Ziarah ing Makame Trah Arumbinang Kebumen
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 44 kali

Ora adoh saka stasiun Sepur (kereta api) Kuthawinangun Kebumen, ana kompleks pasareyan sing diarani Kebejen. Pasareyan kasebut minangka makame tedhak turune Tumenggung Arumbinang (Arungbinang). Ing kono sethithike ana bupati cacah pitu kang sumare, yaiku Tumenggung Arung-binang I, II, IV, V, VI, VII lan VIII. Ka-jaba saka kuwi miturut kandhane  Kar-yono (56), juru kunci makam Kebejen ing papan iku uga disarekake Tumeng-gung Tirtowiguno kang nalika sugenge ngasta minangka dadi nujume Ingkang Sinuhun Susuhunan Paku Buwono II lan III ing Surakarta Hadiningrat.

 Dhek jaman kolonial Walanda, sawetara tedhak turune Tumenggung Arungbinang ana sing nglenggahi minangka bupati ing Kebumen. Kawiwitan saka Arungbinang VI nganti tekan Arungbinang VIII.

Arungbinang VIII iki uga katelah kanthi sebutan Bupati Wayang. Sebabe bupati sing siji iki seneng banget marang kesenian wayang. Para punggawa Kabupaten dalah kulawargane kajurungake menawa metu gladen beksa lan wayang ing pendhapa  kabupaten. Malah isih miturut Karyono. Sing sapa gelem melu gladhen wayang ing pendhapa Kabupaten, duwe pangarep arep bisa diangkat dadi pamongpraja.

Nalika wadyabala Jepang ngrabasa Hindia Belanda (Indonesia), Arungbinang VIII sing dianggep melu dadi antheke Walanda dening Jepang dicopot kalenggahane. Arungbinang VIII bupati Kebumen pungkasan kang run-temurun kalungguhane.

Tedhak turune Arungbinang nge-degake pakumpulan kang dijenengake Pagyuyuban Trah Arungbinang kang dicekak Patrab. Panguruse pusat ana ing Jakarta. Kejaba duwe cabang ing Kebumen uga duwe cabang ing Semarang, Yogyakarta, Surakarta lan Surabaya.

 

Pusaka

Patrab duwe jejibahan nyimpen lan ngrumat pusakane Tumenggung Arungbinang I kang uga kondhang kanthi sesebutan Jaka Sangkrip. Wujude pusaka cemethi utawa pecut. Banjur tumbak Kyai Keker utawa Kyai Regol kang taun 1983 disimpen ing makam Kebejen, Nalika semana kang mapanake Kyai Keker, Ketua Umum Patrab periode 1983 -1986, yaiku H. Anton Subroto Tirtosubroto.         

Pusaka tumbak lan pecut iki oleh olehane Jaka Sangkrib nalika teteki ing Guwa Menganti sacedhake Karangbolong lan alas Maros ing kukuban Kecamatan Puring. Manut crita babad, sing menehi tumbak sawijining siluman kethek putih aran Kombang Ali-ali, abdi kinasihe Ratu Kidul. Kombang Ali-ali kalah perange banjur, masrahake tumbak kasebut marang Jaka Sangkrib.

Tumbak Keker nalika nyadran ing sasi Ruwah kepungkur disimpen ana pesareyan Kebejen ing sisihe makame Tumenggung Arungbinang I iya Sang Jaka sangkrib.

Kejaba pusaka loro kang wis katur ing ngarep, Jaka Sangkrib uga duwe pusaka wujud bedhil kang aran Naracabala. Jarene bedhil iki sumimpen ing museum Kraton Surakarta. Manut crita babad, Jaka Sangkrib oleh bedhil iki saka pawenehe putri kajiman Nawangwulan kang darbe kraton ing Bulupitu sakulone Kuthawingangun.

 

Turun Pangeran Puger

Sinuhun Susuhunan Amangkurat Agung (Amangkurat I) nglenggahi dhampar Mataram  taun 1645 – 1677 M. Ndungkap pungkasane Susuhunan Amangkurat I ngasta pusaraning praja, kedhaton Mataram dijegi kraman kang dipandhegani dening Trunojaya saka Madura. Sunan Amangkurat Agung kasoran perange lan keplayu ngulon parane kadherekake putrane Pangeran Adipati Anom Tejaningrat, Pangeran Puger lan sawetara sentana. Sedyaning karsa arep njaluk bantuwan marang Kompeni Walanda ing Batavia. Nanging kaya kang wis kawuningan, narendra kang watake dhegsiya lan kongas (yen tembung saiki otoriter) iki gering lan banjur seda ana ing Tegalarum. Mula Sunan Amangkurat I uga kawentar kanthi sesebutan Sunan Tegalarum.

Ya nalika ngungsi iki ing satengahe dalan, Pangeran Puger kesengsem marang kenya anake sawijining demang ing Kuthawinangun. Banjur dipundhut ampil, sabanjure nggarbini lan mbabar putra kakung kaparingan tetenger Jaka Sangkrib.

 Nom-noman jaka Sangkrib kebak panandhang amaraga awake sakojur nggandha amis kena lelara kulit. Ing pasrawungan didohi dening masyarakat. Dheweke banjur lunga saperlu lelana ngupadi sihing Gusti kang Akarya Jagad.

Antuk wisik, dheweke banjur kungkum ing sendhang beji. Kaelokaning jagad mentas saka sendhang lelarane kulit ilang blas. Ambune amis, musna sanalika. Jaka Sangkrib mbacutake olehe tapa menyang Bulupitu. Dheweke ditemoni putri kajiman Nawangulan kang menehi gegaman wujud bedhil jeneng Naracabala. Jaka Sangkrib mbacutake maneh mertapane mlaku ngulon tekan tlatah Karangbolong lan Puring. Ana papan kono antuk gegaman tumbak lan pecut. Nuli Jaka sangkrib suwita ratu kang nalika semana wis pindah menyang Surakarta.

Ing Surakarta Jaka Sangkrib katelah kanthi asma Ki Honggowongso. Amarga saka  dharma bektine lan lelabuhane kang gedhe marang praja panjenengane kawisudha dadi bupati sepisanan kang mbawahi Kutawinangun, Kebumen, lan Kutoarjo (Purwareja) kanthi jejuluk Tumenggung Arungbinang I. Sateruse bupati kang ngasta ing wewengkon Kebumen mesthi tedhak turune Tumenggung Arungbinang I.

Ngunduri sepuh banjur kondur menyang Kuthawiangun lan nalika tutup yuswa kasarekake ana papan tilas sendhang beji papane anggone kungkum mbiyen. Papan kono saiki katelah Kebejen sing dadi makame trah Arungbinang.

 

Dipugar

Pasareyan Kebejen wis makaping kaping dipugar. Ing sisih kidul kulon cungkup pasareyane Tumenggung Arungbinang I ana kamar mligi kanggo nyimpen pusaka pusaka tilarane  swargi, kaya kang wis katur ing ngarep yaiku pusaka awujud cemethi, tumbak Kyai Keker/Kyai Regol, keris lan sapanunggalane. Ing emperan cungkup uga dipepetri tilas bageyan dalem kabupaten kang isih wutuh.

Sakidul mushola ana Sendhang Anom kang ujaring kandha biyen kanggo tapa kungkum Jaka Sangkrip iya Tumenggung Arungbinang I. Ing tlatah sakiwa tengene komplek pasareyan Kebejen ing jaman kunane akeh sumber banyune karan beji, mulane desa kono dijenengake Kebejen kang tegese akeh beji-ne. Sumur saburine mushola jerone mung udakara 1,5 meteran nanging banyune bening kimplah kimplah lan ora tau asat senadyan mangsa ketiga ngerak

Pasareyan Kebejen saiki wis klebu dadi Cagar Budaya merga kang disarekake ing papan kono sawijining priyagung kang pinunjul lan darbe lelabuhan kang gedhe tumrap praja Surakarta Hadiningrat. (Isti Nugroho)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!