Ketigane Dawa Temenan...
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Banyumasan - Dibaca: 40 kali

Kaki Bawor lagi dopokan karo Kebayan Dikin nang teras ngarep umahe, karo nyawang kendharaan sing padha liwat nang gili ngarep umah. Jan bleduge mabul-mabul tekan ngendi ora. Sing padha liwat nang gili padha tutupan irung karo tangane dhewek-dhewek. Maklum senajan giline wis dipaving block, ninge wong agi ketiga dawa durung ana udan, dadine bleduge mabluk.

“Jan ketigane dawa temenan kiye, Ramane.”  Kandhane Kebayan Dikin, karo nyruput wedang kopine, gagehan nutupi gelas karo tutup gelas sing ana, mbokan wedange klebon bledug, njuran nerusaken gole ngomong, “Dulur-dulur sing nang dhaerah Kawunganten, Ban­tar­sari, Gandrungmangu, Sidareja nang Kabupaten Cilacap kana, wis rekasa golete banyu tawar sing bening.”

“Iya, kepeksane ngalahi padha tuku sing nggo masak karo adus. Aja maning nang dhaerah kuwe, wong sing nang kota Cilacap ndhing winginane be wis bingung golet banyu tawar, koh,” ujare Kaki Bawor ngresula.     

“Lhah, mbokan biasane ora taune bingung. Anu nangapa si kuwe?” takone Kebayan Dikin, nyereg kepengin ngerti.

“Ya, jarene Panjul anake inyong, adhine Tebok sing manggon nang Cilacap kana. Ndhing winginane banyu sekang PDAM dadi asin,” kandhane Kaki Bawor, kambi nyomot mendhoan langsung dipangan ora keri karo nyigit lombok cengise, nembe nerusaken gole ngomong, “Banyu PDAM – Cilacap kuwe asale toli sekang banyu Kali Serayu sing diolah. Lha, gandheng wis suwe ora ana udan, dadine langka kiriman banyu sekang ndhuwur, Kali Serayune dadi kurang banyune, mangkane saikine segarane agi mangsan rob, dadi luwih akeh banyu laut sing mlebu nang Instalasi Pengolahan Air (IPA), mulane banyune dadi asin.”

“Lhah, dadi ndhing wingi padha ora teyeng adus? Kepriwe kuwe?” takone Kebayan Dikin.

“Iya, aduse kepeksa nunut, maring sing padha duwe sumur,” saurane Kaki Bawor, njuran nerusakaken gole ngomong, kayong agi nguna. “Angger ana ketiga dawa kaya kiye, inyong njuran kelingan jamane egin cilik gemiyen.”

“Kelingan apa, Ramane?” takone Kebayan kepengin nggenah­aken.

“Gemiyen, nek ana ketiga dawa kaya kiye, warga nang desa-de­sa wilayah Kabupaten Cilacap sisih wetan, ya kuwe nang Keca­matan Kroya, Adipala, Binangun, karo nang Nusawungu padha gi­li­ran nganakaken pementasan Seni Cowong, jarene nggo ngundang udan,” saurane Kaki Bawor nggenahaken.

“O, iya. Inyong tau krungu kuwe. Mbokan Cowong kuwe digawe sekang bathok siwur, Ramane?” takone Kebayan Dikin kepengin ngerti.

“Iya. bener. Siwur sing didandani kaya putri ayu, rambute sekang janur ngrembyak, njuran nek garep diangkat dijogedaken, ditabuhi, ditembangi,” saurane Kaki Bawor nggenahaken, njuran nembang, senajan suwarane mandan blero, jaragan anu wis tuwa, ninge cakepane egin genah. “Kembang Putat, umah cilik saka papat. Mayuh menyat tek tampani tangan papat, kaya kuwe.”  Klilan…

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik