Kidung Perenging Dieng (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 133 kali

“Aja was sumelang. Ora perlu gantalan wektu pendherekmu bakal nglumpuk ing lataring pendhapa pesanggrahan.”

“Bagus. Yen ngono ayo ngayahi karya, aja leda-lede!”

Rojeng Pati nuthuk kenthongan kanggo ngundang wargane. Wong-wong banjur gumrudug nglumpuk aneng pelataran pendhapa. Rojeng Pati mrenata kanca rowange jalaran wong-wong mau durung padha pana mungguh gatine klumpukan. Rojeng Pati banjur sesorah sing wose grombolan Gagak Ireng kudu samapta, awit bakal dilurug prajurit saka Kedhu.

Trewaca prentahe Rojeng Pati, warga bramacorah nuli tata-tata nyamaptakake gegamane. Tumbak, pedhang, klewang sarta gegaman liyane disiyagakake. Grombolan dipantha manut ayahane sowang-sowang. Nalika wadya grombolan Gagak Ireng wus siyaga, Rojeng Garung banjur niti priksa siyap siyagane rowange. Sawise ora nguwicani, bala brandhal iku banjur dibudhalake nyegat prajurit Kedhu ing perenging Dieng.

Sawatara wektu anggone ngenteni, saka kadohan katon dhampyak-dhampyak lakune wadya bala saka Pakuwon Kedhu kang dipandhegani Manggalayuda Dorandana. Kumerap lakune tumuju laladan Dieng iring kidul, susuhe grombolan Gagak Ireng. Campuhing prang ora bisa disingkiri. Pangluruge wadya Kedhu coba dibendung dening Rojeng Garung sakanca. Prajurit Kedhu nerjang grombolan Gagak Ireng. Grombolan Gagak Ireng wis metung sakehing kahanan, mula panrajange prajurit Kedhu diadhepi kanthi sikep bedhama.

Gada ginada, pedhang pinedhang, tendhang tinendhang. Kumenclange gegaman gathik wor suh klawan jerit sesambat, binarung aba-aba saka pangarepe klompok sowang-sowang. Rehne kalah nguwasani medhan pabaratan, prajurit Kedhu suwening suwe kedheseg mundur. Dorandana kang mulat kesesering barisan bedhama, sigra mrentahake prajurit panah ngudani mungsuh. Cumlorote panah ewon nibani bala brandhal. Kabeh kocar-kacir padha golek aling-alingan. Akeh warga grombolan kang nandhang tatu.

Raden Raja Suwala kang dadi senapati pengamping ngoyak  grombolan Gagak Ireng kang sesingidan. Pangoyake Raja Suwala diadhang Rojeng Pati. Lelorone nuli jandhon. Ora kasamaran maneh Raden Raja Suwala nyumurupi Rojeng Pati awit kekarone wus nate andon. Rojeng Pati entuk lawan sababag.

“Rojeng Pati, tumungkula wae sadurunge susuhmu dakobrak-abrik! Manuta dakbanda, daksowanake ana ngarsane sang akuwu Bras­mara. Tontonen kae wong-wongmu wis kocar-kacir!” wuwuse Raja Suwala.

“Aja lanyo-lanyo pangucapmu, Raja Suwala. Rojeng Pati dudu pawongan sing jirih nggetih. Nadyan rowangku keseser, nanging ora watake Rojeng Pati nungkul marang Kedhu.”

“Yen ngono ora kena dakeling­ake sarana aris. Kepeksa kowe kudu dakcekel urip utawa mati, Rojeng Pati!”

Raja Suwala ngrabasa Rojeng Pati nggunakake pedhang pusaka piyandele. Nanging………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik