Kirab Pusaka Ing Trenggalek
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 28 kali

Upacara adat Kirab Pusaka yaiku upacara kang nduweni tujuan kanggo nyenyuwun keslametan lan pangayoman marang Gusti Kang Akarya Jagad. Upacara iki dileksanakake ing Kabupaten Trenggalek dhek tanggal 31 Agustus 2018 kepungkur. Upacara adat iki minangka ruwatan pusaka ing papan ditemokake Prasasti Medang Kamulyan ing Desa Kamulan, Kecamatan Durenan.

Sedina sadurunge upacara Kirab Pusaka, ing Desa Kamulan dianakake pengajian ing mesjid lan langgar-langgar, saben wong nggawa berkat. Kegiatan kang dileksanakake wayah esuk iki dipandhegani dening para kyai. Sapungkure acara pengajian, berkat kasebut didum-dumake marang para peserta, lan pungkasane acara dianakake murak berkat bareng-bareng.

Wondene pusaka kang arep dikirab dijamasi dhisik. Pusaka kang awujud tombak cacah loro kasebut dijamasi nganggo banyu saka sumber kramat kang asale saka 14 kecamatan. Jamasan iki ajeg dileksanakake saben taun. Pusaka kang wis dijamasi iki banjur diinepake sewengi ing Desa Kamulan (pase ing lokasi ditemokake Prasasti Medang Kamulyan). Mula penanggalan ing prasasti iki banjur didadekake tanggal laire Kabupaten Trenggalek, lan sabanjure diarak tumuju Pendhapa Manggala Praja Nugraha Kabupaten Trenggalek ing dina candhake.

Geneya kok dadak diinepake sewengi ing Desa Kamulan? Apa merga prasasti kang ditemokake ing desa iki umure luwih tuwa? Ora! Amarga ing kasunyatan isih ana prasasti kang umure luwih tuwa, yaiku Prasasti Kampak. Prasasti Kampak kang luwih dikenal kanthi sebutan Perdikan Kampak iku diwetokake Raja Sendok ing taun 851 Caka utawa 929 Masehi. Malah saka prasasti iki bisa disumurupi yen Trenggalek ing jaman iki wis nduweni dhaerah-dhaerah kang pikantuk hak otonomi utawa Swatantra. Luwih cethane dijlentrehake yen Perdikan Kampak kang wewatesan karo Samodra Kidul kang ing wektu iku wilayahe nganti Panggul, Munjungan, lan Prigi. Sawise jaman Empu Sindok wis ngliwati jaman Raja Dharmawangsa banjur lair Kerajaan Kahuripan ing Jawa Timur, lan kang jumeneng nata Prabu Erlangga. Mung emane ing jaman iki ora disumurupi kesejarahane, disebabake ora ditemokake data bab jaman kasebut. Pungkasane, krana Prasasti Kampak ora ana transkripe banjur ora kena kanggo pathokan kanggo nemtokake dina laire Kabupaten Trenggalek.

Beda karo Prasasti Medang Kamulyan, krana ana transkripe banjur bisa kanggo pathokan kanggo tanggal klairane Kabupaten Trenggalek. Apa maneh ing prasasti kasebut tinatah taun 1116 Caka utawa taun 1194 Masehi. Prasasti kasebut diwetokake dening Raja Sri Sarweswara Trikramawa­taranindita Srengga Lencana Dikwija-yotungadewa utawa luwih dikenal kanthi asma Kertajaya. Ya raja iki sing kasil ngusir mungsuh-mungsuhe saka dhaerah Katang-Katang krana disabiyantu rakyat Kamulan. Pungkasane adhedhasar prasasti iki “Hari Jadi Kabupaten Trenggalek” banjur ditetepake tumiba ing dina Rebo Kliwon tanggal 31 Agustus taun 1194. Mula saka iku, Kirab Pusaka Kabupaten Trenggalek banjur dileksanakake kanthi ajeg ing tanggal 31 Agustus kasebut. Taun iki klakon dileksanakake dhek dina Jemuwah Pon.

Mula kang diantu-antu warga ing prosesi kirab pusaka kasebut, rebutan ubarampe sesaji            sedhekah bumi, tumpeng agung lan banyu jamasan kang dipercaya warga masyarakat bisa nggawa berkah. Acara iki cukup nyedhot warga masyarakat, warga masyarakat padha antusias ndelok arak-arakan kirab pusaka kasebut.

Kirab pusaka dibudhalake saka Pasar Pon, barisan ang ngarep dhewe barisan drum band. Kang penabuhe wis klebu lansia kabeh. Senajan mangkono, langkahe isih katon mantep, greget, lan trengginas. Apa maneh astribut kang dienggo kanthi nuansa kraton jaman biyen saya ngatonake semangate. Ing samburine banjur nyusul barisan prajurit sing paragane uga wis lansia kabeh. Samburine maneh barisan kang nggawa banyu panguripan sumber sanga. Banjur disusul barisan kang nggawa pusaka Tombak Korowelang, lan barisan putri dhomas kang nggawa potrete para Bupati Trenggalek Banjur disusul maneh barisan prajurit nunggang jaran kang ngawal kreta kencana. Sabanjure disusul barisan tumpeng agung lan sedhekah bumi. Wondene samburine maneh barisan kesenian kang dumadi saka grupfashion show, lan peragawati.

Kanggo nyiapake sesaji kang arupa banyu panguripan mbutuhake wektu telung ndina. Banyu panguripan kasebut asale saka sumber sanga kang dijupuk saka guwa kang jarake udakara 17 saka punjere kutha. Wondene sumber liyane dijupuk saka banyu sumur, banyu kali, banyu tempuran, banyu belik, banyu deresan randhu lan banyu deresan wit gedhang.

Kang kapatah nggawa banyu panguripan sumber sanga paguyuban Permadani Trenggalek lan Tulungagung. Banyu sumber sanga diwadhahi kendhi pratola. Wondene kreta kencana kang dikawal prajurit nunggang jaran dititihi Bupati Trenggalek Dr. Emil Elestianto Dardak lan garwane Arumi Bachsin.

Tumpeng agung dikantheni ladha sega gurih. Tumpeng agung minangka pralambange kadiwasane urip kang wis sampurna lair lan batin. Pangajabe budiluhur wis pana jatining dhiri. Ladha sega gurih ing pojokan papat minangka pralambange keblat papat, dene pancere ya tumpeng sing mapan ana tengah.

Sedhekah bumi wujude wit gedhang, gedhang saontonge. Dene werdine kabeh iku asale saka jatung ontong pisang tadhah udan, uncit-uncitan, kabeh asale saka jantung sawiji. Sayekti Gusti Allah Kang Maha Agung. Drip aja mbedak-mbedakake jinis, elinga asale padha bakale uga padha, lair tumekane pati ngadhep marang Gusti Allah.

Kanggo ngregengake swasana, mligi paraga fashion show lan peragawati ditekakake saka Madiun. Saliyane sulistya ing warni, dedege uga dhuwur-dhuwur. Malah ana sing dhuwure nganti 2 meter luwih. Mula saka iku banjur dadi kawigatene para penonton kang ngebaki dalan kang diliwati.

Sawise tekan ngarep Pendhapa Manggala Praja Nugraha, ora kabeh rombongan lumebu pendhapa. Mula rombongan kang lumebu pendhapa mung barisan banyu panguripan sumber sanga, pusaka Tombak Korowelang, putri dhomas, lan tumpeng agung. Wondene rombongan liyane bablas tumuju arah mangidul.

Sadurunge kreta kencana melu bablas mangidul, mandheg sedhela ing ngarep regol saperlu ngudhunake Bupati Trenggalek Dr. Emil Elestianto Dardak lan garwane Arumi Bachsin. Nalika arep lumebu regol dipapag penari kang kapatah minangka cucuk lampah. Taun iki ora kaya taun-taun sadurunge. Yen taun-taun sadurunge ora ana acara upacara penyerahan pusaka, ning taun iki ana. Krana kalungguhan kursi Bupati Trenggalek arep dipasrahake marang Wakil Bupati Muhammad Nur Arifin. Geneya? Amarga Bupati Trenggalek Dr Emil Elestianto Dardak, sawise menang ing Pilkada Jawa Timur, arep ninggalake Trenggalek. Mula ing upacara iki, Tombak Korowelang banjur diserahake marang Wakil Bupati Muhammad Nur Arifin.

Sapungkure upacara penyerahan pusaka dibacutake acaa ritual banyu pancuripan saka sumber sanga. Banyu panguripan sing diwadhahi kendhi pratola kasebut banjur disokake menyang wadhah kang wis dicawisake. Sabanjure, banyu panguripan kasebut banjur didum-dumake marang warga masyarakat kang mbutuhake. Mula saka iku, warga masyarakat kang mbutuhake banjur antri kanthi tertib ana latar pendhapa.

Sasuwene prosesi, banyu panguripan saka sumber sanga kasebut dipercaya warga bisa kanggo srana awet enom tumrap remaja kang isih bujang, lan enggal pikantuk jodho. Malah uga diyakini penyakit bisa ilang sawise dibloyohi banyu panguripan kasebut. Ritual banyu panguripan saka sumber sanga dipungkasi kanthi diwacakake donga utawa hastungkara.

Sawetara iku tamu undangan kang lungguh ing kursi undangan nerusake acara liyane, yaiku tumpengan. Cacahe tumpeng ana pitu. Tumpeng gedhe cacahe siji, tumpeng cilik cacahe enem. Tumpeng cilik kang wujude ambeng sawise dikajadake lan didongani terus dipurak, dene tumpeng gedhe kang wujude gunungan kanggo rebutan masyarakat.

*

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!