Udan Durung Menda
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 174 kali

Ing njaba udan isih ajeg tumiba. Kartosani lungguh ijen neng teras. Angen- angene tumlawung adoh, nggagas anake sing mung loro selo. Yen wis ngono, wong lanang umur sewidak pitu taun iku dadi nggrantes atine. Ora krasa eluhe ndlewer ing pipi.

“Ing atase anak mung loro wae kok seprana-seprene ora akur,” grenenge kang mung kandheg ing njero atine.

“Nyoh, Pak. Wedange diunjuk sik, mumpung isih manget-manget,” ujare Kamsiyah, bojone Kartosani, karo ngladekake wedang, banjur lungguh neng jejere. “Menggalih anak ta, Pak? Mbok wis ra sah digagas nemen-nemen. Jer anak wis ­gedhe tuwa. Anggone awake dhewe nggulawenthah lak ya wis ora kurang-kurang.”

“He-em,” mung iku tembung kang kawetu saka lambene Kartosani.

Ditinggal ubeg neng pawon, angen-angene Kartosani nglambrang maneh. Ngalela cetha ing sirahe, gegambaran anake sakeloron. Sing gedhe diwenehi tetenger Sadiko. Dene sing ragil Sen-tanu. “Padha-padha anak kandhunge Kartosani lan Kamsiyah, geneya sipate kok  kaya bumi karo langit. Wiwit bocah nganti gedhe tuwa kok ya ora owah,” panjerite jroning batin.

Sing beda ora mung sipate, nanging uga rupa lan pawakane. Pancen nek nggon rupa, Sadiko ora pati pakra, dedeg piyadege kurang sembada. Sok ngonowa Sadiko grapyak karo sapa wae. Pinter srawung, sabar, ora mentingke awake dhewe. Ora aneh menawa Sadiko akeh kancane. Disuyudi wong akeh.

Sentanu awake gedhe dhuwur. Rupane bagus, senajan ora bagus nemen-nemen. Mung wae menawa tekan nggon watak, wong-wong sing padha tepung Sentanu bisane mung gedheg-gedheg. Patrape kumalung-kung, ing perkara apa wae mesthi golek bener lan menange dhewe. Wis ngono yen ngucap atos tur sengak. Luwih-luwih marang uwong sing ora dicocogi.

Ana sing kandha Sentanu mono se-neng dana driyah. Nanging anggone dana weweh ora marang kabeh uwong, kejaba mligi marang sing dico-cogi wae. Minangka bocah sing tahu diri, jaman sekolah biyen Sadiko trima ngalah. Sarampunge SMA ora nerus-ake kuliyah. Trima dadi wong tani, nggarap sawah warisane simbahe.

“Ben Sentanu wae sing kuliyah, Pak. Aku pana, Bapak mesthi megap- megap menawa kudu ngragadi kuliyahe bocah loro,” kandhane Sadiko nalika semana.

Dheweke legawa menehake kalodhangan kuliyah marang adhine. Sentanu kasil lulus sarjana ekonomi. Bola-bali nglamar gaweyan nanging ora ketampa. Wusanane ambyur dadi makelar mobil bekas. Usahane mlaku lancar nganti bisa gawe showroom kanggo nggelar dagangane.

Mrangguli kahanan mau, Jayeng-ranu, Pakdhene Sadiko, ora narimak-ake. Nanging ya mung kandheg tekan jroning batin. Arep protes marang Kartosani ora tekan. Jer Jayengranu mono emoh yen diarani nyaru wuwus, nyampuri urusane liyan.

“Aku pengin ponakanku siji kuwi darbe nilai plus. Satemah ora dise-pelekake dening adhine banget-banget. Aku pengin menehi sesuatu. Nanging apa dheweke gelem? Ah, menang cacak kalah cacak dakco-bane,” panglocitane Jayengranu.

Uwong sakabupaten sasat kabeh ngerti sapa………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik