dhaerah ing Nusantara. Gajah Mada uga banget misuwur, saengga jeneng Gajah Mada iku. kadidene dadi jeneng umum tumrap patih ing Majapahit. Bab iki kabukten kanthi disebute jeneng Gajah Mada minangka tokoh kang duwe dhapukan wigati dening penulis Hikayat Banjar lan Hikayat Hang Tuah kang lelorone tunggal sajaman karo tokoh-tokoh liyane kang kadhapuk ing karya sastra kasebut kang diteksir wis dianggit atusan taun lawase sawise Gajah Mada tinggal donya (“A Study In Malay Historiography The Hague”, JJ. Ras, 1968 lan “Hikayat Hang Tuah, Analisis Struktur Dan Fungsi Disertasi”, Sulastin Sutrisno, 1979).

Sanajan kamulyane figur Gajah Mada iku ora kagambarake kanthi eksplisit (gamblang), nanging pengarang liyane kayata penulis Negarakrtagama lan Pararaton nggambarake, sawise Gajah Mada pancal donya, jabatan patih lowong nganti 3 taun. Bab iki bisa dijupuk dudutan yen Gajah Mada minangka pawongan kang nyekel jabatan patih nganti mataun-taun iku tetela angel digoleki gantine.

Ing Kidung Sunda, Gajah Mada digambarake minangka mahapatih kang banget nemtokake sakehing kawicaksane Raja. Gajah Mada bisa ngowahi kekarepan lan keputusane Raja, sarta nindakake kawicaksanan Negara kanthi cara prasaja lan tanpa nggagas marang rasa pangrasane Raja. Mangkono uga ing Hikayat Banjar, Gajah Mada digambarake minangka mahapatih kang dadi badal wakile Ratu. Kabeh urusan kudu liwat Gajah Mada. Manawa Raja nemtokake sawenehing perkara, Gajah Mada kang tanggung­ jawab lan nandangi perkara kasebut. Dene ing Hikayat Hang Tuah, Gajah Mada digambarake minangka Mahamantri Agung kang ora bisa dianggep remeh marang apa kang dadi kekarepane.         

Ing Kakawin Gajah Mada, figur Gajah Mada digambarake minangka narapraja kang bekti lan setya marang Raja, sarta tumandang apa bae murih kaleksanan apa kang dadi dhawuhe Raja. Ing Nagarakrtagama, Gajah Mada uga digambarake minangka abdi kang bekti marang Rajane. Mangkono uga ing Pararaton. Mungguh ing Hikayat Hang Tuah, bekti lan setyane Gajah Mada marang Raja iku diwujudake kanthi cara apa bae, kalebu usaha arep merjaya Hang Tuah. Mula Gajah Mada dianggep pawongan (panggedhe) ala, culika lan ‘pulun’ (kebak pangreka-daya). Mungguh watake Gajah Mada liyane kang uga katon methungul, yaiku kekendelane minangka prajurit nalika maju ing rananggana. Bab kasebut kaya digambarake dening Pararaton lan Kidhung Sunda nalika dumadi prastawa Perang Bubat.    

Gegambaran marang watak-wantune Gajah Mada ing 6 (nem) karya sastra kasebut siji lan sijine ora padha, malah ana sing lelawanan. Sanajan ing “Kakawin Gajah Mada” paraga Gajah Mada disebut digjaya (Bali) utawa digdaya (Jawa), nanging nalika ngadhepi Kebo Wawira, patih Raja Bali kang sekti mandraguna, Gajah Mada pancen kasil mrejaya Kebo Wawira nanging kanthi pangreka daya. Saengga Gajah Mada dianggep minangka tokoh kang licik.

Dene ing “Kidhung Sunda”, bekti lan setyane Gajah Mada marang Raja iku kawujudake kanthi njejegake kawibawane Raja. Ing Kidung Sunda iku, Gajah Mada digambarake minangka tokoh “dwidimensional” utawa “round character” (tokoh ‘bunder’). Minangka tokoh “dwi-dimensional”, Gajah Mada nuduhake cara-cara anyar marang watake kang gawe ‘kejutan’ kanthi banget ngyakinake. Werdine, wong liya padha ora ngira yen tokoh agung kaya Gajah Mada iku tetela nglakoni perkara kang sacara umum ora bakal diarep-arep mungguh kelakone.

Nanging pengarang “Kidung Sunda” uga migunakake tokoh-tokoh liya saliyane Gajah Mada, saengga bisa ngilangi marang kesan (tabet) abot sesisih kanggo mbiji para         paraga ing Kidung Sunda kasebut, sanajan underaning perkara iki sejatine dumunung marang dhapukane Gajah Mada. Saka pehak Gajah Mada (Majapahit), Gajah Mada iku digambarake (dening para mentri Majapahit) minangka pawongan kang ala lan asor drajate. Sebab para mentri Majapahit ora paham marang kekarepane Gajah Mada kang dianggep ora tepung marang pri-kamanungsan. Upamane, tumindake Gajah Mada kang ngendheg kiriman pangan kanggo wong-wong Sunda kang teka ing Majapahit kanthi maksud ngraketake paseduluran. Dene saka pehak Sunda, Gajah Mada iku digambarake minangka wong kang seneng ngapusi lan pengkhianat kang licik.

Nanging gegambaran ala kasebut uga dinetralisir dening pengarang Kidhung Sunda liwat gajah Mada kang mratelakake yen bab iku mujudake kawicaksanane Praja Majapahit ing babagan politik Nusantara. Ing kene Gajah Mada digambarake minangka tokoh kang tanggap ing sasmita marang kawibawane Negara lan panguwasane Raja Majapahit. Malah pengarang Kidhung Sunda uga nyebutake kaluwihane Gajah Mada kang digambarake ing pada-pada pungkasan Kidhung Sundha kang banget kontradiktif (beda) karo gegambaran Gajah Mada ing Kidhung Sundha tulisan perangan ngarep.

Watak-watake Gajah Mada kang digambarake ing pada-pada pungkasan Kidhung Sunda iku kaya dene mbusak kabeh watak-watake Gajah Mada kang ora becik lan mung ngegungake kadonyan (materialis) iku. Malah Gajah Mada digambarake minangka pawongan kang wis tekan ing tataran panguripan kang dhuwur ing babagan karohanen, satemah Gajah Mada wis kuwawa nemtokake dhiri pribadine, kapan bakal ninggalake alam donya lan kapan mangkat menyang alam kelanggengan minangka panjelmane Bathara Wisnu.

Saka andharan kasebut, pranyata gegambaran paraga Gajah Mada dening para penulis karya sastra utawa saka pambijine masyarakat pemaos karya sastra, iku banget asipat relatif (ora mutlak, nisbi). Sebab sacara umum antarane siji lan sijine (penulis lan pemaos karya sastra) iku wis duwe sangu (niyat) lan panduga nalika nulis (ngarang) utawa nalika maca crita kasebut. Kajaba pengarang “Kakawin Gajah Mada” kang wis dimangerteni kanthi trawaca (saka analisis) yen njumput saka mapirang-pirang bahan tinulis (kayata: naskah, cathetan, teks) kanggo nganggit Kakawin Gajah Mada kasebut.

Nanging analis (Dr. Partini Sardjono Pr) ora mangerteni, apa pengarang tumrap limang karya sastra (Nagarakrtagama, Pararaton, Kidhung Sunda, Hikayat Banjar, lan Hikayat Hang Tuah) iku migunakake acuan bahan tulisan liyane bab “Gajah Mada” apa ora? Mung sing cetha mungguh penganggit tulisan 5 karya sastra iku wis duweni persepsi (penganggep) tartamtu ngenani figur Gajah Mada kang wis disuntak ing asil karyane para penganggit karya sastra kasebut.

Minangka conto, yaiku: Proses hasil presepsi figur Gajah Mada dening para penganggit limang karya sastra saka jaman kawuri iku katandhingake karo asil persepsi penganggit “Kakawin Gajah Mada” (Ida Cokorda Ngurah) lan pengarang buku “Gajah Mada, Pahlawan Persatuan Nusantara” (Muhammad Yamin) ing abad 20.

Pengarang loro (Ida Cokorda Ngurah lan Muhammad Yamin) iku migunakake sakehing bahan tulisan kang beda, uga ana kang padha, saka abad-abad kawuri. Bahan-bahan tulisan iku nuli dilaras lan dicocogake karo ancas lan fungsine karya sastra iku dhewe-dhewe. Ing naskah “Kakawin Gajah Mada” (Ida Cokorda Ngurah) katon ing ‘manggala’ (bait-bait ing kakawin), dene ing buku “Gajah Mada, Pahlawan Persatuan Nusantara” (Muhammad Yamin) katon ing irah-irah (judhul) buku kasebut.

Ida Cokorda Ngurah uga nenambahi, ngowahi utawa ngurangi teks-teks saka bahan tulisan kasebut banjur dilarasake karo tujuwan penulisan kang wujud kakawin (puisi tradhisional), dene Muhammad Yamin katon saperangan gedhe njumput saka perangan­-perangan teks-teks acuan ngenani Gajah Mada kang ana sambung-rapete karo babagan “nelukake krajan-krajan liyane ing Nusantara ing bawah panguwasane Krajan Majapahit’ bae, cocog karo judhul karangane. (“Gajah Mada, Pahlawan Persatuan Nusantara”, Muhamad Yamin, Jakarta, 1960).

Beda panemu ngenani asal-usule Gajah Mada ing naskah “Kakawin Gajah Mada” (Ida Cokorda Ngurah) lan buku “Gajah Mada, Pahlawan Persatuan Nusantara” (Muhammad Yamin) uga banget trawaca. Ida Cokorda Ngurah nganggep yen Gajah Mada iku keturunan agung putrane Bathara Brahma karo ibu saweneh brahmana kang wis kawisudha minangka sewalabrahmacari, dene Muhammad Yamin mratelakake kanthi kebak keyakinan yen Gajah Mada iku ‘pawongan bangsa Indonesia saka dharah rakyat salumrah’. Sanajan uga ditulis yen manut kapitayane wong Bali, Gajah Mada iku dianggep minangka panjilmane Sang Hyang Narayana ing marcapada.

Kanthi mangkono bisa dijupuk dudutan yen tokoh Gajah Mada iku mainake dhapukan kang gedhe mungguhing panguripan bangsa ing Nusantara iki. Babagan iki kabukten saka tulisan-tulisan kang banget akeh ngenani figur Gajah Mada salawase atusan taun. Ateges mendah gedhene kawigaten kasebut marang tokoh Gajah Mada. Saengga Gajah Mada minangka tokoh sejarah mujudake sumber inspirasi tumrap para penulis minangka paraga protagonis ing penulisan karya sastra. (Cuthel)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!