Ngguyu Nganti Kepuyuh
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 108 kali

Ngguyu Nganti Kepuyuh

 

Adhiku ipe wadon umur se­ketan taun. Wonge seneng crita. Yen wis crita ngethuprus, guyune nyekakak nalika nyritakake ke­da­deyan lucu, apamaneh sing ngandhut per­kara rada por­no. Yen wis ngo­no kadhang nganti ora kra­sa, nuwun se­wu,  kepuyuh ngenggon alias ngompol.

Ing penge­tan Pitulasan Agustus 2016, RW-ne adhiku ipe ngadani pentas seni. Maneka kesenian digelar dening warga RW. Minangka gong-e ditampilake dhagelan. Ngundang trio pelawak saka tangga desa kang ing panggung kawentar kanthi sebutan Kancil, Kimpul, lan Thiwul. Pancen trio pelawak mau durung kawentar, isih amatir.Ewasemono babagan “mengocok perut” ora kalah karo pelawak sing wis profesional.

Penampilane trio lawak kasebut pranyata ora nguciwani. Swara gar-ger guyune penonton sambung- sinambung ora ana pedhote. Penonton kasil digawe ngguyu kepingkel- pingkel dening trio pelawak lokal kasebut.Watara jam sewelas pentas seni dipungkasi. Adhiku ipe sowang- sowangan bali bareng karo Bu Muji tangga sebelahe.

“Lho keneng apa Dhik clanamu iku? Kewutahan wedang ya?” takone Bu Muji nalika weruh celanane adhiku ipe teles ing perangan ngisor bokong.

     “Ya ampun, aku pipis ngenggon, Mbak. Ora krasa nalika ngguyu kepingkel-pingkel mau!” ngono wangsulane adhiku ipe. Jebul pancen teles rada nemen.

     Dina esuke nalika ibu- ibu padha blanja menyang warunge Mbok Dul, rame padha crita ngethuprus ngenani pentas seni mau bengine. Akeh sing kesengsem marang penampilane trio pelawak Kancil, Thiwul, lan Kimpul.

“Semprul tenan kok wong telu kae. Lehku ngguyu kepingkel- pingkel nganti clana njeroku teles, mbrabas metu tekan rok. Mula aku banjur mlayu mulih,” Bu Arjo “bukak kertu” marang ibu- ibu sing barengan blanja ing warunge Mbok Dul.

     “Lho, nek ngono padha karo Dhik Jum, kidul omahku. Mau bengi dheweke uga ora krasa pipis ngenggon merga ngguyu kepingkel- pingkel. Aku sing ngonangi clanane teles kebes ing perangan ngisor bokong,” kandhane Bu Muji karo ngguyu nyekakak.

Ngono anggone adhiku ipe nyritakake lelakone marang sisihanku. Aku sing nguping saka  ruwang njero mung mesam- mesem. 

FX. Subroto - Nogotirto, Gamping, Sleman.



Kurang Suba Sita

 

Tembung suba sita kuwi padha wae karo sopan santun. Jaman biyen bab sopan santun iku pancen dipraktekake tenan dening wong Jawa. Cak-cakake, bocah enom kudu  ngajeni marang wong sing luwih tuwa. Ing sekolahan, piwulang budi pekerti minangka dhasar-dhasare sopan santun mau jan diperdi temenan.

Yen saiki sing aran sopan santun, budi pekerti, suba sita lan sabangsane kaya-kaya wis disingkur dening generasi mudha. Sangsaya canggihe teknologi pranyata ora dibarengi klawan cak-cakane suba sita.

Wektu kuwi aku lagi nongkrong  ing pos satpam perumahan ing wewengkon Plumbon. Satpamae kebeneran kancaku, nanging wonge pinuju metu. Kedadak ana nom-noman nunggang Honda Beat menggok pos satpam sing takenggo nongkrong iki.

“Pak, kula kesasar. Ajeng takon dalan arah Solo pundi, Pak?” ujare nom-noman iku tanpa mudhun saka sadhel lan mateni mesin.

“Njenengan klentu, Dhik. Njenengan puter balik mawon, mangke dumugi prapatan panjenengan menggok ngiwa. Nah, mangke pinanggih margi dhateng arah Solo,” wangsulanku sopan.

“Oooh hiya, Pak. Hiya. Nuwun ya, Pak!” bengoke bocah iku karo nyendhal gas.

Aku ngelus dhadha. Kene mangsuli nganggo basa krama alus lha kok dheweke sing luwih enom malah ngoko. Dhasar bocah saiki.

Gunarso Wiyono-Banguntapan, Bantul

 

 

Sarung

 

Gunane sarung werna-werna, gumantung sapa sing nganggo. Sembahyang menyang mushola utawa mesjid umume sarungan. Semono uga yen diundang kenduren. Sarung mono luwes panggunane. Yen dhong wanci adhem uga kena kanggo kemul. Kanggo kluyuran uga pantes kalung sarung.

Yen ana kegiyatan pramuka ing sekolahane, anakku mesthi nggawa sarung. Uga ora lali mbontrot sega salawuhe. Yen arep  kemah, sarung minangka gawan wajib. Saking ora bisa uwale karo sarung, anakku tau kleru ngiseni tase. Nalika kuwi ngepasi diwulang dening guru sing digething kancane sakelas merga priyayine kereng. Anakku  ndredheg bareng sadhar yen isine tase dudu buku, nanging sarung. Mangka yen ora ngetokake buku, ngalamat bakal disetrap. Ning dhasare bocah, ana wae akale.

Kanthi alasan idin arep bebuwang menyang toilet, anakku mlayu menyang toko saperlu tuku buku tulis.  Kanca-kancane padha ngampet guyu merga ora wani cemuit. Sing diguyu kanca-kancane mau, budhal sekolah kok mung nggawa sarung. Kuwi sekolah apa arep rondha.  Dhasar sarungmania. Apa tumon?

 

Budiono SPd-Tulungagung

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik