Sulihe Bapak
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 112 kali

Wong tuwa pancen panggonane walat. Mula ati-ati yen caturan klawan wong tuwa. Apamaneh  nyatur pakaryane wong tu­wa kang digawe sen­dhen­an nggedhekake anak-anake. Lan saiki Hadi nem­be ngrasakake walate wong tuwa.

Kardiyono, bapake Ha­di, wiwit jaka thing-thing nganti gemrayah anak lan putune nyambut gawe mi­nangka kemit situs-situs purbakala ing wewengkon Kecamatan Trowulan. Ja­man cilikane Hadi, makarya minangka kemit situs-situs purba­kala klebu pakaryan kang ora sepira diregani. Sepisan, merga blanjane ora mingsra. Kapindho, mer­ga pakaryan iku yen disawang saka njaba mung katon thengak-thenguk nunggoni patung,  candhi lan watu. Mula, Hadi cilik kerep dipoyoki kanca-kanca sekolahe lan paklik-bulike saka ibu. Pa­dha nyenyamah pakaryane bapake. Hadi dhewe rumangsa isin yen nyawang pa­karyane bapake.

“Pak, kula angsal ngomong,” ujare Hadi sawijining sore nalika Kardiyono lagi nyepakake jaket lan sentolop sengadi arep budhal jaga. Kardiyono manthuk. “Pak, timbang tunggu patung terus, mbok sampeyan nyithak bata utawi tumut Kaji Kir milihi rosokan.”

Kardiyono sakala ndengengek, “Eh, Le, diwulangi sapa kowe ngomong kaya ngono kuwi? Iki ngono pengga­weyane bapak wiwit durung rabi, durung ana mbakyumu, durung ana dhapuranmu. Senadyan bayaran ora sepiraa, buktine emakmu ya saben dina adang. Ora duwe utang. Le, penggaweyan iki tanggung jawabe gedhe. Kowe ngerti, patung-pa­tung kuwi regane larang.”

Hadi nalika kuwi mung ndhingkluk,  ora wani nyaruwe tuture  Kardiyono. Nanging jroning ati dheweke wis ka­dhung isin duwe bapak kang pakaryane mung tunggu watu. Mula sabubare sekolah Hadi pilih blajar milihi rosokan ing gudhange Kaji Mudzakir, let patang omah sawetane omahe. Blajar milihi endi sing alumunium, tembaga, wesi, plastik, apadene kardhus ing antarane rosokan makarung-karung kuwi.

Saya gedhe, Hadi nuli blajar nger­-neti lan nyetir motor gawe ngusung ro­sokan menyang pengepul liyane utawa menyang pabrik. Cekelane dhuwite saya gedhe. Mula anggepe ya saya sundhul langit. Saben mulih ngusung rosokan dheweke ajeg nyisakake bayarane kang­go emake lan nukokake rokok ba­pake.

Apik wae weweh marang wong tuwa, apa maneh yen wong tuwa pinaringan umur dawa bisa nyawang anak-anake kang biyen digedhekake saiki wis dadi uwong. Kang ora apik kuwi rak ya niyate Hadi  kang pengin melehake bapake.

“Rokok,  Pak,” tangane ngrogoh sak,  ngulungake rokok sak pak. “Ya ngene iki nyambut gawe sing teme­nan, Pak. Oleh-olehane bisa mblabar menyang ngendi-ngendi. Ora kaya tunggu patung ngono kuwi, ora ana ceperane, Pak.”

“Saben-saben ngulungne rokok omo­nganmu kok mesthi ora penak, Di. Ya, saiki kowe sing bayarane luwih gedhe timbang bapak, ceperanmu akeh. Bapak ya seneng yen nyawang anake bapak lakone seneng. Tapi donya kuwi munyer, Le, ati-atinen omonganmu, bisa kuwalat kowe!”

Tuture wong tuwa pranyata pindha sabda pandhita…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae