Gegambaran Tokoh Gajah Mada Ing Karya Sastra (1):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 18 kali

Pahlawan Kadewan Kang Sarwa Sampurna

Gajah Mada minangka tokoh se­jarah kang kaloka pancen wis ora ka­talompen maneh, nanging Gajah Mada minangka tokoh kaya kang ginambar ing karya sastra sajake isih arang disenggol lan akeh kang durung mangerteni. Mungguh bawarasa (pirembugan) bab paraga Gajah Mada kaya kang bakal katur ing seratan iki, lelandhesan saka seratane Dr. Partini Sardjono Pr, guru besar sastra ing Universitas Pajajaran, Bandung, kang sesirah “Citra Gajah Mada Dalam Karya-Karya Sastra” (Proyek Javanologi, Yogyakarta) kang uga nate kababar ing sarasehan mirunggan kang diadani Museum Sanabudaya Yogya­karta lan dipangarsani Proyek Penelitian Dan Pengkajian Kebudayaan Nusantara Dirjen Kebudayaan, Kementerian Pendi­dikan Dan Kebudayaan RI.

Satemene, karya sastra dhaerah ing Indonesia kang migunakake jeneng Ga­jah Mada minangka paraga uta­ma iku cukup akeh. Nanging ing seratan iki kang kapilih mung sa­watara bae (6 judhul), yaiku: 1). Kakawin Gajah Mada, 2). Ka­kawin Nagarakrtagama, 3). Ki­tab Pararaton, 4). Kidhung Sun­da, 5). Hikayat Banjar, lan 6). Hi­kayat Hang Tuah. Kakawin Gajah Mada ditulis Ida Cokorda Ngurah ing wujud kakawin (geguritan, puisi Bali). Kakawin iki kanthi eksplisit nyebut jeneng Gajah Mada minangka tokoh protago­nis (paraga utama). Dene 5 kar­ya sastra liyane (Nagarakrta­gama, Pararaton, Kidhung Sun­da, Hikayat Banjar, lan Hikayat Hang Tuah) kapilih minangka bahan perbandhingan, sabab karya-karya sastra kasebut ka­pe­tung sastra lawas kang uga nyenggol jeneng Gajah Mada.

 

1). Figur Gajah Mada ing “Kakawin Gajah Mada”.

“Kakawin Gajah Mada” kagu­bah ing taun 1958 M (1880 Sa­ka) saka kolofon (cathetan) lontar dening Ida Cokorda Ngurah, bangsawan saka Ubud (Bali). Ida Cokorda Ngurah ngang­git kakawin kanthi njumput sawijining tokoh sejarah, yaiku Gajah Mada, mi­nangka figur pahlawan ing sastra gegu­ritan Bali kang sesirah “Kakawin Gajah Mada” kasebut. Minangka karya sastra konvensional, paraga Gajah Mada ing “Ka­kawin Gajah Mada” iku asipat pangreka (fiksi). Ing kakawin iku Gajah Mada dijuluki minangka “Pahlawan Kadewan Ing Crita Epos” (The Epic Divine Hero) kanthi watak kang sarwa sampurna, jalaran keturunan Tiyang Agung panjelmane dewa. Uga disebut­ake bapake Gajah Mada iku Dewa Brah­ma, dene ibune wanita golongan brah­mana kang wis nyandhak tataran “sewa­labrahnacari” (tataran kapandhitan ing agama Hindhu).

Tokoh protagonis (pahlawan) ing kakawin, biasane dikenal liwat irah-irah kang ana ing kakawin kasebut. Nanging luwih cetha maneh, yaiku liwat mang­gala (bait-bait ing kakawin). Ing anta­rane yaiku minangka “cacala” (tembung pambuka). Mungguh manggala ing Ka­kawin Gajah Mada, paraga Gajah Mada disebutake minangka pawongan kang digjaya anindyeng sarat (jaya tan ingina ing saindhenging donya) (“Kaka­win Gajah Mada, Sebuah Karya Sastra Kakawin Abad 20”, Disertasi Partini Sar­djono Pr, Jakarta 1984).

 

Figur Gajah Mada ing Kakawin Gajah Mada kanthi ringkes digambarake:

a. Minangka Pahlawan Kadewan Ing Crita Epos (The Epic Divine Hero) kanthi watak kang sarwa sampurna. Nanging Gajah Mada bisa tumindak apa bae kanggo kepentingane Raja. Gajah Mada uga bisa merjaya mungsuhe kanthi cara kang ina, sebab wong kang dianggep mungsuh iku bisa dadi ancaman tumrap nagara lan raja. (kaca 54-54).

b. Gajah Mada sacara lahiriah mi­nangka panggagas kang bisa njunjung pribadine minangka mahapatih ing Kra­jan Majapahit (kaca 20-41).

c. Jaya ing pemikiran jalaran keturu­nan luhur, uga jalaran bekti, mituhu lan setya marang Raja. (kaca l7.7b, 55.9a, 29.3b, 32.6a, 60.7c)

d. Kasekten batin tinemu amarga sifat-sifate kang becik marang guru agama lan piwulang ing kitab agama minangka samapta nggayuh kalepasan (kamukswan). (kaca 66.1cd, 66.2, 66.6cd, 66.7ab)

 

2). Figur Gajah Mada ing “Nagarakr­tagama”

Nagarakrtagama uga wujud karya sastra kakawin (geguritan Jawa Kuna) kang ginubah Mpu Prapanca ing taun 1365 M. Kakawin Nagarakrtagama tau kababar dening Theodore G.Th. Pigeaud ing taun 1960 kanthi judhul “Java in the Fourteenh Century” dumadi 5 jilid. Jilid I isine mawa teks ing basa Jawa Kuna. Sanajan isih wujud prosodi (kajian gurit konvensional) kakawin, nanging isi pokok lan struktur narasi ing Nagarakrtagama iku mujudake bab kang mirunggan. Mpu Prapanca nalika ngripta kakawin iki nggam­barake panguripan ing kraton lan Negara Majapahit kang kebawah pangu­wasane Prabu Rajasanagara. Ora mung disawang bae, nanging uga dialami pri­badi (dening Mpu Prapanca). Crita ing Nagarakrtagama iku tanpa alur kang tu­mata lan ora ana tokoh utama kang bisa kanggo nemtokake prastawa ing crita kasebut. (“Kalangwan, A Survey Of Old Javanese Literature’s Gravenhage”, PJ Zoetmulder, 1974).

Salah sawijining tokoh kang digam­barake dening Mpu Prapanca yaiku Ga­jah Mada. Tokoh Gajah Mada iki ora akeh disebut, kajaba mung digambarake ing 10 pada (bait) saka Kakawin Naga­rakrtagama kang dumadi saka 98 pupuh (bab) lan 384 pada iku. Kuwi bae ora kanthi runtut. Dene 10 pada ing Nagarakr­tagama kasebut, Gajah Mada digambarake Mpu Prapanca minangka:

a. Pawongan kang prawira, wicaksana sajroning mimpin andhahane, bisa dipercaya, fa­seh lan tajem wicarane, jujur, tenang, setya lan mituhu ma­rang Raja (kaca 12.4:10).

b. Pengaman wibawane Raja. (kaca 49.3:36).

c. Banget migatekake upacara ing pakurmatan pungkasan nalika Raja seda (kaca 63.1 :48, 65.2: 49).

d. Negarawan cerdhas lan tangguh kang kuwawa gawe bawerane Krajan Majapahit (kaca 70.3:54)

e. Ditresnani Raja amarga wicak­sa­na. Gajah Mada uga tampa kanugrahan awujud papan kang endah, raja uga nguwatirake kahanan nalika Gajah Mada nandhang sakit. (kaca 19.2:17, 70.3:54)

f. Kaluwihane minangka Mahapatih banget pinunjul, saengga nalika tilar donya, dirasakake dening Raja Maja­pahit kaya-kaya ora ana kang kuwawa nggumanteni. (kaca 71.1,2,3:55).

 

3) Figur Gajah Mada ing Kitab “Pararaton”.

Pararaton mujudake karya sastra prosa (gancaran) Jawa Tengahan kang ora (durung) dimangerteni kanthi cetha sapa penulise. Kitab Pararaton wis nate kababar dening JLA. Brandes ing taun 1897 kanthi judhul “Pararaton (Ken Arok), Het BoekDer Koningen Van Toe­mapel En Van Majapahit” lan diterangake dening Krom. Kitab Pararaton ing basa Jawa disebut minangka “Buku Babagan Raja-Raja Tumapel lan Majapahit”. Pa­raraton dumadi ing sawetara episode. Figur Gajah Mada ing kitab iki disebut-sebut ing episode nalika Jayanagara jumeneng nata Majapahit nggumanteni Prabu Kertarajasa (Raden Wijaya). Ing wektu kuwi Gajah Mada isih lungguh minangka pandhega bhayangkara (pim­pinan penjaga istana), engga nyekel ka­lungguhan minangka mahapatih sela­wase 11 taun, kebawah pemerinta­han Pra­bu Rajasanagara lan pungkasane pancal donya.

Crita bab Gajah Mada ing Kitab Pararaton iku mung kamot patang kaca saka 32 kaca kang ana ing Kitab Para­raton basa Jawa Kuna. Ing Kitab Para­raton iku figur Gajah Mada kanthi cekak digambarake mangkene:

a. Minangka pandhega bhayangkara kang njaga tentreming Kraton lan kesla­metane Raja, Gajah Mada nindakake tu­gas kanthi kebak tanggung-jawab (kaca 26).

b. Kanggo mulihake panguwasane Raja, kabukten Gajah Mada tumindak kanthi cara kang pener lan cekat-ceket. (kaca 26).

c. Nalika dumadi lelakon kang ngem­bet marang pribadine Raja, Gajah Mada tetep nuduhake rasa setya lan mbelani Raja, sanajan wektu kuwi Gajah Mada ngerti yen raja duweni bebuden ala, luwih-luwih kang nggepok marang kaurmatane wanita. (kaca 27)

d. Gajah mada ora gelem nglungguhi jabatan penting, sadurunge bisa nuduh­ake prestasine. Uga ora gelem ngaso lan ngrasakake asil pagaweane, sadu­runge kanthi tuntas ngrampungake tu­gas lan kuwajibane (kaca 28).

e. Ing periodhe iki Gajah Mada ngu­cap­ake “Sumpah Palapa”. Isine: Sira Ga­jah Mada patih amangkubumi, tan ayun amukti palapa sira Gajah Mada, “Lamun hawus kalah nusantara, isun amukti palapa”. (Gajah Mada Sang Mahapatih prasapa: “Lamun Nuswantara wis kate­lukake, aku bakal ngrasakake asile kanthi ngaso” (kaca 28),

f. Nalika magut yuda ing palagan, Gajah Mada digambarake minangka prajurit kang nyebar pepati (kaca 29).

g. Sajroning lungguh minangka P­a­tih, banjur Mahapatih, Gajah Mada tetela duwe prestasi gedhe. Sawise negara se­jahtera, Gajah Mada lagi gelem ngrasak­ake asil pagaweane (kaca 29).

h. Nganti sedane Gajah Mada tetep lungguh minangka mahapa­tih. Sawise Gajah Mada seda, kra­ton Majapahit nan­dang kongah-kangehan golek penggantine, bareng wis 3 taun ngalami keko­songan, lagi dite­mokake pawo­ngan kang bisa lungguh minangka mahapatih (kaca 29).

 

4). Figur Gajah Mada ing “Ki­dhung Sunda”

 “Kidhung Sunda” mujudake karya sastra geguritan (puisi la­was) kalebu golongan sastra Jawa Te­ngahan. Ora dingerteni kapan lan sapa kang nyerat kidhung kasebut. Manut CC Berg, “Kidhung Sunda” iku dumadi penulis (redhaksi) papat kang disebut Redaksi A, B, C, D. Dene Redaksi B kagolong paling komplit ngrembug figur Gajah Mada. Kidhung Sunda Redaksi B iku dumadi saka 3 pupuh lan 449 pada. Isine nyritakake lelakone kulawarga Raja Sunda menyang Majapahit saperlu mahargya dhaupe putra-putrine karo Prabu Hayam Wuruk ing Majapahit. Uga digambarake Perang Bubat lan kalahe pehak Raja Sundha jalaran salah paham lan bab (rusake) sesambungan antarane Krajan Sunda karo Majapahit, amarga kawicaksane Mahapatih Gajah Mada. (Kidhung Sunda Redaksi B, CC Berg, Taun 1928).

Beda karo Nagarakrtagama lan Para­raton kang anggone nggambarake figur Gajah Mada sacara relatif mung cilik bae, nanging ing Kidhung Sunda, paraga Gajah Mada katon darbe dhapukan wi­gati lan banget nemtokake. Kanthi ring­kes gegambaran figur Gajah Mada ing Kidhung Sunda iku disebutake mang­kene:

a. Gajah Mada iku sawijining Maha­patih kang gedhe perbawane, malah bisa ngowahi kersane lan kekarepane Raja Majapahit marang Raja Sunda lan putra putrine. Raja uga mung manut apa kang dikandhakake Gajah Mada. (kaca 1.53-1.56, 1.20-1.21).

b. Gajah Mada uga luwih migatekake wibawane Raja minangka panguwasa nagara tinimbang rasa pangrasane Raja minangka manungsa salumrah. (kaca 1.54b­1.56a:20).

c. Dening mungsuhe Gajah Mada di­anggep tukang ngapusi lan atine ala. Yen nesu utawa kecenthok, Gajah Mada digambarake bisa ngumbar kanepsone kanthi tembung-tembung kasar. (kaca 1.74b: 25).

d. Minangka negarawan, Gajah Mada banget migatekake wibawane raja lan nagara, Gajah Mada kaya-kaya duweni adeg-adeg kanthi ‘tujuwan ngalalake sadhengah cara’, sawenehing adeg-adeg kang ora bisa dipahami dening mentri-mentri liyane ing Majapahit. (kaca 1.56 a-b:21).

e. Gajah Mada uga digambarake minangka pengatur siasat perang (kaca 2.78-2.79:33)

f. Gajah Mada uga digambarake minangka prajurit kang kendel lan patohan (kaca 2,45:30).

g. Gajah Mada uga digambarake wis mapan tekan ing kauripan rohaniah kanthi tataran dhuwur, mula Gajah Mada wis ngerti kapan kudu ninggalake kadonyan lan mangkat tumuju kalepasan (kamoksan). (kaca 3.72:55).

h. Pungkasane Gajah Mada digam­bar­ake minangka pawongan kang kaya ratu. Mibawani lan diajeni/diwedeni de­ning panguwasa dhaerah liyane. Lan mi­nangka panjilmane Bathara Wisnu. (kaca 3.76:56).

(Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!