Kidung Perenging Dieng (05)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 75 kali

“ agus! Yen kowe manungkul, aku isih aweh pangapura marang dosa lan kaluputanmu.”

“Aku pasrah bongkokan.”

“Yoh, kowe tetep dadi pesakitan. Heh para prajurit, rangketen Rojeng Garung iki. Klumpukna kabeh ang-gota grombolan Gagak Ireng sing nungkul ana latar pendhapa kono!”

“Sendika, Sang Manggala.”

Grombolan Gagak Ireng sing wis seleh gegaman banjur diklumpuk­ake ing latar pendhapa susuhe para kecu mau. Puluhan anggota grom-bolan dipikut. Sing mlayu ditogake wae, awit kejaba cacahe mung sethithik, uga dudu paraga wigati. Sawise Rojeng Garung manungkul, Manggalayuda Dorandana ngaturi Akuwu Brasmara lan Patih Baureksa tedhak ing papan kono.

“Dorandana, gedhe panarimaku awit kowe sarowang kasil mbrastha grombolan Gagak Ireng kang niyat ngendhih panguwasa Pakuwon Kedhu munggahe ing Praja Mataram,” kandhane Patih Baureksa. 

“Menika sampun dados kuwajiban kula minangka jejering manggala yuda, Gusti Patih.”

“Aku uga ngaturake gedhene panuwunku marang Akuwu Brasmara sing wis menehi pangayoman marang aku sapendherekku nganti paripur­nane lelakon iki.”

“Inggih, Ki Patih. Menika limrah, awit dados kuwajiban kula minangka akuwu ing laladan Kedhu,” ature Akuwu Brasmara.

“Akuwu Brasmara, aku bakal babad ing papan kene. Papan kang dadi susuhe grombolan Gagak Ireng  iki mbesuk yen ana rejane jaman wenehana jeneng Desa Garung!”

“Garung, Ki Patih?”

“Iya, awit kang mandhegani Gagak Ireng paraga mawa aran Rojeng Garung. Iki minangka tetenger marang anak putu mbesuk lamun perenging Dieng kene tau ana grombolan Rojeng Garung kang kawentar. Pamujiku, muga-muga Rojeng Garung gelem bali mring dalan kebecikan.”

“Kula sawadya ingkang badhe nyekseni. Salajengipun kados pundi?”

“Jejere grombolan ireng kang wis akeh gawe kapitunan, Rojeng Garung kudu tetep nampa pidana  kang murwat. Yen wis purna anggone nglakoni paukuman, dheweke duwe hak urip kaya satatane warga Mataram liyane.”

“Mesthinipun kados mekaten.”

“Mula Rojeng Garung kudu dikrangkeng ing pakunjaran Paku­won Kedhu jumbuh karo abot enthenge kaluputan.”

“Mangke para prajurit kula ingkang badhe ngayahi karya,” ature Dorandana.

“Nedha nrima Dorandara. Sa­-banjure, saparipurnane lelakon iki isih ana jejibahan kang kudu enggal dirampungake. Yakuwi ngedegake pesanggrahan lan nyamektakake ubarampene upacara puja bhakti ing Candhi Dieng kanggo mahargya tekane warsa caka anyar kang wis anguk-anguk iki.”

“Mangke para wadya lan bebahu Pakuwon Kedhu ingkang badhe tandang, Ki Patih. Sedaya badhe makarya nyamektakaken sedaya kabetahan.”

“Iya, Akuwu Brasmara.”

Candhi Dieng nyata adhi aeng. Adhi wus nyebutake kaendahane, dene aeng mratandhani akehe kahanan kang beda karo kang lumrah tinemu ing alam padinan. Nyata lamun wewangunan candhi mujudake papan kang agung merbawani. Candhi-candhi kang  sedhengan gedhene iki sumebar mrenca-mrenca, dadya papan para titahing dewa kang percaya mring panguwasane Hyang Widhi Wase setya nindakake upacara puja bhakti lan semedi ing wektu-wektu kang wus piniji. Mapag warsa anyar Sri Maha Prabu Rake Panangkaran, keturunan wangsa Sanjaya kang sepisan, ora gothang nindakake semedi lan puja bhakti ing Candhi Dieng.

Dina iku wus napaki pucuking warsa. Sang bagaskara ngglewang mangulon. Upacara ari pungkasaning warsa bakal denadani. Ubarampe lan pepaesan kang dibutuhake kanggo upacara puja bhakti lan semedi wus kasamektakake dening Akuwu Brasmara sapendhereke. Patih  Baureksa melu aweh rigen marang andhahan kang nyamektakake ubarampening sesaji. Endi sing kurang lan endi sing wis cukup. Penjor lan umbul-umbul kumlebet ing sedawane dalan tumuju Candhi Dieng. Rintip-rintip katon angklung-angklung tumiyunge penjor, yen cinandra saka mandrawa pindha tangane kenya kang ngawe-awe ngajak caket mring panguwasane Gusti kang Maha Agung.

Mula penjor ing tanah Jawa ginawe saka janur jalaran mengku werdi sejatine nur (cahya) kang sumbere saka Hyang Widhi. Tan ana titah kang lepas saka nuring Kang Maha Kuwasa, awit cahya iku aweh pepadhang kanggo titah madya pada, mligine jalma manungsa. Para kenya kang  nganggo sinjang lan kemben sarwi nyunggi sesaji woh-wohan kang direronce ngemba candhi, samya baris tumuju papan punjering upacara puja bhakti. Para jejaka kang nggawa bumbung isi banyu suci uga wus samapta dhiri. Pandhita Soma Dwija kang mangagem sarwa seta, mustaka denubel-ubeli iket kandel, bakal mandhegani upacara puja bhakti lan semedi. Sang atapa wus lenggah ing bangsal kang kasedhiyakake.

Srengenge sangsaya ngglewang nalika pedhut tipis tumurun ngemuli pegunungan Dieng. Ewasemono hawa adhem tan padha dirasa awit krenteg-ing ati anggone padha bakal memuji mring Hyang Widhi Wasesa. Sri Maha Prabu Rake Panangkaran wus jengkar saka pesanggrahan tumuju papan upacara kadherekake sanggyaning sentana lan punggawa praja. Alon-alon tindake Sri Maha Prabu Rake Panangkaran napaki marga sinambi nglaras swasana. Kabeh sesaji wus samapta ing papan  piniji. Banyu suci sumandhing ing kanan kerenging Pandhita Soma Dwija.

 Sawise samapta, upacara puja bhakti banjur kawiwitan. Kabeh padha nindakake satatane panembah minangka jejering titah. Pasuryan tumenga ing akasa sarwi maca mantra-mantra suci kang kajumput saka wedha suci. Sawise purna anggonira padha manembah lan semedi, Pandhita Soma Dwija nyiprat-nyipratake tirta suci kang wus denparingi donga. Ujubing nala amung nyuwun kamurahane dewa muga padha nampa kaberkahan lumantar tirta suci mau.

Saparipurnane adicara, kang samya nindakake upacara puja bhakti nora enggal bubar awit Sri Maha Prabu Rake Panangkaran kepareng paring sabdatama mangayubagya tumapake taun anyar. Rep sidhem premanem. Gegodhongan nora obah, samirana datan lumapah. Nadyan papan upacara iku jembar lan kebak  manungsa, parandene tan ana kang wani kumecap. Tan keprungu kang padha rerasan apamaneh pirembugan. Mung tumiyupe samirana kang dadi pratandha lamun papan iku isih aneng ngarcapada.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae