Crita Mistis saka Candhi Mas Pasiraman
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 199 kali

Ana mangsane peninggalan jaman biyen iku ora diweruhi merga papane kang ndhelik. Nanging merga kurange kawigaten kang diduweni dening para pandhemen peninggalan-peninggalan jaman biyen sing ngemu nilai sejarah. Salah siji peninggalan sejarah kang mapan ing cedhake kramean nanging ora dimangerteni dununge iki mau yaiku Candi Mas Pasiraman. Papan sing dipercaya nate digunakake dening Raden Mas Said utawa kang kawentar kanthi sebutan Pangeran Samber Nyawa iki mapan ing sangarepe terminal bis Jatisrono, Wonogiri, Jawa Tengah.

Emane senajan mapan ing sacedhake pusat kramean tekan seprene isih akeh sing durung ngerti kaya ngapa wujude lan fungsine papan sejarah iki. Peninggalan sejarah kang aran Candi Mas Pasiraman iki senajan ing ngarepe ana tembung candhine, nanging wewangunan iki nduweni fungsi kang beda klawan candhi-candhi sing umume digunakake kanggo papan pamujan utawa kanggo pendermaan (makam).

Candi Mas Pasiraman iki ing jamane biyen digunakake kanggo reresik dening Raden Mas Said nalika sanja menyang Wonogiri saperlu ngindhik kekuatane bangsa Walanda. Laladan Wonogiri lan sakiwa tengene ing jaman biyen mujudake papan kang kerep ditekani Pangeran Samber Nyawa kanggo nindakake perang mungsuh Walanda kanthi cara geriliya. Mula saka kuwi ora nggumunake yen ing laladan Wonogiri lan sakiwa tengene akeh banget tinemu petilasan-petilasan sing dipercaya nate digunakake leren utawa digunakake sesirih dening paraga sing wis yasa kadipaten Mangkunegaran iki. Lan racake papan-papan sing nate digunakake kanggo leren utawa laku sesirih kang ditindakake dening Pangeran Samber Nyawa iki tekan saiki dianggep wingit lan kerep dumadi kedadeyan-kedadeyan ora tinemu nalar ing papan kasebut.

Kedadeyan sing kaya mangkono uga nate dumadi ing Candhi Mas Pasiraman. Ngenani kedadeyan mistis kang dumadi ing Candhi Mas Pasiraman iki nate dialami dening Ambarini, minangka juru kunci ing papan kasebut. Anggene miwiwti dadi juru kunci ing papan kasebut iku uga nduweni crita dhewe. Ambarini dadi juru kunci sawise nampa impen. Sajroning impene Ambarini diakon supaya njaga wewangunan kang ana papan sing digunakake kanggo turon.

“Wektu nampa impen kuwi anggenku turu ing sacedhake wc umum kang ana ing ngarepe terminal Jatisrono. Ing sacedhake wc umum iku pancen ana wewangunan kuna. Nanging jaman semana aku dhewe durung ngerti wewangunan kuna kuwi tinggalane sapa lan fungsine apa, ing perangan liya jaman semana kahananku jaman kuwi ora waras kaya saiki. Wektu kuwi aku isih lara sing nyebabake lumpuh. Gandhenge ora bisa mlaku bisaku ya mung lumah-lumah sinambi nunggu kothak sing daksedhiakake kanggo pawongan sing mentas nggunakake wc umum iki,” ujare Ambarini.

Ambarini nambahake ing sajrone impene kuwi dheweke ngaku ditemoni dening wong lanang sing gedhe dhuwur kang sandhangane memper sandhangane para penggedhe saka kraton jaman biyen. Pawongan sing nganggo sandhangan sarwa ireng iku banjur nyedhaki Ambarini  sing ing impene kuwi uga lagi leyeh-leyeh ing ndhuwur amben.

“Wewujudan kuwi banjur nyedhaki aku, sawise cedhak wewujudan kuwi mau banjur ngusap sikilku nganggo tangane. Rikala tangane wewujudan nyalawadi iku mau diusapake ing sikilku kang jaman kuwi wis mati rasa. Dumadakan dakrasakae ana rasa panas saka dlamakan  sikil mendhuwur nganti tekan mbun-mbunan. Gandhenge rasa panas sing maune ora sepira iku dadi panas banget. Aku nyoba nyingkirake sikilku. Kalane sikilku dakcoba nginggati tangane wewujudan kuwi. Aku kober  ngingeti tangane wewujudan kuwi. Saiba kagetku bareng ngerti tangane wewujudan kuwi mung balung thok. Weruh sesawangan kaya ngono aku langsung njenggirat tangi. Gandheng anggonku obah rikala tangi iku mau kerosan nganti ndadekake aku tiba saka lincak sing dakenggo turu. Kanthi awak sing isih lara merga tiba lan wedi merga nampa impen kaya ngono aku nyoba tangi. Lan saiba kagetku nalika kuwi sikil sing wis suwe ora bisa dakobahake bisa dakgunakake kanggo ngadheg lan jumangkah sithik mbaka sithik,” critane Ambarini.

Sawise ngalami kedadeyan kang kaya mangkono Ambarini ora bisa nerusake anggone turu maneh. Dheweke lungguh legek-legek ing lincake sinambi mikirake kedadeyan aneh kang mentas dialami. Ing kalane legek-legek iku mau Ambarini ngrasa kaya ana swara tanpa rupa kang ngajab supaya Ambarini ngresiki lan ngrumat wewangunan tuwa kang ana ing sacedhake wc umum sing dheweke jaga saben dinane.

Kanthi rasa isih gojag-gajeg bisa mlaku utawa ora, Ambarini banjur nyoba ngadeg saka lincake. Anehe senajan anggone mlaku kanthi sajangkah mbaka sajangkah lan alon banget, sikile Ambarini kena digunakake kanggo mlaku maneh. Ngalami kahanan sing kaya mangkene ndadekake Ambarini seneng banget. Tanpa mikir dawa maneh, Ambarini banjur ngresiki papan sing dikarepake sumbering swara kang tanpa rupa iku mau.

Amarga sikile durung lanyah digunakake kanggo mlaku papan sing diresiki isih platarane wae, suket lan lumut sing wektu iku akeh tuwuh ing plataran dibubuti lan disusruki nganggo arit. Ing dina liya nalika sikile wis lanyah lan wis pulih kaya wingi uni. Sing diresiki dening Ambarini ganti perangan njero wewangunan. Rikala ngeresiki perangan njero iku mau Ambarini nganti meh mutah merga ganda kang metu saka njero bangunan pesing banget.

“Wektu kapisan dakresiki kuwi gandane ora enak banget. Ganda sing ora enak kuwi merga papan iki saliyane digunakake kanggo pipis uga, nyuwun sewu digunakake kanggo bebucal dening wong-wong sing ora bertanggungjawab. Gandhenge aku entuk dhawuh kaya mangkono rasa kepengin mutah sabisa-bisane dakempet. Kabeh rereged sing ana njero wewangunan kuwi dakguyang nganggo banyu sing dakangsu nganggo timba,” tambahe Ambarini.

Suwening suwe ganda ora enak iku mau kasil diilangi sairing ilange rereged sing sadurunge ana ing njero wewangunan. Wektu wewangunan iku wis resik Ambarini isih durung ngerti kuwi wewangunan apa lan digawe dening sapa. Kahanan kuwi nuwuhake pitakonan ing njero atine Ambarini. Lan sauntara dina candhake pitakonan sing kaya mangkono kuwi entuk wangsulan.

Ing sawijining dina, Ambarini kang mentas ngresiki wewangunan kuwi nampa tamu sing ngaku saka Pura Mangkunegaran. Ambarini banjur ngajak lungguh tamune ing papan sing manggon ora adoh saka wewangunan tuwa kasebut.

“Rikala dakajak lungguhan tamuku mau ngomong yen dheweke ngimpi. Ing impen dheweke rumangsa dikandhani yen ana peninggalan tinggalane Mangkunegara I kang manggon ing sisih Kidul saiki wis dirumat dening ibu-ibu. Sawise nampa impen kaya ngono pawongan kuwi langsung mbukaki cathethan-cathethan kang njelasake wewangunan apa sing dimaksud. Sawise kecandhak wekasane pawongan iku mrene nemoni aku. Lan jarene tamuku kuwi mau wewangunan sing dakjaga iki jenenge Candhi Mas Pasiraman. Dijenengake kaya ngono merga ing jaman biyen wewangunan kasebut nate digunakake siram dening Pangeran Samber Nyawa,” jelase Ambarini.

Isih manut Ambarini, ing sapatemon dina kuwi Ambarini uga nampa oret-oretan ngenani sejarahe Candi Mas Pasiraman saka cathethan sing ditampa kuwi Ambarini ngerti yen Candi Mas Pasiraman sing saiki dheweke jaga kuwi kabangun ing taun 1828 M lan kabangun dening Eyang Joyo Sumanto lan Eyang Haryo Utomo.

“Pawongan loro iku mau nduweni tugas kang beda, Eyang Joyo Sumanto ditugaske kanggo ngumpulake watu. Dene Eyang Haryo Utomo ditugasake kanggo gawe ukiran lan relief ing candi,” tambahe Ambarini.

Ing jaman saiki yen ditilik kanthi wujude, Candhi Mas Pasiraman pancen isih katon pengkuh. Ning emane saluran banyu sing biyen digunakake kanggo ngebaki padusan kang manggon ing njero candhi wis rusak. Saengga ing jaman saiki candhi iki wis ora kena digunakake kanggo adus maneh. Senajan kaya mangkono ora ndadekake lunture kaendahane candhi sing nyimpen crita perjuangane Pangeran Samber Nyama nalika ngusir bangsa Walanda saka bumi Jawa. (P. Kusumo)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor